Wikisumber
jvwikisource
https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa
MediaWiki 1.45.0-wmf.6
first-letter
Médhia
Mirunggan
Parembugan
Naraguna
Parembugan Naraguna
Wikisumber
Parembugan Wikisumber
Barkas
Parembugan Barkas
MédhiaWiki
Parembugan MédhiaWiki
Cithakan
Parembugan Cithakan
Pitulung
Parembugan Pitulung
Kategori
Parembugan Kategori
Panganggit
Parembugan Panganggit
Kaca
Parembugan Kaca
Indhèks
Parembugan Indhèks
TimedText
TimedText talk
Modhul
Parembugan Modhul
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/26
250
19721
66941
2025-06-21T15:22:19Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66941
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||24}}</noinclude>Tjermé. Tanah pagoenoengan maoe dadi timbangané
tanah ngaré kang kaseboet ing doewoer; doenoengé
ana ing sisih kidoel.
Tjoba ing ngisor iki sinaoenen, nganggo ndelenga kar.
Negara lan panggonan nenem: Bandoeng, Soekaboemi, Tjiandjoer, Garoet, Tasikmalaja, Tjimahi. Ikoe
maoe kabèh hawané adem kepénak.
Goenoeng loro: Malabar lan Goentoer.
(Kaliné sing gedé loro, kowé wis pada weroeh
djenengé. Apa djenengé? Karo manèh kowé wis
weroeh: goenoeng Karang, Gedé, Tangkoeban Praoe.)
Ing paresidenan Banten sisih kidoel sarta ing
Prijangan sisih kidoel wongé moeng setitik. Ing alas-alas sarta ing alang-alangan, kono isih ana bantèngé;
matjan lan warak ija ana.
Tanah Prijangan ikoe kang ana ing saantarané
goenoeng-goenoeng pada mengger; senadjan rata, ija
ora aran tanah ngaré. Sing amba déwé: tanah Bandoeng. Kedjaba ikoe: tanah Tjiandjoer, Soekaboemi,
Garoet. Sanadjan doedoe tanah ngaré, éwa déné kebak
sawah. Sawah maoe salebaré panèn, digawé tegal;
oetawa diilèni banjoe, dianggo ngingoe iwak. Jèn
digawé tegal, ditandoeri palawidja. Déné iwak, sing
diingoe ana ing sawah maoe, sing akèh iwak wader
bang oetawa iwak mas.
Ing tanah Prijangan, negarané sing gedé déwé
ing Bandoeng. Wongé ing kono tansah moenḍak-moendak baé kèhé. mBok menawa lawasing lawas
gedéné bisa ngoengkoeli Betawi.
A. 1. Negara Betawi karo Bandoeng ikoe gedé<noinclude></noinclude>
18zwb00rtgx2bx3tjdzp5a2j8j9wnd3
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/27
250
19722
66942
2025-06-21T15:23:23Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66942
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||25}}</noinclude>endi? 2. Ngaranana negara lima engkas ing Prijangan.
3. Palemahan sing moeng sețițik wongé ing ngendi?
4. Ing tanah Prijangan sing mengger ikoe akèh
tandoerané apa? 5. Lijané ing kono, ing tanah Djawa,
ing ngendi sing akèh tandoerané pari? 6. Ngaranana
goenoeng 4 ing Prijangan. La ing Banten goenoeng
endi sing koweroehi? La ing Tjirebon? 7. Ngaranana
kali loro ing Prijangan. 8. Tjiritakna lakoené wong
noenggang sepoer saka ing Betawi menjang Bandoeng,
metoe ing Tjikampèk; baliné metoe ing Bogor.
9. Saiki saka Soekaboemi menjang Tjirebon. 10. Tanah
Djawa-Koelon ikoe sing sisih lor, karo sing sisih
kidoel, gèsèhé keprijé? 11. Jèn lebar panèn, iwak sing
diingoe ana ing sawah ikoe iwak apa? 12. Tjoba
ngaranana djenengé palawidja. 13. Njeboetna negara
oetawa paggonan sawetara sing hawané adem.
B. 1. Goenoeng saeloré Soekaboemi, djenengé goenoeng apa? 2. Goenoeng Malabar ikoe ana ing sa....é
Bandoeng. 3. Goenoeng sing katon saka ing Garoet
goenoeng
4. Bandoeng ikoe ana ing sa...
goenoeng
5. Soekaboemi ikoe ana ing sa....é
Betawi. 6. Tjirebon ikoe sa.... é Bandoeng. 7. Sérang
ikoe sa....é Tasikmalaja. 8. Généja wong-wong kok
seneng manggon ana ing Bandoeng karo ana ing
Betawi? 9. Tanah Djawa-Koelon ikoe sing sisih elor
karo sing sisih kidoel amba endi?<noinclude></noinclude>
mp8hmp4b3i0z1pa0tiv44quju9c41jx
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/28
250
19723
66943
2025-06-21T15:30:01Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66943
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||26}}</noinclude>{{c|<big>'''11. Tandoeran tèh lan kina.'''</big>}}
Pèrèngé goenoeng Tangkoeban Praoe, Goentoer,
Malabar sarta goenoeng lija-lijané, akèh alasé sing
dibabadi, bandjoer digawé kebon tèh oetawa kebon
kina. Wit tèh sarta wit kina ikoe, jèn ana ing tanah
ngaré ora bisa apik.
{{kurang gambar}}
{{c|Teh.}}
Wit tèh ikoe doewoer-doewoeré moeng sadada
oetawa sagoeloe. Ing tanah Prijangan wongé akèh
sing pada nandoer tèh; godong tèh ikoe diedol menjang
pabrik tèh. Sing doewé pabrik maoe Landa oetawa
Tjina. Godong tèh ikoe, ana ing pabrik, diolah nganggo
piranti roepa-roepa. Jèn wis dadi bandjoer diedol me<noinclude></noinclude>
8zndmx5iel5762ox5nuxff6xyc6h3m6
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/29
250
19724
66944
2025-06-21T15:35:50Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66944
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||27}}</noinclude>njang negara sing adoh-adoh. Sing diedol ana ing
tanah Indija kéné moeng setitik.
Wit kina ikoe bisa nganti 15 mèter doewoeré. Sing
diepèk babakané oetawa koelité, digawé kenini roepa
tablet. Penggawéné ana ing pabrik ing Bandoeng.
Jen ing tanah Djawa, pabrik kenini ija moeng
sidji ikoe.
Kenini ikoe diedol menjang endi-endi ing saloemahing boemi iki kabèh. Preloené, jèn dianggo tamba
lara malaria, moestadjab banget.
A. 1. Tandoeran tèh ikoe, sing diepèk paédahé
sing temenan apané. La kina, apané? 2. Ing tanah
Djawa ana pabrik kenini pira? Endi enggoné?
3. Pabrik tèh ikoe sapa sing doewé? 4. Kedjaba
pabrik sapa manèh sing nandoer tèh. 5. Tèh lan
kenini ikoe jèn wis metoe saka ing pabrik, menjang
endi parané?
B. 1. Tandoeran tèh karo kina ikoe maédahi endi?
2. Teh karo kina ikoe sing kanggo ana ing tanah
Djawa moeng sețițik; sing akèh diedol medjang tanah
sabrang. La beras keprijé? 3. Tèh sarta kina ikoe
akèh sing digawa menjang negara ing pesisir. Ikoe
negara endi? 4. Kowé apa wis taoe ngoental tablèt
kenini? 5. Apa ta preloené kațik nganggo dibesta
goela barang?<noinclude></noinclude>
8sfhwuwlz5thgpkajvg9edtri8luh5n
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/30
250
19725
66945
2025-06-21T15:39:14Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66945
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||28}}</noinclude>{{c|<big>'''12. Leloengan.'''</big>}}
Ing tanah Djawa ikoe lakoené sepoer saben dina
ora lèrèn-lèrèn, pating sliri baé. Ikoe pada amot
oewong sing pada leloengan. Trèm ija mengkono oega,
nanging lakoené ora pati rikat. Sepoer senèl ikoe
{{kurang gambar}}
{{c|Dalan sepoer.}}
sadjam bisa olèh 75 KM. (watara 50 pal); terkadang
loewih. Jèn trèm moeng 20 KM. Ana sepoer sing saka.
ing Bandoeng menjang Soerabaja bisa tekan sedina.
Sepoer sing mengkono ikoe ana krétané enggon adol
sega lan inoeman; djenengé kréta restoerasi.
Penggawéné dalan sepoer ana ing tanah pagoe<noinclude></noinclude>
8t0tnbl644jibhvl6ucsimbvr30l051
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/31
250
19726
66946
2025-06-21T16:08:17Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66946
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||29}}</noinclude>noengan, kajata ing Prijangan, ikoe angèl bangèt.
Jen nradjang watoe gedé-gedé, watoe maoe dipetjah,
bandjoer disingkiraké. Jèn nradjang djoerang oetawa
kali sing djero, digawèkaké kreteg sing sentosa banget.
Jèn ana panggonan sing pekéwoeh bangèt, ora kena
ditradjang, dalané digawé ménggak-ménggok. Moelané
sepoer ikoe, jèn ana ing tanah pegoenoengan, lakoené
{{kurang gambar}}
{{c|Trowongan.}}
ora bisa rikat kaja jèn ana ing tanah ngaré. Terkadang-kadang dalan sepoer ikoe ora mlipir toeroet goenoeng;
goenoengé ditrowong oetawa diboetoel wani baé. Dadi
dalan sepoer ndloesoep ana ing sadjroning goenoeng.
Dloesoepan ikoe djenengé trowongan (tunnel). Trowongan
ikoe ana sing dohé nganti mèh sapal. Ing trowongan
ikoe peteng banget.
Penggawéné dalan sepoer ing tanah pagoenoengan<noinclude></noinclude>
s25mio3dy1uo5wy74pckab4twb4i4sq
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/32
250
19727
66947
2025-06-21T16:09:16Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66947
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||30}}</noinclude>ikoe akèh banget wragadé. Moelané jèn negara oetawa
panggonan sing tjilik-tjilik baé, ora diwetoni sepoer;
moeng trima motor gedé baé; djenengé otobis (autobus).
Motor mengkono ikoe ora bisa mot oewong akèh kaja
sepoer.
Sepoer sarta trèm ikoe prasasat njèloeng doewité
wong-wong sing pada leloengan; bisa olèh akèh. Apa
manèh olèhé ngemot barang, olèh-olehané ngoengkoeli
ikoe maoe. Sepoer sing amot barang-barang ikoe ora
ngemot oewong.
A. 1. Jèn gawé dalan sepoer ana ing tanah pagoenoengan, kok angèl ikoe, apa sing marakaké? 2. Apa,
barang sing diemot ing sepoer saka ing tanah Prijangan? 3. Saka Soerabaja menjang Bandoeng ikoe,
jèn njepoer, pirang djam? 4. Sepoer ikoe olèhé doewit
saka wong sing pada leloengan, karo saka enggoné
amot barang, akèh endi? 5. Terangna sing aran kréta
restoerasi. 6. La sepoer barang ikoe apa? 7. Otobis
(autobus) ikoe kanggoné ana ing ngendi?
B. 1. Saka Bandoeng tekan ing Tasikmalaja ikoe,
kira-kira pada dohé karo saka Betawi menjang Tjikampèk. Ewadéné jèn noenggang sepoer, soewé saka
Bandoeng menjang Tasikmalaja. Ikoe apa sababé?
2. Sepoer jèn ngarepaké mleboe menjang trowongan,
tjenḍélané bandjoer pada diinebi. Ikoe apa preloené?
3. Ana sepoer mleboe ing trowongan. Ana ing tro-
wongan soewéné 1 menoet. Lakoené sepoer maoe
sadjam olèh 30 KM. Dadi pira dawané trowongan
maoe? 4. Dalan sepoer sing saka Betawi menjang
Tjirebon, généja kok ora ana trowongané?<noinclude></noinclude>
5oz34taa7azfx1yavlm0judi35u54an
66948
66947
2025-06-21T16:09:33Z
Empat Tilda
628
66948
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||30}}</noinclude>ikoe akèh banget wragadé. Moelané jèn negara oetawa
panggonan sing tjilik-tjilik baé, ora diwetoni sepoer;
moeng trima motor gedé baé; djenengé otobis (autobus).
Motor mengkono ikoe ora bisa mot oewong akèh kaja
sepoer.
Sepoer sarta trèm ikoe prasasat njèloeng doewité
wong-wong sing pada leloengan; bisa olèh akèh. Apa
manèh olèhé ngemot barang, olèh-olehané ngoengkoeli
ikoe maoe. Sepoer sing amot barang-barang ikoe ora
ngemot oewong.
A. 1. Jèn gawé dalan sepoer ana ing tanah pagoenoengan, kok angèl ikoe, apa sing marakaké? 2. Apa,
barang sing diemot ing sepoer saka ing tanah Prijangan? 3. Saka Soerabaja menjang Bandoeng ikoe,
jèn njepoer, pirang djam? 4. Sepoer ikoe olèhé doewit
saka wong sing pada leloengan, karo saka enggoné
amot barang, akèh endi? 5. Terangna sing aran kréta
restoerasi. 6. La sepoer barang ikoe apa? 7. Otobis
(autobus) ikoe kanggoné ana ing ngendi?
B. 1. Saka Bandoeng tekan ing Tasikmalaja ikoe,
kira-kira pada dohé karo saka Betawi menjang Tjikampèk. Ewadéné jèn noenggang sepoer, soewé saka
Bandoeng menjang Tasikmalaja. Ikoe apa sababé?
2. Sepoer jèn ngarepaké mleboe menjang trowongan,
tjenḍélané bandjoer pada diinebi. Ikoe apa preloené?
3. Ana sepoer mleboe ing trowongan. Ana ing trowongan soewéné 1 menoet. Lakoené sepoer maoe
sadjam olèh 30 KM. Dadi pira dawané trowongan
maoe? 4. Dalan sepoer sing saka Betawi menjang
Tjirebon, généja kok ora ana trowongané?<noinclude></noinclude>
k1un57kz8laiyrxw7e31oz1h7m44ksw
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/33
250
19728
66949
2025-06-21T16:13:47Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66949
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||31}}</noinclude>{{c|<big>'''13. Goenoeng kang metoe geniné.'''</big>}}
Goenoeng sing metoe geniné ikoe sok ngetokaké
lahar oetawa welahar oetawa pladoe; roepané lahar
kaja endoet, nanging loewih déning panas. Pantjèn
lahar ikoe lemah oetawa weḍi oetawa watoe sing
{{kurang gambar}}
{{c|Goenoeng kang metoe geniné.}}
loeloeh, marga saka panassé, bandjoer ndlèdèk. Terkaḍang lahar ikoe koemepjoer amawoer-mawoer, lemboet banget kaja déné awoe.
Goenoeng sing metoe geniné ikoe kerep metoe koekoesé nglandeng, kaja keloeking pawon.
Jèn goenoeng kang mengkono ikoe ndjeblos, geniné<noinclude></noinclude>
eqv95b0ewre1g542ybco3wvx0p3wldw
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/34
250
19729
66950
2025-06-21T16:14:44Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66950
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||32}}</noinclude>njemboer-njemboer, laharé bandjoer ndlèdèk akèh
banget. Apa-apa sing ketradjang roesak ora dadi
koekoepan. Oewong sarta kéwan ija sok akèh sing
nemoe tiwas.
Ing tanah Djawa kéné pantjèné akèh goenoeng sing
metoe geniné, nanging saiki wis akèh sing sirep. Sing
isih metoe geniné ija ana, kajata: goenoeng Semèroe
lan goenoeng Tangkoeban Praoe.
Goenoeng sing metoe geniné ikoe, ing doewoer, ana
lompongané ndjlegodah. Djenengé kawah. Kawah ikoe
djeroné, sing loemrah rong atoes, teloeng atoes méter.
Tjlangapé ing doewoer koebengé nganti sok lakon
djam-djaman. Kawah ikoe sok didjoepoeki walirangé.
Jen goenoeng maoe ora mbeneri metoe geniné, ḍasaring
kawah ija kena diambah ing wong.
Pèrènging goenoeng kang metoe geniné ikoe prasasat
awoe tok-tok baé. Awoe maoe jèn wis lawas, marakaké
loh menjang lemah. Kang ikoe, moelané pèrènging
goenoeng kang mengkono ikoe, pada-pada palemahan
ing tanah Djawa, eloh déwé.
A. 1. Genahna, apa sing aran goenoeng sing metoe
geniné? 2. Kawah ikoe apa? 3. Awoe sing maboel-maboel metoe saka ing goenoeng kang metoe geniné
ikoe, satemené apa? 4. Jèn ana goenoeng ndjeblos,
kerep marakaké bilai gedé. Apa sing marakaké bilai
maoe? 5. Pandjeblosing goenoeng ikoe ija ana apiké
sawatara. Apa apiké? 6. Goenoeng kang metoe geniné
ikoe ana sing isih .. ana sing wis.... 7. Kawah
ikoe sok didjoepoeki apané? 8. Njeboetna goenoeng
loro sing isih metoe geniné. 9. Goenoeng sing maoené<noinclude></noinclude>
agunkrs2ijhyvinxkowpzo8oabe57x5
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/35
250
19730
66951
2025-06-21T16:31:08Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66951
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||33}}</noinclude>metoe geniné, nanging saiki wis . . . ., kawahé kena
diambah, ora ana moetawatiré.
B. 1. Généja jèn manggon oetawa omah-omah ana
ing pèrènging goenoeng sing metoe geniné ikoe kok
akèh moetawatiré? 2. Généja kok meksa ana wong
sing manggon ana ing pèrèng maoe? 3. Ing tanah
pegoenoengan ikoe sawahé sok ana watoené geḍé-gedé
pating djenggeleg. Ikoe saka ngendi pinangkané?
{{c|<big>'''14. Palemahan sing akèh tandoerané teboe.'''</big>}}
Tanah Djawa ing sawétané Tjirebon ikoe rada
tjijoet. Saiki sing arep dakremboeg disik, tanahé sing
sisih lor. Tanah maoe enḍèk. Doenoengé ana ing
saantarané Tjirebon karo Semarang. Ing tanah kono
akèh tandoerané teboe. Tandoerané pari lan palawidja
ija akèh.
Iki éling-élingen:
Djenengé negara teloe: Tegal, Pekalongan, Semarang.
Goenoeng teloe: goenoeng Slamet, Praoe, Oengaran.
A. 1. Pametoené tanah-tanah ing saantarané Semarang karo Tjirebon ikoe sing akèh déwé apa?
2. Kedjaba ikoe apa manèh pametoené? 3. Endi
manèh ing tanah Djawa sing akèh pametoené pari?
4. Saantarané Semarang karo Tjirebon ikoe ana koeta
endi? 5. La goenoengé, goenoeng endi? 6. Tanah sing
akèh tandoerané teboe ikoe maoe, watesé sing elor apa?
7. Negara Tegal ikoe ana ing paresiḍènan ngendi?<noinclude>{{rh|V. REIJEN karo V. DIJCK, Ngèlmoe Boemi.||3}}</noinclude>
d4ic0weqmrfpdymi55462c2qyk2htri
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/36
250
19731
66952
2025-06-21T16:32:18Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66952
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||34}}</noinclude>{{c|Tandoeran teboe.}}
8. Keprijé jèn wong arep leloengan saka Betawi
menjang Semarang? 9. Aranana djenengé goenoeng<noinclude></noinclude>
3iq2xbeuf8ap5424oyqauemw81lewjf