Wikisumber
jvwikisource
https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa
MediaWiki 1.45.0-wmf.6
first-letter
Médhia
Mirunggan
Parembugan
Naraguna
Parembugan Naraguna
Wikisumber
Parembugan Wikisumber
Barkas
Parembugan Barkas
MédhiaWiki
Parembugan MédhiaWiki
Cithakan
Parembugan Cithakan
Pitulung
Parembugan Pitulung
Kategori
Parembugan Kategori
Panganggit
Parembugan Panganggit
Kaca
Parembugan Kaca
Indhèks
Parembugan Indhèks
TimedText
TimedText talk
Modhul
Parembugan Modhul
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/37
250
19732
66953
2025-06-23T17:19:48Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66953
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||35}}</noinclude>goenoeng sing ana saantarané goenoeng Oengaran
karo goenoeng Karang. 10. Tanah ngaré ing sakoeloné Tjirebon ikoe, pametoené sing akèh apa?
B. 1. Praoe kapal sing saka Tjirebon, Tegal, Pekalongan, Semarang ikoe pada amot apa? 2. Saka
Tjirebon menjang Semarang ikoe pira dohé? 3. Karo
saka Betawi menjang Tjirebon adoh endi? 4. Ana
botjah leloengan noenggang sepoer saka Tegal menjang
Pekalongan. Jèn ngoengak ing tjenḍéla sing tengen,
bisa weroeh goenoeng saka kadohan; djenengé goenoeng Jèn ngoengak tjenḍéla sisihé, bokmenawa
sok bisa weroeh.... 5. Tanah sing akèh tandoerané
teboe ikoe, jèn toemrapé tanah ngaré sing oeroet
tanah Djawa sing sisih.... kabèh, doeroeng sepiraa kèhé.
{{c|<big>'''15. Tandoeran teboe.'''</big>}}
Teboe ikoe penandoeré ora disebar kaja pari. Sing
ditandoer oewité, diketoki wetara neloeng eros, ana
matané oetawa sotjané sawetara. Olèhé wiwit nandoer,
jèn mangsa ketiga. Penandoeré ana ing sawah. Sawah
maoe doewèké wong tjilik, diséwa marang toewan
pabrik. Sidji-sidjiné pabrik, tandoerané teboe nganti
1000 baoe loewih.
Teboe ikoe jèn oemoeré kira-kira setaoen, wis toewa,
kena dirembang. Poetjoekané lan godongé dioelapi.
Teboené ora dikatoeti lemah oetawa ojod; dibongkoki
sèket-sèket koerang loewih; bandjoer diemot lori oetawa
tjikar, digawa menjang pabrik. Pengoesoengé teboe<noinclude></noinclude>
6bah73v46ilp4cxsp8iq30sk2x5mde8
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/38
250
19733
66954
2025-06-23T17:20:45Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66954
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||36}}</noinclude>maoe moeng jèn awan baé, nanging dikèhi banget,
soepaja adja nganti koerang digiling rina wengi.
Wongé sing njamboet gawé ana ing pabrik ikoe ana
sing moeng jèn bengi baé, sarta ana sing moeng jèn
rina waé. Dadi rina wengi pabrik ikoe ora lèrèn-lèrèn.
Teloe patang sasi baé wis rampoeng kabèh penggilingé
teboe-teboe maoe.
Teboe ikoe ana ing pabrik, banjoené prasasat diepoeh.
Doedoehé digawé goela. Pirantiné ing pabrik ikoe akèh
banget. Wongé sing njamboet gawé ija akèh.
Goelané bandjoer diemot sepoer oetawa trèm, digawa
menjang Semarang, Pekalongan, Tegal, Tjirebon. Ana
ing kono dioenggahaké menjang praoe, digawa menjang
negara sing adoh-adoh. Sing kanggo ana ing tanah
Indija kéné ora sepiraa kèhé.
Sing manggeḍèni pabrik goela ikoe Landa. Ana
bebaoené Landa sawetara, kang noenggoni wong-wong
sing pada njamboet gawé sarta sing ndjaga lakoening
piranti-piranti ing pabrik. Kabèh pada manggon ana
ing koekoebané pabrik. Sanding pabrik maoe ana
pekampoengan sawatara; sing manggon ing kono wong
Djawa, sing pantjèn pada njamboet gawé ana ing
sadjroning pabrik kono.
A. 1. Bebaoe Landa ing pabrik ikoe penggawéjané
apa? 2. Loerahé, sapa? 3. Pabrik ikoe, olèhé njamboet
gawé rina wengi, jèn mbeneri apa? 4. Teboe ikoe,
olèhé tandja, jèn mangsa apa? 5. Tandoeran teboe.
ikoe kenané dirembang, jèn wis oemoer pirang sasi?
6. Pabrik ikoe jèn giling mangsa apa? 7. Teboe ikoe
sing digawa menjang pabrik apané: apa poetjoekané,<noinclude></noinclude>
m0q8mnebsvr242mtf6mhgfqmbgct2iw
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/39
250
19734
66955
2025-06-23T17:39:02Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66955
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||37}}</noinclude>apa wité, apa ojodé? 8. Pengoesoengé goela menjang
pesisir ikoe diemot apa? 9. Goela maoe apa ija
bandjoer ana ing tanah pesisir kono baé?
B. 1. Pari ikoe apané sing mèh ora ana adjiné
babar pisan? La jèn teboe apané? 2. Poetjoekané
teboe sing roepané idjo kaé, sarta godongé, sapa sing
dojan mangan? 3. Jèn lori dianggo momot barang,
apa bisa mlakoe déwé; bisané mlakoe keprijé? 4. La
tjikar, apa sing nggèrèd? 5. Wong Djawa ikoe, jèn
olah-olah oetawa ngombé wédang sapanoenggalané,
goelané, sing loemrah goela apa?
{{c|<big>'''16. Tanah Djawa sing tjijoet ing sisih kidoel.'''</big>}}
Sakidoelé tanah sing akèh tandoerané teboe ikoe
maoe, tanahé tanah pagoenoengan; déné sakidoelé
tanah pagoenoengan ikoe, tanah ngaré manèh.
Iki sinaoenen, ndelenga gambaré ing kar:
Negara sepoeloeh: Ngajagjakarta, Magelang, Sala-
tiga, Wanasaba, Banjoemas, Tjilatjap, Keboemèn,
Poerworedja, Kroja, Poerwakerta.
Kali loro: Tji Tandoej, Serajoe.
Goenoeng sawetara: (Slamet, Praoe, Soembing,
Oengaran), Sindara, Merbaboe, Merapi.
Ing tanah Djawa sing tjijoet ikoe maoe ana tanahé
sing mengger, kinoebeng ing goenoeng sawetara kèhé.
Mara aranana djenengé. Tanah maoe arané tanah
Kedoe. Ing kono palemahané loh banget, akèh awoené<noinclude></noinclude>
p1f4p1xpao0t3qpxlvnlqk9bci5ua1l
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/40
250
19735
66956
2025-06-23T17:42:14Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66956
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||38}}</noinclude>saka ing goenoeng. Ing Magelang lan ing Wanasaba
hawané aḍem kepénak. Ing tanah Kedoe ikoe akèh
tandoerané tembako.
Ing Kedoe sisih kidoel, oeroet pesisir, wongé akèh
sing doewé kebon krambil amba-amba. Krambilé
digawé koprah oetawa lenga. Ing Ngajogja, sing akèh
tandoerané tembako, ing tanah-tanah sing ana awoené
saka ing goenoeng Merapi.
A. 1. Paresidènan sing ana ing tanah Djawa sing
tjijoet ikoe, paresidènan endi? 2. Negara iki ana ing
paresidènan ngendi: Ngajogja, Magelang, Banjoemas,
Tjilatjap, Tegal, Pekalongan? 3. Keprijé lakoené wong
leloengan saka ing Ngajogja menjang Betawi metoe
Tjirebon? 4. Baliné metoe ing Bogor. 5. Tanah Djawa
sing tjijoet, sing sisih elor ikoe, apa pamatoené?
6. Apa pametoené tanah Kedoe? 7. Tanah-tanah sakiwa
tengené kali Serajoe, apa pametoené? 8. Goenoeng-
goenoeng sing wis koweroehi djenengé, seboetna sing
oeroet, saka koelon mengétan; mengkéné: goenoeng
K...., G...., T.. P...., M..., G...., Tj...., Sl....,
D...., S....; S...., M...., M..... 9. Tanah Djawa
sing tjijoet ikoe printjinen dadi teloe. 10. Aranana
djenengé kali-kali sing wis kosinaoe. 11. Negara sing
ana ing tanah Djawa sing tjijoet ikoe, endi sing
hawané aḍem kepénak? 12. La ing Prijangan, endi?
13. Keprijé hawané: Betawi, Tegal, Tjirebon, Semarang, Pekalongan? 14. Aranana tanah mengger sing
wis koweroehi djenengé. 15. Tanah mengger Prijangan
ikoe, apa pametoené? 16. Sing akèh tandoerané teboe
ing tanah ngendi? 17. La sing akèh keboné krambil<noinclude></noinclude>
m6750fhie4fcb8tio14s3zgtxv6iprw
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/41
250
19736
66957
2025-06-24T08:19:45Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66957
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||39}}</noinclude>ing ngendi? 18. Krambil ikoe digawé apa? 19. Endi
sing akèh tandoerané tembako?
B. 1. Saka Tjilatjap menjang Tegal ikoe pira dohé?
2. Ing tanah Djawa-Koelon saka pesisir lor menjang
pesisir kidoel, sing adoh déwé, pira dohé? 3. Negara
sing sanding moewarané kali Serajoe, apa djenengé ?
4. Trèm sing sanding kali Serajoe ikoe, sing diemot
apa, sing akèh? 5. Koeta Ngajogja ikoe saapané Semarang? 6. Tegal ikoe saapané Tjilatjap? 7. Anjar
iki ana wong teloe ana ing Kroja pada goeneman.
Arep pada leloengan noenggang sepoer; nanging
déwé-déwé parané. Sing sidji menjang.
..; sidjiné
menjang....; sidjiné manèh menjang. 8. Jèn
wong noenggang sepoer saka Ngajogja menjang Tjilatjap, olèhé moedoen ana ing ngendi? 9. Keprijé
lakoené wong noenggang sepoer saka Sérang menjang
Semarang? 10. Kali Tji Tandoej ikoe ana ing tapel
watesé paresidènan. karo... 11. Poelo sing
sanding Tjilatjap, djenengé poelo endi?
{{c|<big>'''17. Tembako.'''</big>}}
Jèn mangsa ketiga, ing tanah Kedoe sarta Ngajogjakarta akèh tandoeran tembako.
Jèn ing tanah Kedoe, wong Djawa olèhé nandoer
tembako ana ing palemahané déwé. Jèn goḍongé wis
amba-amba sarta wis toewa, bandjoer dioendoehi,
digawa moelih. Ana ing omah dioepakara déwé. Jèn
wis watara 6 minggoe roepané tembako wis abang
semoe ireng, bandjoer diedol marang para soedagar Tjina.<noinclude></noinclude>
1nqo1anv4g446o55pjqoauv9krz9bid
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/42
250
19737
66958
2025-06-24T08:23:46Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66958
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||40}}</noinclude>Tembako Kedoe ikoe soemebar satanah Djawa; sing
akèh dianggo oedoed (oetawa digawé rokok).
Jèn ing pabrik ing Magelang, Semarang, Salatiga
lan lija-lijané, ana sing digawé sroetoe, ana sing
digawé sigarèt.
{{kurang gambar}}
{{r|<small>Koloniaal Instituut.</small>}}
{{c|Tandoeran tembako.}}
Ing paresiḍènan Ngajogja akèh kaboedidajan oetawa
presil sing nandoer tembako. Goḍongé tembako digaringaké ana ing sadjroning los geḍé-gedé. Jèn wis
garing, bandjoer diwaḍahi ing karoeng goni nganggo
diplèpèd moerih ringkesé. Olèhé mengkonokaké ikoe
ana ing goedang. Mèh kabèh dikirimaké menjang<noinclude></noinclude>
2ti3jh9hzxiecng77abjlyim1k4qxxj
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/43
250
19738
66959
2025-06-24T08:30:18Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66959
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||41}}</noinclude>Semarang; noeli diemot praoe, digawa menjang
tanah Éropa.
Oedoed ikoe ora betjik menjang awak.
A. 1. Tandoeran tembako ikoe sing kanggo temenan apané? 2. Tembako ikoe wité gedé apa tjilik?
3. Godongé dienggo apa? 4. Ngendi sing ana pabriké
sroetoe? 5. Ing paresidènan Ngajogja akèh los apa?
6. Tembako Kedoe ikoe parané menjang endi? 7. Tembako Ngajogja menjang endi?
B. 1. Tandoeran sing wis takremboeng: pari,
teboe, tèh, kina, tembako. Ikoe sing aran pangan
moeng rong roepa;
lan.... Déné sing rong
roepa moeng kanggo énak-énakan waé; jaikoe:
lan.... Sing saroepa kanggo tamba; djenengé ....
2. Tandoeran limang roepa ikoe endi sing wité bisa
gedé temenan? 3. Endi sing bisané oerip apik moeng
jèn ana ing tanah pegoenoengan waé? 4. Ana tanah-tanah oetawa negara sing wongé ora kena adol sroetoe
oetawa sigarèt menjang botjah-botjah. Ikoe apa sababé?
5. Généja tembako ikoe kok kleboe aran palawidja?
{{c|<big>'''18. Bab mbatik.'''</big>}}
Jèn wong moebeng-moebeng ana sadjroning koeţa
Ngajogjakarta, kerep weroeh wong wadon pada mbatik;
ana sing ana ing latar, ana sing ana ing èmpèr
oetawa ing sadjroning omah. Pantjèn djarit weton
Ngajodja misoewoer banget. Weton Pekalongan ija
mengkono.<noinclude></noinclude>
d7x9mcu32e7oukuomvj0e5w8p1oe6qn
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/44
250
19739
66960
2025-06-24T08:32:48Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66960
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||42}}</noinclude>Déné sing dibațik ikoe mori. Olèhé nekakaké saka
ing tanah sabrang adoh banget, nganti pirang-pirang
éwoe peți kèhé.
Sing dianggo mbatik ikoe tjanțing lan malam.
Malamé diedjèr disik nganggo geni. Jèn wis lèlèh
kimpleng-kimpleng kaja banjoe, ditjiḍoek nganggo
{{kurang gambar}}
{{c|Wong mbatik.}}
tjanting, ditjorèkaké ing mori. Jèn wis rampoeng
olèhén gèngrèng, neroesi sarta némbok, bandjoer diwedel.
Endi-endi sing ora ketoetoepan ing malam, bandjoer
dadi ireng. Moerih gampangé, batik wedelan ikoe
bandjoer dikebjok, ditjeloebaké ing wédang kang oemob
molak-malik. Bandjoer dadi djarit kelengan. Tipaking
wedelan bandjoer ditémbok; djenengé dibironi. Noeli<noinclude></noinclude>
seayxnqle9qm9lcithw9up9zjxlcy5x
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/45
250
19740
66961
2025-06-24T08:34:16Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66961
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||43}}</noinclude>disoga. Tjorèk tipaking malam sing disik, bandjoer
katon abang roepané. Noeli dilorod, dadi djarit.
Sing dienggo medel ikoe nila; sing digawé nila
ikoe godong tom. Tandoeran tom ikoe doewoeré wetara
moeng pada karo tembako oetawa tèh baé. Kembangé
tjilik-tjilik; roepané abang oetawa abang semoe woengoe.
Saiki ing kéné didjogi nila akèh saka ing tanah sabrang.
Soga lan tegeran lan lija-lijané ija mengkono, nganti
pirang-pirang praoe kèhé.
Déné malam ikoe akèh sing bakalé endeg-endeging
lenga patralijoen kang isih dimasak. Malam maoe
aran malam gas. Jèn malam sing apik, sing digawé
tala tawon. Djenengé malam tawon oetawa malam
Koetei oetawa malam Timoer.
A. 1. Jen wong arep mbatik, koedoe ana m.... é,
tj..., m.... sarta geni. 2. Geniné ikoe dienggo
apa? 3. Tjanțingé dienggo apa? 4. Malam ikoe sing
digawé apa? 5. Mori ikoe pinangkané saka ngendi?
6. Wedelan ikoe sing digawé apa? 7. Soga, tegeran, sapanoenggalané ikoe sing akèh saka ngendi?
8. Bațikan ikoe sing kena ing wedelan oetawa soga
sing endi oetawa sing keprijé? 9. Ing ngendi sing
akèh wongé mbatik? 10. Batikan ikoe jèn wis rampoeng olèhé medel oetawa njoga, généja kok dikebjok
ing wédang oemob, oetawa dilorod?<noinclude></noinclude>
1r9maa5o2ee05wp6cxxcw3aoazxxx20
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/46
250
19741
66962
2025-06-24T08:36:02Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66962
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||44}}</noinclude>{{c|<big>'''19. Mbalèni woelangan.'''</big>}}
A. 1. Ing tanah Indija kéné pabrik kenini ana pira?
2. Panggonané ana ngendi? 3. Sing akèh tandoeran
kina ikoe ngendi? 4. Apa manèh sing ditandoer ana
ing tanah pegoenoengan? 5. Ing tanah mengger ing
Prijangan, tandoeran apa sing akèh? 6. Ing ngendi
manèh, ing tanah Djawa sing akèh sawahé? 7. Ing
saantarané Tjirebon karo Semarang akèh pabriké apa?
8. Ing Kedoe sarta ing Ngajodja, akèh wong gawé
apa? 9. Apa tandoerané sing akèh ing tanah ing
sakiwa tengené kali Serajoe? 10. Ing pèrèngé goenoeng kang metoe geniné ikoe, généja lemahé kok
eloh? 11. Kawah ikoe sok didjoepoeki apané? 12. Ing
tanah Djawa sing tjijoet ikoe, tanahé sing doewoer,
ing ngendi sing eloh? 13. Ngendi sing akèh tandoerané tembako? 14. Tandoeran tembako ikoe sing diepèk
....é; pari sing diepèk....é; teboe....é; kina.... é;
tèh....é; tom....é. 15. Kowé wis weroeh djenengé
kali 5; sing teloe moearané ana ing segara Djawa;
djenengé....; sing loro ing segara Indi; djenengé.
....
16. Mara seboetna arané goenoeng-goenoeng ing tanah
Djawa-Koelon; sarta ing tanah Djawa kang tjijoet.
17. Akèh djenengé negara sarta panggonan sing wis
koweroehi. Ing paresidènan Banten: S....; ing paresidènan Betawi B..., M.... C... B...., Tj....,
P....; ing paresidènan Prijangan: B.... Tj...., S....,
Tj... G., T....; ing paresiḍènan Pekalongan:
P.... karo T....; ing paresidènan Banjoemas: B......
K..., T., B....; ing Kedoe: M...., W..., K....
P....; ing paresidènan Ngajodja: Ng....; ing pare<noinclude></noinclude>
rew2nlht916wejho9ae51ar4xv5jqu2
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/47
250
19742
66963
2025-06-24T08:37:27Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66963
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||45}}</noinclude>sidènan Semarang: S.... karo S.... 18. Negara-negara maoe endi sing hawané aḍem kepénak?
19. Djenengé negara loro sing gedé ing pesisir lor:
20. Negara endi sing tjedak karo pesisiré
segara Indi? 21. Ing tanah Prijangan, negarané sing
gedé déwé endi? 22. Negara loro endi sing gedé ing
tanah Djawa, sing doeroeng takremboeg (Kaseboet ing
woelangan angka 2)? 23. Keprijé lakoené wong
leloengan saka Tjiandjoer menjang Sérang; saka
Bandoeng menjang Tegal; saka Ngajodja menjang
Tjirebon; saka Poerwakarta menjang Ngajodja?
24. Lentéra laoet ikoe apa preloené? 25. Negara.
endi sing plaboehané ing djero (tjeḍak gisik) gedé?
26. Negara endi sing plaboehané tjilik? 27. Negara
endi sing dienggoni prijaji Landa sing gedé-gedé banget
ing tanah Indija? 28. Kawah ikoe apa? 29. Awoe
sing metoe saka ing goenoeng ikoe, apa satemené?
B. 1. Jen wong leloengan saka Semarang ikoe bisa
rong roepa lakoené; sepisan metoe ing
noenggang...;
ping pindo metoe ing.... noenggang.
noenggang.... 2. Jèn wong
noenggang sepoer saka Tjirebon menjang Bandoeng,
terkadang sok salin kréta ana ing ngendi? 3. Jèn wong
noenggang sepoer saka Ngajodja arep menjang Tjirebon,
bisa metoe ing
oetawa ing 4. Goenoeng sing
ana ing sakidoelé koeta Soerabaja ikoe goenoeng endi?
5. La sing ana sakidoelé Bandoeng, Sérang, Tegal,
Semarang? 6. Endi, paresidènan sing gedé déwé; endi
sing tjilik déwé? 7. Kali Solo ikoe ngliwati paresiḍènan
endi? 8. Paresidènan endi sing wis taktjritakaké?<noinclude></noinclude>
lnju99baeso1r00p7qkjc6tiuzt3ih5
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/48
250
19743
66964
2025-06-24T08:45:19Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66964
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||46}}</noinclude>{{c|<big>'''20. Tanah sing akèh wité djati sarta akèh lengané patralijoen.'''</big>}}
Sawétané garis kentjeng sing saka Semarang menjang Ngajodja, poelo Djawa ikoe tanahé mengétan
amba manèh. Sing arep taktjritakaké disik sing sisih
elor. Ing kono ikoe prasasat keḍatoné oetawa kedoengé
wit djati lan lenga patralijoen. Sing elor, tapel watesé:
segara Djawa; sing kidoel, goenoeng Kendeng. Goenoeng Kendeng ikoe goenoeng bebandjengan saka
Merbaboe tekan Soerabaja.
Ing ngisor iki sinaoenen karo ndelenga gambaré:
Negara lan panggonan woloe: Demak, Koedoes,
Djepara, Rembang, Tjepoe, Goenḍih, Toeban, Gresik.
Goenoeng sidji: goenoeng Moerija.
Kali Solo lan Brantas, kowé bijèn wis weroeh.
Negara Demak, Toeban, Djepara, Gresik, ikoe gedé
dèk bijèn karo saiki.
Ing saeloré goenoeng Kendeng ikoe ana alasé djati
gedé banget; sing akèh ana ing paresiḍènan Rembang.
Sanding Tjepoe ana soemberé lenga patralijoen. Enggoné ngetokaké lenga maoe nganggo diḍoedoek djero
banget.
Ing tanah pedjatèn maoe ora pati akèh wongé.
A. 1. Ing paresiḍènan Rembang ikoe akèh wité
apa? 2. Ing sadjroning lemah kono akèh lengané
apa? 3. Tanah pedjatèn lan lenga maoe watesé sing
kidoel apa? 4. Negarané sing ana ing pesisir Sem...,
Dj..., R., T..., Soer... 5. Sing adoh karo pesisir:
D., K., G...., Tj....<noinclude></noinclude>
j7cz8uci89nqr4yte907vtt8ts4j8xw
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/49
250
19744
66965
2025-06-24T08:55:35Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66965
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||47}}</noinclude>B. 1. Ing tanah pedjatèn lan lenga maoe ing
tembing koelon, negarané sing gedé déwé endi? La
ing tembing wétan, endi? 2. Goenoeng Moerija ikoe
ana ing saloré bener koeta. . . . 3. Saka Semarang
tekan Soerabaja ikoe pira dohé? 4. Mesin miber sing
sadjam-djamé olèh 150 KM., saka Semarang menjang
Soerabaja bisa tekan pirang djam. 5. Kali Solo lan
kali Brantas ikoe woetahé ing segara ana ing paresidènan endi? 6. Sakoeloné goenoeng Moerija ikoe
ana panggonan tjilik; ngendi ikoe? 7. Trèm sing
saka Semarang menjang Tjepoe metoe Rembang ikoe
ngliwati endi? 8. Saka Semarang menjang Tjepoe
ikoe ana dalané sédjé sing bisa gelis tekan; dalané
ngliwati G.... 9. Negara ing paresiḍènan Rembang,
sing sanding kali Solo, ikoe negara endi? 10. Goenoeng Soembing ikoe ana ing sa....é goenoeng Moerija.
{{c|<big>'''21. Kali-kali.'''</big>}}
Akèh panggonan sing lemahé metoe banjoené; apa
manèh ing tanah pegoenoengan. Sing mengkono ikoe
djenengé soember. Soember ikoe senadjan ora ana
oedan nganti pirang-pirang sasi, akèh sing ora asat;
isih metoe baé banjoené. Banjoe maoe mili menjang
lebak; wiwitané dadi kali tjilik banget. Jèn wis tempoer karo kali-kali tjilik lijané, bandjoer dadi kali
temenan. Apa manèh banjoe oedan, ija marakaké
gedéné kali.
Jèn mangsa ketiga, kali-kali pada tjilik. Jèn rendeng banjoené malah mbloedag, marakaké bandjir.<noinclude></noinclude>
clft80vptql754akuwijx00wm4fgrf1
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/50
250
19745
66966
2025-06-24T08:58:45Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66966
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||48}}</noinclude>Apa manèh jèn lemah ing sakiwa tengené kali maoe
endèk, kajata tanah sing sanding Koedoes. Jèn ana
bandjir, akèh wong sing kapitoenan. Akèh barang-
barang sing kèli; wit-witan, bekakas omah, akèh sing
laroet. Malah omah ija sok ana sing dadal. Radja-
{{kurang gambar}}
{{c|Kali Soerabaja.}}
kaja lan kéwan ingon-ingon lijané akèh sing mati
kelem. Malah oewong ija sok ana sing kèli. Sawah
lan pategalan pada koeroegan endoet lan watoe; dadi
tandoeran pada mati.
Kangdjeng Goepermèn wis jasa soesoekan sawatara;
preloe kanggo njoeḍèt kali, soepaja adja bandjir banget-<noinclude></noinclude>
9sqpg6bfc6rdske6z1ezka95e7iml2b
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/51
250
19746
66967
2025-06-24T09:02:40Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66967
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||49}}</noinclude>banget. Karo manèh ana kali sawatara sing digawèkaké tanggoel oetawa tangkis. Saka pinggiring kali
dohé watara ana 10 mèter; dadi ora ana ing pinggir
kali bener. Tanggoel maoe preloené dianggo ngalangalangi loebèring kali menjang pedésan.
Sawah lan kebon teboe apa déné tegal tembako ikoe
pada ndjaloek banjoe akèh. Banjoe maoe olèhé ngilèkaké, saka ing kali. Rékané enggoné ngilèkaké bakal
dakkanḍakaké ing boeri.
Kedjaba ikoe, kali ikoe dianggo oembah-oembah lan
dianggo adoes. Malah wong Djawa lan wong Tjina
akèh sing ngombé banjoe kali. Pantjèné mono ora
apik wong ngombé banjoe kali ikoe; apa manèh jèn
mbeneri ana ambah-ambahan lelara sing gampang noelaré.
A. 1. Kali ikoe maédahi banget, sabab banjoené
diilèkaké menjang . . . .; karo manèh sok dianggo
.. lan di .... Nanging terkadang-kadang sok
mbilaèni, sabab sok .. pedésan. 2. Kali bandjir
ikoe gawé kapitoenan sing keprijé? 3. Moerih kali
adja nganti bandjir, dikapakaké? 4. Sing aran soember
oetawa toek ikoe apa? 5. Kali ikoe sing akèh, kenané
dianggo adoes kepénak, jèn mbeneri mangsa apa?
6. Banjoe ikoe iliné wis mesți saka ing . . . . menjang.... 7. Kali endi sing kowé wis weroeh djenengé? 8. Banjoe kali sing ora digodog ikoe généja
kok ora betjik jèn diombé?
B. 1. Jèn ana kalèn iliné saka elor mengidoel,
dasaring kalèn doewoer endi? 2. Kali ikoe jèn isih
tjedak karo toeké, karo jèn wis mèh woetah ing segara,<noinclude>{{rh|V. RELJEN karo V. DICE, ''Ngelmoe Boemi.''||4}}</noinclude>
pxnewo2yoe46p8a23lawjbcty640c6t
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/52
250
19747
66968
2025-06-24T09:07:00Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66968
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||50}}</noinclude>amba endi? 3. Kali Brantas ikoe wiwitané mili
me...., bandjoer me...., ...., noeli me....; wasana me....
4. Kali ikoe sing akèh saka ing g.... menjang s....
5. Banjoe sing moedoen saka ing goenoeng ikoe iliné
keprijé? 6. Kali Serajoe ikoe jèn isih ana ing Wanasaba, karo jèn wis tekan ing Banjoemas, iliné alon
endi? 7. Jèn ana blabag ditjemploengaké ana ing
kali Solo sanding koeta Solo, kèliné mengalor apa.
mengidoel? 8. Jèn wong adoes ana ing kali, généja
kok tjangkemé apik jèn diingkemaké sing rapet? Apa
ta preloené?
{{c|<big>'''22. Wit djati.'''</big>}}
Wit djati ikoe roepané ora apik, nanging maédahi
banget. Jèn wis toewa temenan doewoeré bisa ngoeng-
koeli wit krambil. Gedéné ija ngoengkoeli. Akèh sing
nganti oemoer 100 taoen; terkadang loewih. Jèn ketiga,
godongé pada gogrog nganti brindil. Jèn rendeng metoe
manèh goḍongé, idjo-idjo.
Ing ngarep kowé wis takkandani jèn ing paresidènan Rembang akèh wité djati. Mengkono oega ing
paresidènan Madijoen ing sisih lor, ija akèh alasé
djati gedé-gedé. Ikoe kagoengané Kangdjèng Goepermèn, doedoe doewèké sapa-sapa. Ing sadjroning alas
ikoe oetawa ing sandingé, ana omahé prijaji Landa;
pangkaté, jèn tjara Landa, aran ''houtvester'' lan ''opziener''
alas (sinder alas oetawa sinder djati). Ikoe kang
mranata panegoré wit djati sing wis toewa-toewa;
bandjoer akon nandoeri manèh sing isih tjilik-tjilik.<noinclude></noinclude>
nzm3fm7tpr1kff50k076870llqn7a8s
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/53
250
19748
66969
2025-06-24T09:09:44Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66969
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||51}}</noinclude>Kangdjeng Goepermèn ḍawoeh ndjaga, soepaja adja
akèh-akèh kajoe sing ditjolongi oewong. Kajoe djati
ikoe larang banget, sabab apik banget jèn dianggo
baloengan omah, digawé bekakas omah, tjikar, praoe
lan sapanoenggalané. Atosé ora sepiraa, nanging
rajap ora dojan.
{{kurang gambar}}
{{r|Koloniaal Instituut}}
{{c|Wit djati.}}
A. 1. Kajoe djati ikoe dianggo apa? 2. Kangdjeng
Goepermèn ngetokaké doewit kanggo ndjaga alas djati,
kajata kanggo mbajar. . . . lan....; ananging ija
oleh bați, sabab . . . 3. Wit djati jèn wis toewa,
..é lan....é ngoengkoeli wit krambil. 4. Wit djati<noinclude></noinclude>
dq20jkyxon85bzl2edaicn605q3wz16
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/54
250
19749
66970
2025-06-24T09:14:12Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66970
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||52}}</noinclude>ikoe brinḍilé jèn mangsa apa? 5. Sing akèh alasé
djati ing paresiḍènan endi? 6. Houtvester lan opziener
(sinder) alas ikoe apa gawéné? 7. Bekakas kajoe djati
ikoe ora didojani ing (kéwan) apa? 8. Jèn toemrapé
marang oewong: tèh, kina, tembako, pari, teboe, tom,
djati, ikoe apané sing maédahi?
{{c|<big>'''23. Lenga patralijoen.'''</big>}}
Lenga patralijoen ikoe panggonané ana ing sadjroning lemah, ing Tjepoe, sanding Semarang, lan tjeḍak
ing Soerabaja. Golèk-golèkané ora gampang; karo
{{kurang gambar}}
{{c|Pangeboeran lenga patralijoen. Kampong Minjak.}}<noinclude></noinclude>
ce5abhf63mc6wjxc56708k7gbifzgpq
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/55
250
19750
66971
2025-06-24T09:16:30Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66971
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||53}}</noinclude>manèh olèhé ngoenggahaké saka sadjroning lemah ija
angèl banget; sabab panggonané loemrahé djero banget.
Lenga sing lagi diwetokaké saka sadjroning lemah,
doeroeng kena dianggo. Koedoe diresiki disik ana ing
pabrik. Ing Tjepoe akèh pabriké gedé-gedé. Lenga
patralijoen ikoe ana ing kono diolah; ana sing dadi
benzine, oetawa gasoline; ana sing dadi lenga patralijoen loemrah, ana sing dadi gemoek kanggo nglengani piranti-piranti ing pabrik; ana sing digawé lilin,
ana sing dadi malam gas kanggo mbatik; sarta isih
ana manèh.
A. 1. Lenga patralijoen sing isih reged ikoe jèn
diolah, bisa dadi apa? Aranana saweroehmoe? Apa
kanggoné sawidji-widjiné ikoe? 2. Sing akèh pabriké
patralijoen sing geḍé-gedé ing ngendi? 3. Généja olèhé
ngedegaké pabrik kok ana ing kono? 4. Généja lenga
patralijoen sing ana sadjroning lemah ikoe kok angèl
golèk-golèkané?
{{c|<big>'''24. Dedagangan oetawa gramèn.'''</big>}}
Sing aran soedagar ikoe wong sing gawéné gramèn.
Wong gramèn ikoe tetoekoe barang sing pantjèn arep
diedol manèh. Jèn bisaa mana, ja énggala pajoe, toer
ndjaloek bati sing akèh. Wong gegramèn oetawa dol
tinoekoe ikoe ana ing pasar oetawa ing toko-toko.
Jèn mengkono ikoe arané moeng gramèn tjilik-tjilikan.
Sing nglakokaké: wong Djawa, Tjina, wong Arab,
wong Keling, wong Djepang. Djoeragan sing gedé-<noinclude></noinclude>
lnd3y0je4zfn0yern3obdry1xf2imti
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/56
250
19751
66972
2025-06-24T09:22:41Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66972
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||54}}</noinclude>gedé pada nekakaké barang-barang akèh saka ing
tanah sabrang, bandjoer dikirimaké menjang endi-endi
ing sadjagad iki. Jèn negara, akèh djoeragané gedé-gedé, diarani negara pedagangan. Negara sing mengkono ikoe, jèn ing tanah Indija, sing gedé déwé:
Soerabaja. Ing kono akèh djoeragané sing geḍé-gedé;
kantoré sing dianggo nglakokaké dagang maoe ija
gedé-gedé toer akèh. Djoeragan sing gedé ikoe, sing
akèh, wong Éropa.
Negara pedagangan lijané: Betawi lan Semarang.
Mestiné kowé wis weroeh dagangan roepa-roepa,
sing dikirimaké ing para djoeragan menjang tanah
sabrang; kajata: tèh, tembako, goela, lenga patralijoen,
bènzine, lenga gemoek. Kedjaba ikoe: koprah, lenga
krambil, karèt, kopi, glepoeng kaspé, katjang tjina lan
lija-lijané.
Déné sing ditekakaké saka tanah sabrang: mori
roepa-roepa, léna, bolah, piranti roepa-roepa, motor, sepéda, rèk, dloewang, djam roepa-roepa, sroetoe, saboen,
lan lija-lijané manèh, isih akèh. (Tjoba ngaranana
lijané manèh saweroehmoe.)
A. 1. Soerabaja, Semarang, Betawi, ikoe généja
kok aran negara pedagangan? 2. Ing tanah Djawa
negara pedagangan sing gedé déwé endi? 3. Dagangan
tanah Djawa sing dikirimaké menjang tanah sabrang,
apa? 4. Kina sarta tèh ikoe saka ing P....; goela.
saka tanah-tanah oeroet. . . . sarta saka ing sakiwa
tengené kali S....; apa manèh saka paresidenan
Ng.... tembako saka K.... lan Ng....; lenga
patralijoen, benzine, lenga gemoek saka pabrik ing ....<noinclude></noinclude>
ivlxh37axg0nz1o000lmucts02ou5nz
Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/57
250
19752
66973
2025-06-24T09:30:05Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
66973
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||55}}</noinclude>5. Ngaranana barang-barang sing ditekakaké saka ing
tanah sabrang. 6. Djoeragan sing gedé-gedé ikoe sing
akèh wong....déné soedagar sing tjilik-tjilik wong . . . .
B. 1. Mori sing saka tanah sabrang ikoe anané
ing kéné dianggo apa? 2. Dloewang ikoe dianggo
apa? 3. Sapa sing preloe nganggo piranti sing geḍé-gedé saka tanah sabrang? 4. Kowé apa weroeh: rèk
ikoe kang akèh saka ngendi? 5. Sroetoe sing saka
tanah sabrang ikoe maoe-maoené wis taoe weroeh ing
tanah Indija kéné; nalika samana isih dadi . . . . ;
dikirimaké menjang.... ing negara Landa; ana ing
kana digawé...., bandjoer.....
{{c|<big>'''25. Tanah teloe sing mèh kembar.'''</big>}}
Tanah Djawa sing amba ikoe, ing sisih kidoel
awoedjoed lemah ngaré teloeng enggon; dapoeré lan
ambané mèh pada.
Sawidji-widjining palemahan maoe diapit-apit ing
goenoeng loro. Tanah Solo ikoe diapit-apit ing goenoeng
Merapi lan goenoeng Lawoe. Tanah Madijoen ana ing
saantarané goenoeng Lawoe lan goenoeng Wilis. Déné
tanah Kediri diapit-apit ing goenoeng Wilis lan goenoeng Keloet.
Tanah teloe maoe, sidji-sidjiné ing tengah-tengahé
ana negarané gedé.
Tanah maoe teloe pisan pada katradjang ing kali
sing mili mengalor.
Tanah teloe maoe pada eloh kabèh.
Pametoené pada: pari, goela, tembako.<noinclude></noinclude>
mcmkrqti7ic4qjrfscqps9maogo485n