Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.46.0-wmf.21 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kaca:Babad Diponegoro L.Or. 6547.pdf/129 250 22870 72501 72500 2026-03-28T06:13:50Z Devi 4340 509 /* Titiwaca */ 72501 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Devi 4340" /></noinclude>{{jawa|ꦢꦸꦩꦶꦭꦃ꧈ꦏꦶꦗꦸꦫꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦥꦤꦼꦧ꧀ꦢꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦫꦫꦱꦶꦫꦩꦼꦤꦼꦁꦔ꧈ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦂꦱꦲꦠꦤ꧀ꦚ꧈ꦥꦫꦤ꧀ꦢꦢꦶꦮꦶꦢꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀​ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦠꦸꦂꦚ꧈ ꧅ꦏꦮꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦤꦶ꧈ꦱꦉꦁꦚꦲꦶꦲꦒꦼꦁꦥꦿꦥ꧀ꦠ꧈ꦲꦶꦁꦥꦛꦶꦏꦮꦸꦭꦏꦶꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀​ꦩꦫꦏ꧀ꦭꦗꦼꦁꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦤ꧈ꦥꦸꦠꦿꦠꦸꦮꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀​ꦏꦁꦧꦶꦧꦶꦏꦔꦼꦤ꧀ꦏꦼꦭꦁꦏꦸꦁ꧈ꦧꦺꦴꦭꦧꦭꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱ꧈ ꧅ꦏꦶꦗꦸꦫꦸꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦠꦤ꧀ꦚꦫꦶꦱ꧀​​ꦫꦫꦱꦥꦫꦺꦴꦮꦁꦔꦶꦫ꧈ꦗꦒꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦤꦏꦸꦮꦺ꧈ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦸꦩꦶꦭꦃꦠꦸꦂꦫꦶꦫ꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦮꦤ꧀ꦱꦁꦉꦠ꧀ꦤ꧈ꦢꦾꦃꦥꦫꦤ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦸ꧈ꦠꦤ꧀ꦥꦶꦱꦃꦩꦭꦃꦱꦢꦶꦤ꧀ꦤ꧈ ꧅ꦏꦶꦗꦸꦫꦸꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈ꦫꦫꦲꦶꦏꦸꦱꦲꦸꦥꦩ꧈ꦢꦸꦮꦺꦲꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦏꦸꦮꦺ꧈ꦲꦥꦠꦱꦶꦫꦏꦢꦸꦒ꧈ꦱꦁꦢꦾꦃꦉꦠ꧀ꦤꦢꦸꦩꦶꦭꦃ꧈ꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦲꦫꦶꦱ꧀ꦲꦸꦩꦠꦸꦂ꧈ꦩꦥꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒ꧈ ꧅ꦩꦥꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦩꦏ꧀ꦤꦺꦏꦶ꧈ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦥꦸꦂꦧꦲꦶꦁꦥꦿꦶꦪ꧈ꦏꦮꦸꦭꦱꦶꦤ꧀ꦤꦲꦸꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁ꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦼꦭꦩꦸꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦲ꧈ꦤꦔꦶꦁꦥꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈ꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦏꦂꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀​ꦊꦒꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦤ꧀ꦤꦃꦏꦮꦸꦭ꧈ ꧅ꦩꦼꦁꦏꦤꦏꦁꦲꦥꦶꦒꦸꦭꦶꦁ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦼꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦩꦶꦂꦱ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦸꦮꦭꦏꦂꦱꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦏꦁꦒꦂꦮꦉꦠ꧀ꦤꦢꦸꦩꦶꦭꦃ꧈ꦩꦥꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒ꧈ꦲꦥꦶꦏꦒꦾꦠ꧀ꦒꦺꦤ꧀ꦚꦮꦸꦔꦸ꧈ꦏꦶꦗꦸꦫꦸꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦸꦏ꧈ ꧅ꦤꦸꦭꦾꦠꦼꦣꦏ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦔꦼꦧꦺꦲꦶ꧈ꦩꦼꦭꦺꦫꦺꦴꦏ꧀ꦉꦠ꧀ꦤꦢꦸꦩꦶꦭꦃ꧈ꦤꦸꦭꦾꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦱꦁꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀​ꦏꦶꦤꦸꦱ꧀ꦮꦉꦠ꧀ꦤꦗꦸꦮꦶꦠ꧈ꦩꦥꦤ꧀ꦱꦂꦪꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦣꦸꦃꦩꦱ꧀ꦩꦶꦫꦃꦗꦶꦮꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀​ꦱꦼꦤꦢꦾꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦁꦏꦿꦩ꧈ ꧅ꦥꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦭꦭꦶ꧈ꦤꦃꦲꦁꦒꦺꦂꦣꦠꦼꦁꦥꦢꦸꦏ꧈ꦏꦶꦗꦸꦫꦸꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦲꦭꦺꦴꦤ꧀​ꦮꦸꦱ꧀ꦗꦼꦧ꧀ꦧꦺꦁꦱꦶꦫꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀​ꦭꦃꦠꦩꦫꦢꦤ꧀ꦢꦤ꧀ꦤ꧈ꦤꦔꦶꦁꦲꦢꦸꦱ꧀ꦱꦏꦫꦸꦲꦸꦤ꧀​​ꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦚꦤ꧈ ꧅ꦭꦗꦼꦁꦱꦶꦫꦩ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦔꦼꦧꦺꦲꦶ꧈ꦱꦮꦸꦱ꧀ꦚꦤꦸꦭꦾꦧꦸꦱ}}<noinclude></noinclude> tvip5wrhbzzpzmzewmtx81nskc2583b Kaca:Ngèlmoe Alam.pdf/15 250 22871 72502 2026-03-28T10:23:50Z Ars-arsa 1809 /* Titiwaca */ 72502 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Ars-arsa" /></noinclude>{{rh||13|}} Para sardjana ngèlmoe alam woes golong pikiré, nemtokaké boboté barang-barang atos lan barang tjoewèr ikoe, sarana boboté banjoe resik. Oepamané mangkéné: Wesi 12 cM.³ boboté 86,4 G.; banjoe 12 cM.³ boboté 12 G. 86,4 G.: 12 G. = 7,2 : 1, dadi boboté wesi tikel 7,2 né banjoe sing pada volumené. Tetandinganing boboté wesi karo banjoe ikoe diarani: ''Pamoerwat Bobot.'' Moelané ija bandjoer kena diarani, jèn Pamoerwating Boboté wesi ana 7,2 (P. B. wesi 7,2). Jèn mangkono sing diarani '''Pamoerwating Boboting (P. B.) barang ikoe, angka sing mratelakaké pamoerwating boboté barang maoe karo boboté banjoe sing pada volumené.''' Dadi nggolèki P. B.-té barang ikoe satemené ora lija moeng ''nanding bobote barang maoe karo banjoe sing volumené pada.'' Déné nggoné nemokaké P. B.-té sarana mara boboté barang maoe karo boboté banjoe. Nanging sarèhning boboté banjoe 1 dM.³ ana 1 KG. (oetawa 1 CM.³ ana 1 G.), dadi gampang baé panandingé boboting barang 1 dM.³ (1 cM.³) karo boboté banjoe 1 dM.³ (1 cM.³). Boboté koeningan 1 eM.³ ana 8,4 G. P. B.-té koeningan ana 8,4 G. : 1 G. = 8,4. Bènzine (gasoline) P. B.-té ana 0,7, sabab boboté 1 L. (1 dM.³) ana 0,7 KG. Dadi jèn mangkono sing diarani P. B.-té barang ikoe ija kena ditemboengaké mangkéné: '''P. B.-té barang ikoe angka sing mratelakaké kèhing KG. (G.) boboté barang maoe saben geḍéné 1 dM.³ (1 eM.³).''' Mitoeroet apa sing woes karemboeg ing doewoer ikoe, dadi nggolèki P. B.-té barang ikoe lakoené ana warna loro. 1. Oepama arep nggolèki P. B.-té dir beling, rékané mangkéne: Dir maoe ditimbang disik, oepama boboté tinemoe 65 G. Sawoesé mangkono bandjoer ditjemploengna ing gelas sing mawa pantjoeran sing woes isi banjoe tekan ing lambéning pantjoerané. Banjoené ora kena ora mesți mantjoer metoe toemiba ing gelas sing pantjèn kanggo nadahi. Oepama boboté banjoe sing mantjoer ikoe ana 25 G., gedéning dir ija ana 25 CM.³ Dadi P. B.-té dir ana 65 G. : 25 G. = 2,6. 2. Oepama arep nggolèki P. B.-té dir timah poetih sing boboté ana 219 G., dir maoe digolèki gedéné disik sarana ditjemploengake ing gelas oekoeran. Oepama gedéné tinemoe<noinclude></noinclude> qnv8csn73u8ratysk4gt9u2k93wan97