Wikisumber
jvwikisource
https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa
MediaWiki 1.46.0-wmf.23
first-letter
Médhia
Mirunggan
Parembugan
Naraguna
Parembugan Naraguna
Wikisumber
Parembugan Wikisumber
Barkas
Parembugan Barkas
MédhiaWiki
Parembugan MédhiaWiki
Cithakan
Parembugan Cithakan
Pitulung
Parembugan Pitulung
Kategori
Parembugan Kategori
Panganggit
Parembugan Panganggit
Kaca
Parembugan Kaca
Indhèks
Parembugan Indhèks
TimedText
TimedText talk
Modhul
Parembugan Modhul
Acara
Pembicaraan Acara
Naraguna:Empat Tilda
2
5189
72553
72252
2026-04-12T15:42:49Z
Empat Tilda
628
72553
wikitext
text/x-wiki
manggon luar jawa penganggo basa jawa.
{{userbox|id=[[File:Artículo bueno.svg|40px]]|info=<center>Uji-baca bulan ini<br />April 2026<br />''[[Indhèks:Serat_Cenṭini_Jilid_5-6.pdf|Serat Centini jilid 5-6]]<br />[[Indhèks:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I.pdf|Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat I]]</center>}}
{{userbox|id=[[File:Edit In Sandbox Icon - Color.svg|80px]]|info=<center>
{{XL|[[Naraguna:Empat Tilda/Bak Wedhi|'''Bak Wedhiku''']]}}</center>}}
{{Peserta Kompetisi Wikisource 2022}}
ax5186b6foercgw59zx9v63kex18rda
Kaca:Babad Diponegoro L.Or. 6547.pdf/139
250
22886
72573
72552
2026-04-13T05:03:53Z
Devi 4340
509
/* Titiwaca */
72573
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Devi 4340" /></noinclude>{{jawa|ꦤ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦗꦭꦸꦥꦸꦠꦿꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦮꦶꦤ꧀ꦤꦼꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦫꦺꦴꦁꦒ꧈ꦭꦁꦏꦸꦁꦧꦒꦸꦱ꧀ꦏꦁꦮꦂꦤ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦩꦸꦥꦿꦮꦶꦫꦠꦸꦲꦸ꧈ꦮꦼꦭꦒꦁꦏꦭꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦭꦫ꧈
꧅ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦼꦠꦮꦶꦱ꧀ꦫꦺꦴꦱꦤ꧀ꦤꦺꦏꦶ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦒꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦭꦫꦺꦏꦛꦃ꧈ꦥꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦤꦂꦪꦲꦺꦴꦤ꧀ꦕ꧀ꦭꦁꦧꦲꦺꦤꦢꦾꦤ꧀ꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦭꦒꦼꦁꦔꦶꦫ꧈ꦩꦥꦤ꧀ꦲꦶꦪꦩꦼꦁꦏꦤ꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦱꦿꦶꦁꦔꦽꦱꦃꦲꦶꦏꦸ꧈ꦩꦿꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦪꦁꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦫꦏ꧈
꧅ꦥꦢꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦱꦿꦶꦁꦢꦺꦤ꧀ꦲꦼꦭꦶꦃ꧈ꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦱꦧꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦏꦶꦫ꧈ꦏꦶꦮꦒꦺꦤ꧀ꦚꦔꦸꦩ꧀ꦥꦼꦠ꧀ꦠꦏꦺ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦁꦲꦺꦪꦁꦲꦂꦱꦱꦭꦠ꧀ꦩꦥꦤ꧀ꦢꦢꦏ꧀ꦏꦺꦕꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈ꦏꦶꦩꦺꦴꦟ꧀ꦢꦫꦏꦤꦼꦧ꧀ꦢꦫꦸꦩ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦢꦸꦢꦸꦮꦱꦶꦫꦺꦴꦁꦒ꧈
꧅ꦲꦺꦃꦠꦫꦺꦴꦁꦒꦲꦤꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦥꦢꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦁ꧈ꦩꦥꦤ꧀ꦲꦂꦱꦱꦭꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦺꦴꦁ꧈ꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦫꦺꦴꦁꦒ꧈ꦲꦺꦪꦁꦏꦸꦭꦠꦤ꧀ꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱ꧈ꦏꦶꦩꦺꦴꦟ꧀ꦢꦫꦏꦤꦼꦧ꧀ꦢꦫꦸꦩ꧀꧈ꦫꦺꦴꦁꦒꦗꦱꦶꦫꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤ꧈
꧅ꦥꦤ꧀ꦩꦺꦃꦲꦏꦶꦂꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸꦤꦺꦏꦶꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦫꦺꦴꦁꦒ꧈ꦩꦥꦤ꧀ꦤꦸꦭꦾꦔꦠꦸꦂꦫꦏꦺ꧈ꦥꦶꦤꦺꦴꦟ꧀ꦝꦺꦴꦁꦭꦶꦂꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂꦩꦪꦁ꧈ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦏꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦫꦏ꧈ꦲꦼꦤ꧀ꦤꦼꦁꦤꦒꦤ꧀ꦠꦾꦮꦶꦤꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦔꦭꦒ꧈
꧅ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦱꦺꦴꦲꦤ꧀ꦤꦺꦏꦶ꧈ꦲꦤ꧀ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦣꦸꦩꦠꦼꦁꦥꦗꦁ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦫꦪꦶꦥꦛꦶꦩꦁꦏꦺꦴ꧈ꦠꦤ꧀ꦲꦺꦴꦮꦃꦏꦢꦾꦏꦁꦫꦩ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦂꦱꦱꦺꦴꦲꦤ꧀ꦤ꧈ꦏꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦫꦏꦠꦤ꧀ꦥꦱꦸꦁ꧈ꦩꦼꦁꦏꦤꦲꦶꦁꦭꦩꦭꦩ꧈
꧅ꦏꦮꦂꦤꦗꦼꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦢꦶ꧈ꦩꦥꦤ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦲꦊꦭꦤ꧈ꦔꦸꦧꦼꦁꦔꦶꦠꦤ꧀ꦤꦃꦗꦮꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦥꦤ꧀ꦥꦶꦤꦉꦁꦏꦂꦱꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈ꦩꦩ꧀ꦥꦶꦂꦣꦠꦼꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦫꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦮꦸꦱ꧀ꦥꦁꦒꦸꦃ꧈ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦥꦶꦏꦶꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦫꦏ꧈
꧅ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦾꦲꦔꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈ꦩꦥꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦠꦊꦁꦒꦃ꧈ꦗꦼꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦔꦸꦔꦸꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦫꦩ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂꦩꦿꦶꦁꦫꦃꦩꦠ꧀ꦠꦺꦴꦭꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦥꦛꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦾꦤꦺꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦫꦩ꧀
꧅ꦏꦁꦥꦸꦠꦿꦫꦢꦺꦤ꧀ꦔꦼ}}<noinclude></noinclude>
qa823a04m14ai5og9tfdgw2v1je428g
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/3
250
22887
72554
2026-04-12T15:46:05Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72554
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||24}}</noinclude>== BABAD NGLOROG ==
=== I. GOEMELARIPOEN DISTRIK NGLOROG ING DJAMAN SAMANGKE. ===
Distrik Nglorog poenika péranganipoen kaboepatèn Patjitan ingkang sisih wétan.
Watesipoen ingkang kilèn distrik Patjitan. Ingkang lèr distrik
Semanten, distrik Tegalamba toewin distrik Ngrajoen. Ingkang
wétan distri Panggoel. Déné ingkang kidoel saganten Indi inggih
saganten Kidoel. Pasitènipoen sadaja paredèn. Sitinipoen langkoeng
loh tinimbang kalijan tanah Patjitan sarta Poenoeng.
Saoeroeting pasisir laladan distrik Nglorog katah teloekipoen
alit-alit. Déné teloek-teloek waoe ingkang ageng pijambak kawastanan teloek Nglorog. Dados wastanipoen distrik waoe kabekta
saking wastanipoen teloek. Teloek waoe pandjangipoen kirang.
langkoeng satoenggal satengah pal. Wijaripoen kirang langkoeng
satoenggal tigang prapat. Ing ngrikoe boten dados palaboehan.
sarta boten naté kaḍatengan baita kapal oetawi baita sanèsipoen.
Salèripoen teloek sitinipoen waradin. Mangalèr wonten nem pal.
Ngétan-ngilènipoen kalih pal. Ing satengahipoen siti waradin waoe
kataradjang lèpèn radi ageng, saking lèr mangidoel ladjeng andjog
ing teloek Nglorog ingkang tembing lèr wétan. Lèpèn waoe nama
lèpèn Ngadiradja. Satjelaking lèpèn wonten doesoenipoen ageng,
nama doesoen Ngadiradja. Inggih doesoen poenika ingkang dipoen.
enggèni wadana ḍistrik. Awit saking poenika, distrik Nglorog inggih
oegi dipoen wastani distrik Ngadiradja.
Tanah waradin waoe pasitènipoen eloh sanget. Awit saben taoen
kawaledan saking bandjiripoen lèpèn ing Ngadiradja. Oetawi nampèni lemèn saking redi sakiwa tengenipoen ingkang kagoentoer ing
toja djawah. Salebeting tanah waradin poenika wonten doesoenipoen 33 ingkang ageng-ageng saha redja. Tijangipoen tjatjah djiwa
wonten 1700. Tijang samanten kața hipoen poenika kénging katemboengaken boten wonten ingkang saking mantja. Mèh sadaja tijang
asli toeroenipoen tijang ingkang sampoen lami manggèn ing ngrikoe. Awit saking poenika, tijang Nglorog poenika mèh sadaja sanak. Panggaotanipoen. sami tani. Bangsaning oendagi, oepaminipoen krija, kemasan, samak, damel toedoeng, boten wonten babar-<noinclude></noinclude>
ikri8t2hbvwh6q7x7ma2ingktuwq091
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/4
250
22888
72555
2026-04-12T15:51:42Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72555
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||25}}</noinclude>pisan. Ewadéné tijangipoen katingal tjekap-tjekap. Bali-grija toewin karang-kitrinipoen saé-saé.
Adat toewin tjaraning tijang taksih loegoe nganggé adat Djawi
kina. Patjakanipoen panganggé toewin pawitjantenanipoen noelad
tjara Soerakarta. Ananging oegi taksih nganggé temboeng sawatawis ingkang toemrapipoen ing Soerakarta boten kanggé babarpisan.
Kadjawi tanah waradin ingkang sampoen kapratélakaken ing
nginggil, salebeting distrik Nglorog sitinipoen paredèn. Déné doesoenipoen ing tanah paredèn waoe pating palentjat. Letipoen tebihsaha awis-awis ingkang redja.
Lemboe sarta maésa wedalan ing distrik Nglorog ageng-ageng.
Kapal wedalan ing ngrikoe boten wonten ingkang saé.
Ing tanah Nglorog poenika boten wonten patilasanipoen tijang
boeda. Tjarijos-tjarijos ingkang koela mirengaken saking para sepoeh ing ngrikoe, sadaja sami mratelakaken, jèn tanah Nglorog
poenika wiwitipoen dipoen grijani tijang sareng kalijan djaman
kraton ing Padjang, inggih poenika nalika taoen Walandi 1542.
Saplokipoen dipoen enggèni tijang, dèrèng naté dados nagari oetawi kaboepatèn. Salami-laminipoen pangageng ing ngrikoe namoeng pangkat kijai ageng toewin ngabèi. Déné ingkang tjikal
bakal ing tanah Nglorog poenika nama kjai ageng Bandoeng.
Menggah tjarijosipoen kados ing ngandap poenika :
=== II. KIJAI AGENG BANDOENG KALIJAN RADEN PANDJI SANDJAJANGRANGIN BABAD WANA ING NGLOROG. ===
Katjarijos radèn adipati nagari Banḍoeng tanah Prijangan, kagoengan poetra kakoeng kekalih. Ananging poetra kekalih waoe
boten roekoen saé. Tansah tjetjongkrahan. Nalika ingkang rama
séda, sami apantja bakah rebat kawirjan. Wekasanipoen poetra
ingkang sepoeh kawon. Ladjeng lolos dateng nagari Padjang. Déné
ingkang enèm lestantoen anggentosi ingkang rama.
Poetra ingkang sepoeh waoe ladjeng kaseboet nama kjai Bandoeng. Wontenipoen ing Padjang boten soewita ing ratoe. Namoen
dados pagoeron. Moeridipoen katah. Kjai Bandoeng wonten Padjang boten kraos. Ladjeng ngalih dateng Panaraga. Sadoemoe<noinclude></noinclude>
03uotszbrtm593kdofx4topdyrz3xjc
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/5
250
22889
72556
2026-04-12T16:03:36Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72556
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||26}}</noinclude>nipoen ing Panaraga ladjeng soewita dateng Raden Adipati
Panaraga.
Nalika kjai Banḍoeng késah saking Padjang, wonten tijang trahing
prijantoen Padjang njantri dateng kjai Bandoeng, saha toemoet
dateng Panaraga, nama Radèn Pandji Sandjajangrangin. Sasampoenipoen katrimah pasoewitanipoen dateng Radèn Adipati Panaraga, kjai Bandoeng ladjeng matoer, jèn kapareng, njoewoen siti
wana baḍé kababad kadamel paḍoesoenan. Atoeripoen kjai Bandoeng dados kaparengipoen Radèn Adipati. Kjai Banḍoeng ladjeng
kaparingan wana ing pasisir kidoel, wiwit saking Kaliwoeloeh
mangétan doemoegi Nglorog, Panggoel toewin Soembreng. Déné
wates Kaliwoeloeh mangilèn ngantos doemoegi ing tanah Madja,
sampoen kaparingaken dateng kjai ageng Petoeng toewin kjai
ageng Posong. Waktoe poenika ing Petoeng saha ing Posong
sampoen redja. Kjai Bandoeng sanget bingah manahipoen, déné
panjoewoenipoen kaparengaken. Matoer sanget noewoen saha
njoewoen pangèstoe baḍé toemoenten biḍal. Radèn Adipati anglilani, saha paring pangèstoe anggèning babad wana sageda dados
redja. Kjai Bandoeng ladjeng biḍal saking Panaraga, saha ladjeng
andjadjah wana ingkang baḍé kababad. Radèn Pandji Sandjajangrangin oegi boten kantoen saha ambekta sakabat tijang Panaraga
sawatawis.
Nalika lampahipoen kjai Bandoeng doemoegi satoenggiling wana,
ladjeng witjanten dateng Radèn Pandji Sandjajangrangin makaten:
,,Sandjaja, ajo pada gawé pasanggrahan ana kéné, kanggo palérénan. Sadjroning ana kéné ija miling-miling karo njanding. Tegesé jèn ana papan kang loewih betjik saka iki, ija betjik ngalih.
Nanging jèn wis ora ana papan ngoengkoeli iki, ija betjik lestari
ana kéné baé, awit palemahan iki wis kaleboe betjik."
Raden Pandji Sandjajangrangin mitoehoe sapréntahipoen kjai
Bandoeng. Ladjeng wiwit ambabad wana sarta damel grija kanggé
pasanggrahan. Saladjengipoen dados redja sarta dados doesoen,
nama doesoen Sanggrahan. Doesoen Sanggrahan waoe ing djaman
sapoenika kaerèh distrik Patjitan.
Sasampoenipoen Pasanggrahan redja, kjai Bandoeng ladjeng
préntah dateng Radèn Pandji Sandjajangrangin, soepados ambabad
wana satjelakipoen redi Koenir. Pakèning kjai Bandoeng waoe
kalėksanan. Radèn Pandji Sandjajangrangin ladjeng dedoekoeh<noinclude></noinclude>
tuzuozyx16w9d3skhnwz85cx7m2pkiw
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/6
250
22890
72557
2026-04-12T16:09:57Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72557
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||27}}</noinclude>wonten ing wana satjelaking redi Koenir. Ing Saladjengipoen pa
doekoehan waoe redja saha saged dados doesoen, nama doesoe
Nglaran. Mila nama makaten, awit wiwitanipoen tjijoet, ananging
tansah dipoen elar, ngantos dados ageng saha wijar. Saking sedyanipoen kjai Bandoeng, ing Pasanggrahan dipoen enggeni pijambak, ing Nglaran soepados dipoen enggèni Radèn Pandji Sandjajangrangin.
Boten katjarijos sapinten laminipoen kjai Bandoeng wonten ing
doesoen Pasanggrahan. Noedjoe satoenggiling dinten kjai Bandoeng kalajan Radèn Pandji Sandjajangrangin késah andjadjah
wana. Mangétan ngantos doemoęgi Soembreng. Sakatahing pasitèa
ingkang kadjadjah waoe ingkang dados senenging manah namoeng
wana ing Nglorog, awit sitinipoen waradin saha radi wijar, eloh
saha mirah toja.
Leres ing ngrikoe taksih kaṭah rawanipoen, ananging rawa-rawa
waoe ing wingking mesti saged dados waled, saha baḍé dados pasabinan ingkang langkoeng loh. Awit saking poenika, kjai Bandoeng tjotjog kalijan Radèn Pandji Sandjajangrangin soemedya
baḍé wonten ing ngrikoe. Oegi ladjeng kalampahan. Déné ingkang
dipoen babad roemijin ing èrèng-èrèngipoen redi ingkang sisih kidoel. Saladjengipoen dados doesoen ingkang sakalangkoeng redja
ngantos sapriki. Doesoen waoe kawastanan doesoen Bandoeng.
Dados namining doesoen waoe kapitoeroetaken naminipoen ingkang tjikal bakal ing ngrikoe. Wiwit kala samanten kjai Bandoeng
kaseboet ing tjarijos ngrikoe nami kjai ageng Bandoeng. Déné
Radèn Pandji Sandjajangrangin inggih lestantoen toemoet wonten
ing ngrikoe.
Doesoen Pasanggrahan toewin Nglaran lestantoen dados redja.
Tetijang ing ngrikoe sami ngiḍep toewin manoet sapangrèhipoen
kjai ageng Banḍoeng toewin Radèn Pandji Sandjangrangin.
Sasampoenipoen kjai ageng Bandoeng manggèn wonten ing
Nglorog, tjiptaning manah sampoen marem sarta seneng, boten
pisan badé ngalih malih saking ngrikoe. Noedjoe satoenggiling
dinten kjai ageng Banḍoeng sowan Raḍèn Adipati Panaraga, njaosi
pirsa sadja ingkang sampoen kalampahan. Radèn Adipati sanget
bingahipoen. Saha ladjeng dawoeh makaten: Paman. Saniki si
paman koela angkat dados ngabèi ing tanah Nglorog. Moenggoeh<noinclude></noinclude>
ck7v29of6r1f899rb8njxqvq50ojhso
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/7
250
22891
72558
2026-04-12T16:16:22Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72558
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||28}}</noinclude>dadiné redja ing tanah Nglorog koela borongaké si paman. Déné
sowane si paman ḍateng Panaraga, sataoen kaping pindo, enggih
nikoe garebeg Moeloed sarta bakda Poewasa. Déné woedjoedé oepeti, enggih napa wetoené tanah ing nglorog."
Kjai ageng Bandoeng sanget bingah saha sanget panoewoenipoen. Sasampoenipoen anampèni dawoeh, ladjeng kalilan mantoek.
Sadoemoeginipoen ing grija, kjai ageng Banḍoeng ladjeng nglempakaken tijang ing doesoen Bandoeng, Pasanggrahan saha Nglaran.
Sasampoenipoen sami ngalempak sadaja, dipoen soekani soemerep
menggah dawoehipoen Radèn Adipati. Nawala pijagem teteping
pangkat ngabèi oegi kagijaraken ing katah. Tijang alit sadaja
sami soekoer, sami amastoeti poenapa ingkang kawrat ing nawala
pijagen. Ananging kjai ageng Banḍoeng, sanadjan sampoen angsal
pangkat ngabèi, taksih lestantoen kaseboet kjai ageng Bandoeng.
Noedjoe satoenggiling dinten kjai ageng Banḍoeng andjadjah
wana kaleres salèr-wétanipoen doesoen Bandoeng. Nalika lampahipoen watawis angsal tigang ondjotan, ing ngrikoe mireng soewantenipoen peksi prekoekoet kekaliḥ ingkang anggoengipoen sesaoeran. Kjai ageng Banḍoeng katjarjan mireng soewantening peksi
waoe. Mila lampahipoen ladjeng menggok anoeroet swantening
peksi. Sadoemoegining panggénan, soemerep peksi waoe méntjok
ing oewit tandjoeng sakembaran. Salèring oewit tandjoeng wonten
grija panḍapi madjeng mangidoel wangoenipoen djoglo. Sakidoelipoen panḍapi wonten masdjidipoen alit, pageripoen banon mentah.
Nanging sadaja waoe soeweng, boten wonten tijangipoen. Kjai
ageng Bandoeng sanget éram ing manah, déné satengahing wana
goeng liwang-liwoeng teka wonten grija toewin masjidipoen,
boten kantenan sinten ingkang damel sarta sinten ingkang gadah.
Pijambakipoen ladjeng loemebet ing panḍapi waoe. Ing ngrikoe
manggih serat sastra Djawi oengelipoen makaten: „Manawa alas
iki wis dibabad sarta wis dadi désa redja, panḍapa iki daktjadangaké sapa kang dadi loerah. Lan masdjid ing sakidoel koeloné iki
dianggoa panggonané moelang santri. Déné kang agawé pandapa
lan masdjid iki, akoe Soenan Geseng." Sasampoenipoen serat kawaos, kjai ageng Banḍoeng ladjeng loemebet ing masdjid. Ing
empjaking masdjid wonten kepèk satoenggal kagandoelaken. Kepèk
waoe ladjeng dipoen oeḍoenaken saha ladjeng kabikak. Isi rasoekan djoebah polèng sarta rasoekan sadarijah kesten petak. Sadaja<noinclude></noinclude>
e9m9kmn03rjcnutrl0hexdcgxlewapb
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/8
250
22892
72559
2026-04-12T16:22:15Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72559
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||29}}</noinclude>sami tenoenan Djawi. Sasampoenipoen dipoen tingali ladjeng
kawangsoelaken malih. Kjai ageng Bandoeng ladjeng nglestantoenaken pandjadjahipoen wana. Saking ngrikoe poeroegipoen ngalèr-ngétan oeroet pinggiring lèpèn Ngadiradja. Watawis angsal
lampahipoen kawan ondjotan, ladjeng njabrang dateng wétan
lèpèn. Wonten ing ngrikoe ladjeng masang bandéra wonten sapoetjaking kadjeng ageng. Sasampoenipoen ladjeng mantoek dateng
ing Bandoeng. Sadoemoeginipoen ing grija, kjai ageng Bandoeng
mratelakaken lampahipoen dateng Radèn Pandji Sandjajangrangin,
sarta ladjeng paréntah dateng Raden Pandji makaten:,,Sandjaja,
alas kang woes daktengeri bandéra, lemahé warata, loh sarta
moerah banjoe, Kang ikoe prajoga babaden. Sabandjoeré dadia
mélikmoe. Jèn woes betjik panggarapmoe, asilé bakal tjoekoep
kokpangan kalawan anak rabimoe kongsi toeroen-toemoeroen.
Déné prenahé saka kéné lor-wétan bener. Soepaja lakoemoe énggal
tekan, kowé nilasa dalan kang mentas dakambah maoe. Awit woes
daktrabasi."
Radèn Pandji Sandjajangrangin mitoehoe dateng pakèning kjai
ageng Bandoeng. Boten antawis lami saged dados redja sarta saged dados padoesoenan. Kanamakaken doesoen: Bandéra.
Saladjengipoen doesoen Bandéra waoe boten karangkep paketjapanipoen, nanging namoeng dipoen wantjah: Ndira.
Sasampoenipoen doesoen Ndira dados redja, Radèn Pandji
Sandjajangrangin ladjeng mbabad wana malih prenahipoen salèr-wétaning doesoen Ndira. Babadan waoe oegi ladjeng dados doesoen
ageng. Kanamakaken doesoen Ndjajan. Menḍet saking namaning
ingkang tjikal bakal. Radèn Pandji Sandjajangrangin gegrija wonten
ing doesoen Ndjajan. Ananging doesoen Ndira saha doesoen Nglaran taksih sami kaerèh ing pijambakipoen.
=== III. OENDOERIPOEN INGKANG SAMI TJIKAL-BAKAL SAKING PAPRENTAHAN ING NGRIKOE ===
Ing sasampoenipoen kjai ageng Banḍoeng kawisoeḍa dados
ngabei ing Nglorog, ladjeng rabi angsal anakipoen kjai ageng
Djantoer. Mitoeroet tjarijos njai ageng Djantoer poenika sanès
manoengsa, ananging widadari. Boten katjarijosaken rerontjènipoen. Kjai ageng Bandoeng sampoen gaḍah anak 4. Ingkang pambadjeng èstri, baṭoekipoen tjiri desok sarta pétak. Panggoeloe<noinclude></noinclude>
6qe44wr69tcc0ov4dz3nkaj8hlu1h8z
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/9
250
22893
72560
2026-04-12T16:27:53Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72560
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||30}}</noinclude>nipoen èstri, ajoe warninipoen Pandada, djaler nama Ki Manten;
inggih kaseboet Satrija. Déné waroedjoenipoen djaler, wasta Baji.
Katjarijos kjai ageng Bandoeng memitran saé kalijan kjai ageng
Klèsem saha kjai ageng Brontok. Ing wektoe poenika anakipoen
kjai ageng Bandoeng ingkang pambadjeng sampoen prawan. Kjai
ageng Klèsem anakipoen pambadjeng, djaler, wasta Ki Wanapala,
sampoen djaka ageng.
Anoedjoe satoenggiling dinten kjai ageng Klèsem toewi ḍateng
Bandoeng. Ing saladjegipoen kjai ageng Bandoeng nemboeng
dateng kjai ageng Klèsem, manawi sami sardjoe, Ki Wanapala
badé kapendet mantoe, dipoen angsalaken anakipoen pambadjeng.
Kjai ageng Klèsem sanget bingahing manah djoemoeroeng. Ananging soemados anakipoen baḍé dipoen tantoen roemijin. Kjai ageng
Klèsem ladjeng pamit. Sadoemoeginipoen ing grija anakipoen djaler ladjeng, dipoen tantoen, poenapa poeroen kapenḍet mantoe kjai
ageng Bandoeng, kaangsalaken anakipoen èstri ingkang pambadjeng. Ki Wanapala mopo, awit anakipoen kjai ageng Bandoeng
ingkang pambadjeng warninipoen koetjiwa sanget. Sasampoenipoen kjai ageng Klèsem angsal katrangan makaten, ladjeng wangsoel dateng ing Bandoeng, pratéla jèn Ki Wanapala boten poeroen
anglampahi, sabab saking boten tjotjog dateng warninipoen. Kjai
ageng Bandoeng sanget sisahipoen, mireng wangsoelanipoen kjai
ageng Klèsem makaten waoe. Wasana ladjeng witjanten makaten:
,,Adi Klèsem, sadaja waoe sésa² wonten sampéjan, boten wonten anak
boten manoet pangrèhing bapa. Sampoen ta, aḍi, jèn poetra sampéjan poeroen koela penḍet mantoe, pangkat ngabèi ing Nglorog
ladjeng koela pasrahaken poetra sampéjan. Koela ladjeng lèngsèr.
trimah momong poetoe."
Kjai ageng Klèsem ladjeng amangsoeli, temboengipoen makaten:
,,Manawi karsa sampéjan makaten, inggih koela tantoenipoen malih." Ladjeng pamit mantoek. Rerontjènipoen boten katjarijosaken.
Tjekakipoen Kjai ageng Banḍoeng sampoen kalampahan anggènipoen bésanan kalijan kjai ageng Klèsem. Sasampoenipoen Ki Wanapala dados mantoe, paos sadaja kapasrahaken dateng Ki Wanapala. Anoedjoe satoenggiling dinten kjai ageng Bandoeng witjanten
dateng mantoenipoen, temboengipoen: Tolé, kowe ambabada alas
saloré alas Tandjoeng. Ikoe gawénen désa, sarta omaha ing kono,
soepaja ing dina boeri ana patilasanmoe. Awit jèn wong ora doewé<noinclude></noinclude>
cedgdpw1devwwkjwm3kvwaawix4du1l
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/10
250
22894
72561
2026-04-12T16:35:06Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72561
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||31}}</noinclude>patilasan, oeripé kaja soewaraning gloeḍoeg. Sawisé lèrèn oeniné,
ora katoewan woedjoedé, sirna tanpa tilas? Déné alas Tandjoeng.
arep dakbabad ḍéwé, bakal dakgaḍangaké aḍimoe Ki Manten. Désa Bandoeng iki bakal diwarisaké marang aḍimoe ki Baji."
Ki Wanapala mitoehoe sapangrèhing mara-sepoehipoen. Ladjeng
ambabad wana salèring wana Tandjoeng. Edjing dateng babadan,.
sonten mantoek. Anoedjoe satoenggiling dinten Ki Wanapala saweg pinoedjoe mantoek, dipoen takèni mara-sepoehipoen: „Keprijé
tolé, anggonmoe babad apa wis amba." Ki Wanapala mangsoeli
poenapa wontenipoen.
Anoedjoe satoenggiling dinten Ki Wanapala sanget sajahipoen.
Sadinten boten neḍa. Doemoegi ing grija dèrêng ngantos linggih,
sampoen dipoen takèni mara-sepoehipoen: Kaprijé, tolé, apa babadanmoe woes amba?"
Wangsoelanipoen. semoe doso:,,O, bapak, daja wijara."
Kjai Bandoeng witjanten kanți rena, temboehgipoen: Babadanmoe ikoe jèn wis dadi désa, djenengna: Wijara
Ki Wanapala mangsoeli:,,Prajogi." Saladjenġipoen babadanipoen
Ki Wanapala poenika dados doesoen sakalangkoeng redja. Oegi
ladjeng kanamakaken Wijara. Sasampoenipoen kijai ageng Bandoeng masrahaken doesoen Wijara dateng Ki Wanapala, kjai
ageng pijambak ladjeng wiwit ambabad wana ing Tandjoeng. Ing
wektoe poenika kjai ageng Klèsem sampoen mantoe malih, adinipoen kjai Wanapala, kaangsalaken anakipoen kjai ageng Brontok,
sarta saladjenġipoen anak mantoenipoen kjai ageng Klèsem waoe
anggentosi padamelanipoen bapakipoen, inggih oegi kaseboet kjai:
Brontok
Anoedjoe satoenggiling dinten kjai ageng Bandoeng damel soemoer
wonten ing Soemoer Bandoeng. Nalika soemoer sampoen dados.
anakipoen kjai Bandoeng ingkang woeragil, nama Ki Baji, katjegoer ing soemoer, ngantos dados pedjahipoen. Nalika Ki Baji tilar
donja, kjai ageng Bandoeng saklangkoeng sisahing manah. Poenapa malih njai ageng Bandoeng. Anakipoen tansah dipoen emban
Badé dipoen koeboer boten soeka. Pangadjeng-adjengipoen mbokmanawi wangsoel gesang malih. Sareng tita boten saged gesang.
ladjeng witjanten dateng kjai ageng Bandoeng, temboengipoen
makaten,,Sarèhning sampéjan nikoe empoen kaseboet kjai ageng.
sarta empoen kasoewoer poendjoel ing apapak, mrdjol ing akerep.<noinclude></noinclude>
pupq8qj1t4z93jeo59irbwnwb145vl2
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/11
250
22895
72562
2026-04-12T16:40:35Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72562
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||32}}</noinclude>mesti sampéjan saged ngoeripaké wong kang empoen mati. Engga
ta, empoen kasoewèn. Anak koela sampéjan oeripaké. Jèn boten
saged oerip, koela adjeng ngetoetaké teng ngakérat."
Kjai ageng Banḍoeng mangsoeli:,,Njai, ora ana wong bisa ngoeripaké wong kang wis mati. Kang bisa awèh hawa, ora ana lijané
kedjaba Goesti Allah. Oewis ta, oewis. Ija nrimaa takdiring kawoela."
Njai ageng Bandoeng witjanten:,,Jèn makaten sampéjan nggih
nrimaa ing takdir, ming samanten watesé olèh koela tepoeng kalih
sampéjan." Sasampoenipoen makaten, koewandaning anakipoen
ladjeng kapasrahaken ḍateng ingkang djaler, pijambakipoen ladjeng
moesna mrajangjang dados widadari noenggil lan iboenipoen. Ing
wektoe poenika kasoeşahanipoen kjai ageng Bandoeng kénging
katemboengaken: soedoek goenting: 1. kétjalan anak. 2. kétjalan
rajat. Koewandanipoen Ki Baji ladjeng kakoeboer ing doesoen
Bandoeng.
Koeboeranipoen Ki Baji waoe saben malem Djoemoeah oetawi
Anggara kasih, katingal moeroeb angalad-alad. Awit saking poenika ladjeng kanggé pepoenḍèn, panjadranan toewin pakaoelan.
Poenika wiwit djaman samanten ngantos doemoegi sapriki. Ananging oeroebing makam Ki Baji waoe ing sapoenika boten temtoe,
trekaḍang saben malem Djoemoeah, trekaḍang 4 oetawi 5 Djoemoeah sapisan.
Kjai ageng Banḍoeng wiwitipoen manggih kasoesahan waoe sabab saking soemoer. Mila ladjeng pepali makaten:,,Ing désa Bandoeng salawas-lawasé adja ana wong gawé soemoer. Sapa kang
nradjang wewalerkoe iki, mesți bakal nemahi kasoesahan. Mangkono oega daktobataké toeroen pitoe, akoe emoh gawé soemoer
manèh."
Katjarijos ngantos ing dinten poenika ing doesoen Bandoeng bo-
ten wonten tijang ingkang poeroen damel soemoer. Samerginipoen
doemadakan kedah manggih kasoesahan. Sarta malih soemoer waoe
kerep sanget angsal tijang toewin kéwan, maésa, lemboe oetawi
kapal.
Ing satilaripoen Ki Baji, kjai ageng Bandoeng ladjeng ngalih saking doesoen Bandoeng aḍedekah wonten ing wana sakidoelipoen
doekoeh Tandjoeng. Dados ing wektoe waoe kjai ageng Bandoeng
anggènipoen damel padoekoehan sampoen kalih. Doekoehan éng<noinclude></noinclude>
bla4lxry7qfu5c09y2sxvqcpeb11dwi
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/12
250
22896
72563
2026-04-12T16:48:38Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72563
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||33}}</noinclude>gal poenika pantjèn katjaḍangaken dateng anakipoen pandada,
wasta Ki Manten oetawi Satrija. Mila dèrèng ngantos dados babadan, sampoen dipoen namakaken Satrijan, tegesipoen panggénanipoen Satrija. Ing wektoe poenika Satrija sampoen angadjengaken tetak. Doekoehan Tandjoeng saha Satrijan boten lami
dados doesoen ageng sarta redja. Kjai ageng Bandoeng gegrija
wonten doesoen Satrijan, amomong anakipoen inggih poenika Ki
Manten oetawi Satrija.
Ing nalika papréntahan katjepeng Ki Wanapala, Radèn Pandji
Sandjajangrangin sakit manahipoen. Sabab ingkang sapisan, papréntahanipoen Ki Wanapala boten adil. Ingkang kaping kalih,
roemaos boten soemanggem angloerah dateng Ki Wanapala. Djalaran saking nalar makaten poenika, Ki Wanapala ngantos soelaja
kalijan Radèn Pandji Sandjajangrangin. Sarèhning Radèn Pandji
Sandjajangrangin taksih ngèngeti ḍateng kjai ageng Bandoeng, nanging boten saged tepang saé kalijan Ki Wanapala, mila doesoenipoen nijat baḍé kapasrahaken ḍateng anakipoen djaler wasta: Jangnalakreti. Déné pijambakipoen badé wangsoel dateng ing doesoen
Nglaran, inggih poenika babadanipoen lami.
Sasampoenipoen nijat makaten waoe dipoen emataken, ladjeng
pamit dateng ingkang èstri, temboengipoen:,,Njai, sarèhning akoe
woes toewa, anakmoe wis geḍé, désa iki arep dakpasrahaké marang anakmoe Jangnalakreti. Déné akoe arep bali menjang ing
Nglaran. Kowé karia ana kéné momong anakmoe. Jèn akoe mati,
karebèn dikoeboer ana Nglaran,, Awit ikoe babadanakoe. Koeboerkoe dadia patoking désa Nglaran. Dadi babadanakoe maoe
dak-enggoni oerip ija dak-enggoni mati. Jèn kowé toemeka ing djandji, karebèn ditjandi ana ing désa Ndjaja kéné. Dadia pepoenḍèné
anak poetoe kang ana ing kéné." Njai Sandjajangrangin mitoehoe
poenapa sapangrèhipoen ingkang djaler. Ing saladjengipoen Radèn
Pandji Sandjajangrangin ladjeng ngalih dateng doesoen Nglaran.
Wonten ing ngrikoe boten lami ladjeng tilar donja, saha ladjeng
kakoeboer wonten ing ngrikoe oegi. Wiwit djaman samanten
ngantos djaman sapoenika, makamipoen Radèn Pandji Sandjajangrangin dados pepoenḍèn, panjadranan, pakaoelan toewin panepènipoen tijang katah. Ingkang dados djoeroe-koentjinipoen inggih
tijang ing Nglaran ngrikoe. Djoeroe-koentji waoe wiwit djaman
kina ngantos sapoenika, tansah toeroen-toemoeroen.<noinclude></noinclude>
forsjpafieadwh9cf8xt5ulz7s2rgvu
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/13
250
22897
72564
2026-04-12T17:04:00Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72564
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||34}}</noinclude>Ingkang sami ngloeloeri toewin sedjarah dateng makamipoen Radèn Pandji Sandjajangrangin, boten ngemoengaken tijang Patjitan
kemawon, dalah tijang saking mantja nagari katah ingkang mrelokaken njekar dateng makamipoen Radèn Pandji Sandjajangrangin. Kala samanten tijang-tijang ing Nglorog anjeboet dateng
Radèn Adipati ing Panaraga: Goesti Panaraga.
=== IV. TJARIJOSIPOEN KI WANAPALA KALIJAN KI MANTEN. ===
Anoedjoe satoenggiling dinten kjai ageng Bandoeng sandjang
dateng Ki Wanapala, temboengipoen: „Tolé, bésoek garebeg
Moeloed ngarep iki kowé sowana menjang Goesti Panaraga. Jèn didangoe, iją matoera jèn kowé mantoekoe kang toewa déwé, sarta
kang dakpasrahi pagawéan."
Kjai Wanapala tanggap dateng préntahing marasepoehipoen.
Sareng sampoen doemoegi ing mangsa ladjeng biḍal dateng ing
Panaraga, mawi oepatjara toewin bebektanipoen marasepoehipoen.
Sadoemoegining Panaraga ladjeng sowan ḍateng Raden Adipati
saha kadangoe:,,Kowé ikoe sapa?"
Ki Wanapala anggantjaraken jèn pijambakipoen poenika anakipoen ingkang pambadjeng kjai ageng Klèsem saha kapenḍet mantoe ing kjai ageng Bandoeng, kaangsalaken anakipoen èstri ing
kang pambadjeng. Sarèhné sapoenika kjai ageng Bandoeng sampoen sepoeh saha sakiten, boten koewawi njanggi ajahaning nagari,
mila sadaja padamelanipoen kapasrahaken dateng pijambakipoen.
Radèn Adipati andangoe malih, poenapa kjai ageng Bandoeng boten gaḍah anak djaier. Ki Wanapala sanget kawekèn manah. Badé
matoer jèn gaḍah, pangkat ngabèi ing Nglorog mesti boten badé
dawah ing pijambakipoen. Mila ladjeng matoer dora, jèn kjai ageng
Banḍoeng boten gaḍah anak djaler. Leres ing soewaoe gaḍah anak
djaler, ananging sampoen pedjah kadjegoer soemoer. Radèn Adipati
ngandika Jèn mengkono wiwit dina iki kowé daktetepaké makili
pagawéané maratoewamoe. Nanging sabarang gawé kang preloe
kowé adja ngoengkoeraké maratoewamoe. Kowé ija bandjoer daktetepaké dadi ngabei ing Nglorog. Ora loewih pandjaloekkoe marang kowé, ing Nglorog bisaa moendak redja."
Saladjengipoen Ki Wanapala kaḍawoehan mantoek. Saben-saben<noinclude></noinclude>
1zj5ezjl84q0lzjxhwsswdfpi50jcqf
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/14
250
22898
72565
2026-04-12T17:09:47Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72565
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||35}}</noinclude>garebeg Moeloed sarta bakda Sijam Ki Wanapala sowan ing Radèn Adipati Panaraga.
Ki Wanapala lestantoen dados ngabèi ing Nglorog. Kjai ageng
Bandoeng namoeng amegawan toewin momong anakipoen djaler
ingkang nama Satrija wonten ing Satrijan. Kala samanten ing
Nglorog sampoen kaṭah tijang damel. paḍoekoehan, kadosta: ing
Garèng, ing Tjirebon, ing Barak toewin sanès-sanèsipoen, sarta padoekoehan waoe énggal dados redja. Nalika Satrija sampoen dados
djaka ageng, kjai ageng Bandoeng tilar donja, oegi ladjeng kakoeboer wonten ing doesoen Satrijan. Wiwit djaman samanten ngantos
doemoegi ing dinten poenika, makamipoen kjai ageng Bandoeng
kadamel pepoenḍèn tijang ngrikoe. Satilaring bapakipoen, Satrija
ladjeng boten poeroen njepeng doesoen. Déné ingkang nindakaken
padamelan nagari inggih poenika embanipoen nalika alit.
Satilaripoen kjai ageng Banḍoeng, Ki Wanapala ladjeng lapoer
dateng Radèn Adipati Panaraga, jèn pedjahipoen marasepoeh sakit
sepoeh. Boten antawis lami saking anggenipoen tilar donja kjai
ageng Bandoeng, Ki Wanapala tampi nawala pijaġem saking Radèn Adipati Panaraga katetepaken dados ngabèi oetawi wadana
goenoeng ing Nglorog. Sasampoenipoen Ki Wanapala dados wadana goenoeng ing Nglorog; laladan ing Klèsem kadadosaken satoenggal kalijan laladan ing Nglorog.
Menggah pangerèhipoen Ki Wanapala dateng bawahanipoen
boten adil, kadosta padamelan, pasanggèn paos toewin sanès-sanèsipoen, poenika sesanggènipoen tijang Nglorog kadamel awrat
tinimbang tijang Klèsem. Poenapa malih kaṭah sanakipoen saking
Klèsem ingkang kamoektèkaken wonten Nglorog. Déné sanak sarta
kawoela kraga saking Bandoeng boten patos dipoen predoeli. Djalaran saking nalar makaten waoe, sanak ingkang saking kjai ageng
Bandoeng sami serik manahipoen dateng Ki Wanapala. Sami saijeg
badé ngloengsoer Ki Wanapala saha. badé ngangkat dateng Ki
Manten. Rembagipoen, sami baḍé sowan ing Radèn Adipati Panaraga, njaosi priksa: 1e jèn Ki Wanapala dora anggènipoen matoer.
jèn kjai ageng Bandoeng boten gaḍah anak djaler. 2e. Jèn pangréhipoen Ki Wanapala dateng tijang alit ambaoe kapèni, boten adil.
Rembag makaten waoe dipoen soelajani déning embanipoen Ki
Manten ingkang makili njepeng doesoen Satrijan. Witjantenipoen
makaten Karepmoe maoe woes bener banget lan wadjib lina<noinclude></noinclude>
m531b1czaskgf9v9d2rwsor42eyzt96
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/15
250
22899
72566
2026-04-12T17:14:56Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72566
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||36}}</noinclude>konan. Nanging trapé ora kaja mangkono. Jèn nganti kalakon kaja
remboegmoe ikoe, ora woeroeng bakal gawé dahoeroe. Barang prakara ikoe oepamakna kaja wong golèk iwak, kang bening banjoené
lan kang kena iwaké. Kowé nedya males marang kjai Wanapala
ikoe woes bener, nanging kowé apa lali, kjai Wanapala ikoe sapa.
Lan manèh apa kowé ora ngéman marang swarginé kjai ageng
Bandoeng. Tanah Nglorog iki sanjatané rak wis dirilakaké marang
kjai Wanapala, minangka kanggo njasrahi njai Wanapala. Jèn kowé arep ngloengsoer kjai Wanapala, prasasat kowé njelet pradjandjianė swargi kjai ageng Bandoeng. Kang mesti kowé kabèh bakal
kena wilalat. Déné remboegkoe mangkéné:,,Jèn kjai Wanapala
sowan marang Panaraga, Ki Manten baé dikona mèloe kangmasé
sengadi kepengin weroeh ing kaḍaton Panaraga. Jèn bisa klakon.
Goesti Panaraga bisa weroeh marang Ki Manten, mesti didangoe.
djalaran roepané Ki Manten njamleng karo swargi kjai ageng Bandoeng. Déné jèn Goesti Panaraga pirsa jèn Ki manten ikoe poetrané kjai ageng Bandoeng swargi, kaja-kaja pangkat ngabèi bandjoer diparingaké marang Ki Manten."
Rembag makaten poenika dipoen éstokaken dateng tijang katah.
Nalika kjai Wanapala badé sowan dateng Panàraga, Ki Manten
dipoen poerih némboeng toemoet dateng embanipoen. Ladjeng kepanggih sarwi witjanten dateng kjai Wanapala makaten:,,Kakang.
manawi sampéjan kapareng, koela badé andèrèk dateng Panaraga,
1. koela kepengin soemerep kaḍaton; 2. kepénging badé soemerep
grebeg."
Kjai Wanapala mangsoèli: Adja di, kowé betjik toenggoewa
omah baé. 1. Andjaga mbakjoemoe; 2. wong mleboe menjang Panaraga ikoe akèh bebajané. Apa manèh kowé kepéngin mleboe kedaton, ikoe sansaja akèh dirgamané. awit kowé doeroeng weroeh
pisan-pisan marang tjara kang kanggo ing kaḍaton. Wis ta, adja
akèh-akèh kang kopikir kowé moektia ana ngomah baé, akoe
déwé kang nglakoni rekasané."
Menggah pamenggakipoen kjai Wanapala waoe, namoeng awit
saking soemelang. Jèn Ki Manten toemoet dateng Panaraga, boten
wandé Raden Adipati Panaraga pirsa jèn ki ageng Bandoeng gadah anak djaler. Wekasan dora tjaranipoen baḍé kawijak.
Ki Manten ladjeng mantoek sarta ladjeng mratelakaken dateng
embanipoen, poenapa rembagipoen ki Wanapala. Emban witjan<noinclude></noinclude>
t5j8ryc57988fsz0mbt3fng1p1hls5t
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/16
250
22900
72567
2026-04-12T17:20:21Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72567
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||37}}</noinclude>ten: ,,Ija ta, sapisan iki toeroeten. Mbésoek baé jèn arep séba menjang Panaraga manèh, kowé nemboenga mèloe manèh!"
Katjarijos saben kjai Wanapala baḍé sowan dateng Panaraga,
Ki Manten nemboeng badé toemoet, ananging tansah dipoen pambengi sarta dipoen pakèwedi. Ki Manten inggih manoet kemawon,
Sareng anggèning nemboeng baḍé toemoet sampoen rambah kaping
sakawan, ladjeng dipoen weling embanipoen,,Jèn kowé mengko
dianḍeg manèh, menenga baé, sarta jèn dipasrahi kon toenggoe omah ija menenga baé, adja njagoehi, sarta bandjoer moeliha."
Sajektos, sareng Ki Manten nemboëng baḍé toemoet, djalaran
sanget kepénginipoen baḍé soemerep kaḍaton, meksa dipoen pambengi; saha dipoen poerih tengga grija, ki Manten kèndel kémawon.
Ladjeng mantoek. Sadoemoeginipoen ing grija ladjeng wewartos
dateng embanipoen. Poen emban ladjeng dandos, anata sangoe,
oetawi sanès-sanèsipoen ingkang preloe-preloe sarta nglempakaken
sanak saḍèrèk ingkang badé toemoet.
Sareng sampoen doemoegi mangsanipoen kjai Wanapala boedal
ing Panaraga, watawis kalih dinten ki Manten dipoen sandjangi
déning embanipoen: „Saiki kowé noesoela marang kakangamoe,
samangsa goesti Panaraga woes mijos siniwaka, sarta kakangmoe
woes séba, kowé bandjoer séba ana saboeriné kakangamoe tjaket
Nanging sadoeroengé mangsa poma kowé adja kasoemoeroepan
kakangamoe."
Ki Manten mitoehoe sarèhing embanipoen. Ladjeng noesoel
dateng kijai Wanapala. Ingkang ngeteraken sadaja laré-laré barakanipoen, sarta boten pirsa dateng gelitaning nalar. Déné embanipoen poenapa déné para sepoeh sanèsipoen namoeng anglawani
saking tebihan kémawon. Pamrihipoen soepados kijai Wanapala
sampoen ngantos soemerep dateng nalar waoe, ingkang dipoen
maha sarta nijat baḍé angloengsoer ḍateng pijambakipoen.
Menggah saking rerontjènipoen boten katjarijos. Nalika kijai
Wanapala sowan ing radèn Adipati, ki Manten ladjeng noesoe
sarta linggih sawingkingipoen kijai Wanapala. Nanging kijai Wa
napala boten pirsa. Sareng ki Adipati pirsa dateng ki Manten, ladjeng andangoe dateng kijai Wanapala, makaten:,,Wanapala, botjah kang loenggoeh ana boerimoe ikoe sapa, déné roepané teka
djiblės kaja selameté paman Bandoeng."
Kijai Wanapala nolih, soemerep kijai Manten sanget ka<noinclude></noinclude>
bxa0k83wbrdyvvu9pex2i6g5j02en6c
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/17
250
22901
72568
2026-04-12T17:26:34Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72568
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||38}}</noinclude>gètipoen. Temahan ladjeng matoer balaka. Temboengipoen:,,O,
ila-ila poenapa, goesti, jèn ta kawoela matoera dora ing pandjenengan dalem. Temenipoen inggih jektos poenika anakipoen djaler
wiloedjengipoen mara-sepoeh."
Radèn adipati ngandika malih:,,Saka kanḍamoe paman Bandoeng ora doewé anak lanang."
Kjai Wanapala boten saged mangsoeli. Tjekakipoen prakawis
sadaja waoe sampoen kaoeningan déning radèn adipati. Radèn adipati ladjeng ngandika:,,Wanapala, ija bener rilané maratoewamoe
kowe sing dipasrahi pagawéané. Nanging kowé weroeha, jèn
pangkat ngabèhi ikoe doedoe pangkaté bapakmoe, nanging akoe
kang doewé: Saiki karepkoe kang dak-angkat dadi ngabèi ing
Nglorog ija ikoe aḍimoe si Satrija, déné kowé dakpinta dadi pamomongé oetawa tetoewané aḍimoe. Sabab, angger kanggo ing
ratoe, prijaji kang katrima ikoe pagawéané koedoe toemoeroen
marang anaké lanang. Kena oega ditoeroenaké marang anaké wadon, samono ikoe jèn ora doewé anak lanang. Awit saka ikoe ing
dina iki oega: épok, lampit lan pajoeng paḍa pasrahna marang
adimoe."
Kjai Wanapala boten mawi soewala. Sadaja dawoehipoen radèn
adipati dipoen sandikani. Ing sanalika poenika ladjeng nampèkaken: épok toewin songsongipoen ḍateng ki Manten. Sasampoening
nampèkaken ladjeng witjanten: „Aḍi, prakara pagawéan ing kéné
toetoegna. Akoe dakmoelih disik. Awit ing ngomah banget soemelangé, jèn akoe oetawa kowé salah sidji ora ana ngomah."
Ki Manten nampèni épok, lampit toewin songsong, sarta anajogjani ki Wanapala mantoek roemijin.
Ki Manten sampoen tetep dados ngabèi ing Nglorog. Nanging
boten katjarijos sapinten laminipoen wonten ing Panaraga, pijambakipoen ladjeng mantoek ḍateng Nglorog andjoedjoeg dateng
Wijara.
Njai Wanapala pitakèn,,Kakangmoe ana ngendi, teka ora bareng karo kowé?"
Ki Manten anjarijosaken sadaja ingkang sampoen kalampahan.
Njai Wanapala sanget sisahipoen. Pijambakipoen sampoen nginten
jèn ki Wanapala isin mantoek. Njai Wanapala witjanten dateng
ingkang raji Ki Manten, sarèhning kakangmoe doeroeng moelih
ija golèkana sing nganti katemoe."<noinclude></noinclude>
38es96pd23wium2djzute0avsch7h81
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/18
250
22902
72569
2026-04-12T17:32:56Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72569
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||39}}</noinclude>Ki Manten ladjeng préntah dateng para sepoeh toewin para bekel
ing doesoen-doesoen, soepados madosi ki Wanapala.
Katjarijos nijatipoen ki Wanapala pantjèn boten mantoek dateng
doesoen Wijara, djalaran saking sangeting wirangipoen. Mila saoendoering saking Panaraga, ladjeng tapa wonten ing satoenggiling
redi kaprenah salèripoen doesoen Wijara, tebihipoen kinten² 6 pal.
Tetijang ingkang sami madosi kijai Wanapala wonten ingkang
nitik dateng Panaraga, wonten ingkang madosi dateng Klèsem.
toewin dateng sanès-sanèsipoen doesoen, saha wonten ingkang
ngoebres ing redi-redi, wana-wana saha goewa-goewa.
Ing satoenggaling dinten wonten tijang ingkang madosi dateng
wana. Saking katebihan soemerep jèn poetjaking redi wonten koekoes koemendeng. Tijang waoe angoenandika makaten: „Goenoeng kang katon ana koekoesé koemenḍeng ikoe mesti ana wongé.
Mbokmanawa kjai Wanapala ana ing kana." Mila tijang waoe
ladjeng moeroegi ḍateng prenahing koekoes. Sadoemoegining ngrikoe soemerep kjai Wanapala pitekoer ing goeboeg. Dipoen tjelaki
ladjeng dipoen witjanteni. Temboengipoen: ,,Kjai, koela dipoen
kengkèn raji sampėjan njai Wanapala toewin ki Manten, sampėjan
dipoen atoeri koendoer."
Kjai Wanapala mangsoeli: „Kowé toetoera marang njai toewin
marang si adi ki Manten, akoe wis ora nijat moelih menjang Wijara, sedyakoe arep dedoekoeh ana ing kéné."
Kéngkénan ladjeng wangsoel. Sadoemoeginipoen ing grija ladjeng pratéla dateng ki Manten toewin njai Wanapala, temboengipoen: „Raka djengandika sampoen pinanggih wonten redi ingkang
wonten koekoesipoen katingal saking ngriki poenika. Sampoen
koela atoeri koendoer, nanging boten poeroen, saking rembagipoen
badé ladjeng deḍoekoeh wonten ing ngrika."
Wiwit kala samanten ngantos sapriki redi panggénanipoen kjai
Wanapala waoe, dipoen namakaken redi Koemoekoes.
Nalika ki Manten tampi katrangan waoé, pijambakipoen kanti
tijang sepoeh-sepoeh sawatawis sami ḍateng redi Koemoekoes.
moeroegi kjai Wanapala. Ki Wanapala dipoen rapoe katah-katah
déning kjai Manten, saha para sepoeh, nanging kekah boten poeroen. Boten antawis dangoe njai Wanapala dateng sarwi nangis
ladjeng ngrangkoel soekoenipoen kjai Wanapala, katah rembagipoen, temboengipoen makaten: „Kaprijé, kjai, déné kowé nepsoni<noinclude></noinclude>
1tqt5hfitlbas3qyk6xqqzrcpgouzk0
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/19
250
22903
72570
2026-04-12T17:39:41Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72570
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||40}}</noinclude>akoe lan anak-anakmoe, dosakoe apa? Prakara kowé diloengsoer
saka kaloenggoehanmoe, koewi rak doedoe salahé aḍimoe. Adimoe
rak ora nedya ngreboet pangkatmoe. Poeloeh-poeloeh wong wis
saka kresané goesti, kaprijé. Jèn kowé ora gelem moelih ija apa
sakarepmoe, ananging adja sing kowé isih manggon ana boemi,
sanadjan ana sagara geni, akoe ija mèloe."
Ki Manten namboengi rembag: „,Inggih, kakang, sampéjan koela
atoeri mantoek. Sampéjan welasa dateng mbakajoe saha poetra²
sampéjan. Kalijan malih kresa sampéjan ingkang makaten waoe
lepat. Awit koela boten nijat ngenḍih pangkat sampéjan. Sadasa
kadospoendi tijang saking kresanipoen goesti. Ingkang dipoen isini
sinten. Poenapa sampéjan isin sarta boten narimah dateng ratoe?
Saha malih sanadjan sampéjan boten dados ngabèi, kawibawan
sampéjan boten baḍé éwah, awit ingkang anggentosi Roela. Poenapa sakarsa sampéjan koela pitoeroeti."
Kjai Wanapala mangsoeli:,,Njai, woes pinasti karsaning. Allah,
ora kena akoe bali moelih menjang Wijara. Lan aḍi ki Manten,
akoe ndjaloek toeloeng, omahkoe kang sidji beḍolen, edegna ana
pèrènging goenoeng saḍoewoering kali Atas. Sarta mbokajoemoe
bojongana mréné, jèn omah woes ngadeg, sarta mbokajoemoe woes
kobojongi, akoe toemoeli teka ing kono. Déné omahkoe pandapa
sarta pagawéankoe kaloerahan ing désa Wijara pasrahna marang
anakmoe si Redigoena. Saiki mbokajoemoe adjaken moelih."
Ki Manten mitoehoe sapakènipoen kijai Wanapala, Sadoemoeginipoen ing grija ladjeng ambeḍol grijanipoen kjai Wanapala. Ing
saladjengipoen kaedegaken ing pèrèngipoen redi sanginggilipoen
lèpèn Atas.
Anoedjoe satoenggiling, dinten, njai Wanapala witjanten dateng
ingkang djaler Kijai, paḍoekoehanmoe iki tjatjadé adoh karo
banjoe. Ikoe kang agawé ora krasankoe ana kéné. Djalaran akoe
iki nglakoni ngibadah. Sadina kaping lima ndjoepoek banjoe woeloe menjang ing kali. Mangka moenggah moeḍoen samana doewoeré.
Satemené banget temen rekasakoe prakara banjoe."
Kijai Wanapala boten mangsoeli, nanging ladjeng medal saking
grija sarwi ambekta etjis. Séla ageng ingkang wonten sawétaning
grija dipoen etjis. Séla ageng ingkang kadjodjoh ing etjis ladjeng
bengkah. Koemepjoering petjahan séla sareng kalijan semboerating<noinclude></noinclude>
5hlvli7734is765l7cwwzovgbv59gfv
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/20
250
22904
72571
2026-04-12T17:47:00Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72571
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||41}}</noinclude>toja saking petjahaning séla waoe. Ing ngrikoe ladjeng dados soember ingkang langkoeng ageng saha bening.
Wiwit ing djaman samanten ngantos ing djaman sapoenika, kijai
Wanapala kaseboet nama kijai Kapjoran. Awit mendet saking
koemepjoering séla ingkang kataman ing etjis waoe sarengan kalijan pantjoerating toja ingkang swantenipoen mak pjor.
Kjai Kapjoran dalah ingkang èstri lestantoen manggèn ing ngri-
koe. Pasaréan Kapjoran ngantos sapriki taksih dipoen loeloeri
kanggé panjadranan, pakaoelan, panepèn toewin kanggé tirakatan
déning tijang katah. Panggènaning koeboeran waoe wonten lebet
grijanipoen kijai Kapjoran. Dados tjoengkoebing makaman inggih
tilas grija ingkang dipoen enggèni kijai Kapjoran.
Déné Ki Manten lestantoen dados ngabèi wonten ing Nglorog.
Gegrija wonten ing doesoen Kasatrijan. Ing saladjengipoen toeroen-toemoeroen dateng anak-poetoenipoen sami angloerahi doesoen
Satrijan.
Menggah toeroenipoen kijai ageng ing Bandoeng ingkang medal
saking ki Manten, kados ing nganḍap poenika:
# Kijai ageng Bandoeng, pangkat ngabèi.
# Ki Manten.
# Demang Singamredjaja I
# {{tab}},,{{tab}},,{{tab}} II
# {{tab}},,{{tab}},,{{tab}} III oegi kaseboet kijai Satrijan.
# Djajaoetama, pangkat bekel.
# Singadjiwa, {{tab}},,{{tab}},,
# Setrawidjaja, bekel sapoenika.
Sapengkeripoen radèn pandji Sandjajangrangin saking ing doesoen Djajan, njai Sandjajangrangin tilar donja. Oegi ladjeng kakoeboer ing doesoen Djajan, Koeboeran waoe ngantos sapriki dipoen loeloeri. Doesoen Djajan wiwit samanten ngantos sapriki tak
sih lestantoen. Anak-poetoenipoen radèn pandji Sandjajangrangin,
oeroet-oeroetanipoen kados ing nganḍap poenika :
# Radèn Pandji Sandjajangrangin.
# Jang Nalakreti.
# Jang Djakreti.
# Pranajoeda I.
# Kretajoeda.
# Pranajoeda II.<noinclude></noinclude>
6omf3ihbre7jxj3lvhorzfqsbrzvvmk
Kaca:Serat Babad Nglorog.pdf/21
250
22905
72572
2026-04-12T17:54:35Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
72572
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||42}}</noinclude># Wanasedira.
# Karjasedira.
# Karjadimedja, loerah doesoen sapoenika. Karjadimedja sampoen
anak-anak.
# Partadimedja, kamisepoeh oegi ing doesoen Djajan.
Sasampoenipoen kijai Wanapala kaloengsoer saking pangkatipoen ngabèi, pijambakipoen ladjeng ngalih dateng doesoen
Kapjoran, kados ingkang sampoen kapratélakaken ngadjeng. Déné
padamelan panjepéngipoen doesoen Wijara kapasrahaken dateng
anakipoen djaler nama: Redigoena.
Toeroenipoen kijai Kapjoran ingkang sami ngloerahi doesoen
Wijara, kados ing nganḍap poenika :
# Kijai Wanapala, inggih kijai Kapjoran.
# Redigoena.
# Kijai Kretapala.
# Kijai Kretipala.
# Kijai Soeradinama, dados panèwoe ing Panggoel. Déné ingkang dados loerah ing Wijara, sanès toeroenipoen kijai Kapjoran. Kijai Soeradinama noeroenaken :
# Goenadrana, dados panèwoe patih ing Nglorog. Kijai Goe-
nadrana noeroenaken :
# Tjitrawidjaja, oetjeng ing doesoen Wijara.
Nalika kijai Wanapala dados ngabèi, pijambakipoen damel grija
kalih, Ingkang satoenggal grija wingking wangoen limasan, Satoenggalipoen grija ngadjeng wangoen djoglo. Grija ingkang wingking kabekta ḍateng Kapjoran. Saladjengipoen kanggé tjoengkoep
pakoeboeranipoen kijai Wanapala. Déné grija djoglo katilar wonten ing doesoen Wijara. Ngantos dinten poenika taksih dipoen
enggèni déning ....... loerah dongkol sapoenika ing doesoen Wijara. Déné ...... waoe toeroen kaping pitoe pantjer djaler saking kijai Wanapala.
Grija jasanipoen kijai Wanapala ingkang taksih dipoen enggèni
déning ........... agengipoen petjak 40, inggilipoen saka goeroe
namoeng 8 kaki, dados grija waoe sanget anḍapipoen. Bebaloenganing grija sadaja saking kadjeng randoe koening. Soendoek,
toempang, dada peksi mawi dipoen oekir. Sawawratipoen, oekir-oekiranipoen inggih radi lemes sarta aloes. Tjatokanipoen sakalangkoeng rapet. Pandameling saka sapanoenggilanipoen boten<noinclude></noinclude>
n6lz1f9o5oy9lcr9m18il91hy0nas6q
Kaca:Babad Diponegoro L.Or. 6547.pdf/140
250
22906
72574
2026-04-13T05:14:38Z
Devi 4340
509
ꦏꦶꦮ
72574
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="1" user="Devi 4340" /></noinclude>{{jawa|ꦧꦺꦲꦶ꧈ꦲꦶꦁꦥꦛꦶꦲꦶꦪꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈ꦭꦮꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦤꦫꦶꦁꦤꦩꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦢꦺꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦾ꧈ꦏꦶꦗꦸꦫꦸꦩꦺꦴꦟ꧀ꦢꦫꦏ꧈ꦥꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦛꦶꦤꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦢꦶꦥꦠꦶꦧꦽꦒꦺꦴꦭ꧈
꧅ꦩꦼꦁꦏꦤꦱꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦲꦢꦶ꧈ꦫꦶꦱꦮꦸꦱ꧀ꦥꦔꦸꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈ꦤꦸꦭꦾꦲꦠꦼꦠꦤ꧀ꦚꦩꦁꦏꦺꦴ꧈ꦲꦺꦃꦏꦶꦗꦼꦧ꧀ꦧꦺꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦾ꧈ꦭꦺꦃꦲꦶꦫꦏꦂꦪꦏꦸꦛ꧈ꦲꦶꦏꦸꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦤꦺꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦱꦶꦱꦶꦏꦸꦩꦫꦁꦲꦒꦩ꧈
꧅ꦭꦤ꧀ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ꦲꦶꦮꦺꦤ꧀ꦤꦺꦫꦺꦏꦶ꧈ꦠꦼꦏꦤꦺꦴꦫꦔꦁꦒꦺꦴꦏꦟ꧀ꦝꦁ꧈ꦲꦶꦏꦸꦪꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦴꦩꦤ꧀ꦤꦃ꧈ꦏꦉꦥ꧀ꦥꦶꦫꦏꦸꦥꦱꦿꦃ꧈ꦩꦫꦁ[ꦪ꧀ꦪꦁ]ꦩꦲꦩꦸꦭꦾ꧈ꦤꦔꦶꦁꦥꦱꦿꦃꦲꦶꦫꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦏꦟ꧀ꦝꦁꦔꦤ꧀ꦠꦼꦏꦧꦸꦂꦫꦶꦪ꧈
꧅ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦠ꧀ꦮꦩꦼꦏ꧀ꦱꦶꦃ꧈ꦱꦶꦫꦗꦼꦧ꧀ꦧꦺꦁꦩꦺꦴꦟ꧀ꦢꦫꦏꦢꦠꦤ꧀ꦤꦤꦥꦼꦔꦿꦱꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦏꦶꦩꦺꦴꦟ꧀ꦢꦫꦏ꧈ꦢꦠꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦠꦸꦂꦫ꧈ꦗꦼꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦫꦸꦩ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦤꦺꦏꦶꦱꦺꦤꦥꦠꦾ
꧅}}<noinclude></noinclude>
e8duztfcb39fy7dg7fdnvxbrc2g97lv
72575
72574
2026-04-13T05:15:29Z
Devi 4340
509
ꦪꦾꦁ
72575
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="1" user="Devi 4340" /></noinclude>{{jawa|ꦧꦺꦲꦶ꧈ꦲꦶꦁꦥꦛꦶꦲꦶꦪꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈ꦭꦮꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦤꦫꦶꦁꦤꦩꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦢꦺꦤ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦾ꧈ꦏꦶꦗꦸꦫꦸꦩꦺꦴꦟ꧀ꦢꦫꦏ꧈ꦥꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦛꦶꦤꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦢꦶꦥꦠꦶꦧꦽꦒꦺꦴꦭ꧈
꧅ꦩꦼꦁꦏꦤꦱꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦲꦢꦶ꧈ꦫꦶꦱꦮꦸꦱ꧀ꦥꦔꦸꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈ꦤꦸꦭꦾꦲꦠꦼꦠꦤ꧀ꦚꦩꦁꦏꦺꦴ꧈ꦲꦺꦃꦏꦶꦗꦼꦧ꧀ꦧꦺꦁꦱꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦾ꧈ꦭꦺꦃꦲꦶꦫꦏꦂꦪꦏꦸꦛ꧈ꦲꦶꦏꦸꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦤꦺꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦱꦶꦱꦶꦏꦸꦩꦫꦁꦲꦒꦩ꧈
꧅ꦭꦤ꧀ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ꦲꦶꦮꦺꦤ꧀ꦤꦺꦫꦺꦏꦶ꧈ꦠꦼꦏꦤꦺꦴꦫꦔꦁꦒꦺꦴꦏꦟ꧀ꦝꦁ꧈ꦲꦶꦏꦸꦪꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦴꦩꦤ꧀ꦤꦃ꧈ꦏꦉꦥ꧀ꦥꦶꦫꦏꦸꦥꦱꦿꦃ꧈ꦩꦫꦁꦪꦾꦁꦩꦲꦩꦸꦭꦾ꧈ꦤꦔꦶꦁꦥꦱꦿꦃꦲꦶꦫꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦏꦟ꧀ꦝꦁꦔꦤ꧀ꦠꦼꦏꦧꦸꦂꦫꦶꦪ꧈
꧅ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦠ꧀ꦮꦩꦼꦏ꧀ꦱꦶꦃ꧈ꦱꦶꦫꦗꦼꦧ꧀ꦧꦺꦁꦩꦺꦴꦟ꧀ꦢꦫꦏꦢꦠꦤ꧀ꦤꦤꦥꦼꦔꦿꦱꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦏꦶꦩꦺꦴꦟ꧀ꦢꦫꦏ꧈ꦢꦠꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦠꦸꦂꦫ꧈ꦗꦼꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦫꦸꦩ꧀ꦩꦼꦁꦏꦺꦤꦺꦏꦶꦱꦺꦤꦥꦠꦾ
꧅}}<noinclude></noinclude>
bn7vb3mmr4y6zav9e3gmm5nuut845de