Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.47.0-wmf.6 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Kakawin Ramayana 0 4093 81974 23177 2026-06-13T08:27:43Z Gesha Mahendra 1968 81974 wikitext text/x-wiki <gallery> Ramayana Kakawin Vol. 1, by Soewito Santoso (ed. & trans.).djvu|[[Index:Ramayana Kakawin Vol. 1, by Soewito Santoso (ed. & trans.).djvu]] Ramayana Kakawin Vol. 2, by Soewito Santoso (ed. & trans.).djvu|[[Index:Ramayana Kakawin Vol. 2, by Soewito Santoso (ed. & trans.).djvu]] Ramayana Kakawin Vol. 3, by Soewito Santoso (ed. & trans.).djvu|[[Index:Ramayana Kakawin Vol. 3, by Soewito Santoso (ed. & trans.).djvu]] </gallery> == Delengen uga == * [[Sastra Jawa Kuna]] * [[Kakawin Ramayana (Kawi)]] * [[Kakawin Ramayana (Kawi)|Kakawin Ramayana (Jawa)]] * [[Kakawin Ramayana (Kawi)|Kakawin Ramayana (Bali)]] [[Kategori:Sastra Jawa Kuna]] i2c98gq2z36szvpmpcs6kx29bd2w1t2 Kaca:ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦂꦢꦶꦏꦮꦶꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀꧇꧒꧇.pdf/1 250 22833 81892 72390 2026-06-12T12:21:55Z Nadianepr 1966 /* Titiwaca */ 81892 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Nadianepr" /></noinclude>{{center | ꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀
== ꦩꦂꦢꦶ ꦏꦮꦶ == ''ꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀꧇ ꧒꧈ ꦔꦼꦮꦿꦠ꧀꧇''
''ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦏꦮꦶ''
''ꦢꦭꦃꦗꦂꦮꦲꦸꦠꦮꦶꦏꦠꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈''
ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦫꦁ꧇
''W. J. S. ꦦꦸꦂꦮꦢꦂꦩꦶꦤ꧀ꦠ꧈''
ꦔꦪꦸꦒꦾꦏꦂꦠ꧉
꧁ ꧑ ꧘ ꧖ ꧐ ꧂
le DRUK
UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL
STOOMDRUKKERIJ "DE BLIKSEM"
SOLO 1931
}}<noinclude></noinclude> 9bixbz67md9negqk9i7n4khqij12x2z Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/14 250 25916 81956 81665 2026-06-12T14:56:38Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81956 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>[[Barkas:Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 14 crop).jpg|nirbing|pus]] {{center|'''BAMBANG HERMANTO'''}} {{center|Karanganyar, 13 September 1962}} {{center|Alamat: Larangan, 2/3 Gayam, Sukoharjo}} '''AJA NGRANGKUL REMBULAN'''
''Dening: Bambang Hermanto'' <poem> Nimas wong ayu aja pengin ngrangkul rembulan. Rembulan kuwi ana sing duwe wong ayu duweke joko umbaran. Ing jaba obor mobat mabit katiyup angin aku lan sliramu. Ing wengi iki nyambung katresnan nyuntake rasa kangen. Nimas wong ayu sigaring nyawa ingsun nganti kapan wae aku setyo tuhu marang sliramu wong ayu. </poem><noinclude>{{rh||5}}</noinclude> lq2iw6v0i0gi8gl4gjfktdwptvftwhn Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/4 250 25919 81952 81667 2026-06-12T14:53:16Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81952 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>{{c|[[File:Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 4 crop).jpg|200px|Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 4 crop)]]}} {{c|'''TANGGAP WACANA'''}} {{c|'''KEPALA TAMAN BUDAYA JAWA TENGAH'''}} {{c|Sumina, SIP. MH}} Assalamu’alaikum Wr. Wb. Salam Budaya !!!! Kanthi nyebat Asmaning Dzat Ingkang Maha Suci saha sinartan pangalembana miwah panuwun syukur kunjuk hing ngarsaning Kang Murbeng Dumadi, keparengna kula, jejer minangka Kepala Taman Budaya Jawa Tengah kepareng matur gegayutan kaliyan tumapaking Tatacara Geguritan Anggara Kasih #4, kaleksanan ing dinten Senin Wage, 9 Maret 2020. Kabudayan mujudaken woh pangolahing budi ingkang mbabar kaendahan saha kautaman kanyatan wiyar tebanipun, kadi dene wreksa gung ingkang kathah pang-pangipun. Salah setunggal panging kabudayan jawi inggih menika seni kasusastran. “GEGURITAN” ingkang mujudaken peranganing seni kasusastran jawi, kasunyatanipun tasih pikantuk kawigatosan dening para sutresna budaya, mliginipun ing wewengkon Jawi Tengah. Taman Budaya Jawa Tengah ingkang mujudaken lembaga Struktural saha kultural nggadhahi jejibahan saha kewajiban paring panyengkuyung saha sarana murih Seni Geguritan tetep saged lestari lan ngrembaka saha saged narik kawigatosanipun para generasi mudha minangka tunas – tunas budaya.<noinclude>{{rh||iii}}</noinclude> mtcg2mp36033oiyb1nq9zsckq8gizyt Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/34 250 25922 81962 81659 2026-06-12T15:00:04Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81962 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>[[Barkas:Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 34 crop).jpg|nirbing|pus]] {{center| '''''DEDEK WITRANTO (Dek TO)''''' Lahir ing Surakarta 13 Nopember 1958
Penulis Puisi Geguritan Naskah Teater.
Penyair. Penggurit, Narator, Aktor lan Sutradara, ugi
Motivator.
Laku budaya ing jagating kesenian dados lampahing
bebrayan ngantos samenika.
}}<noinclude>{{rh||25}}</noinclude> owp3q2ieove5l3lo8z8jvokx6sbso9w Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/32 250 25924 81961 81640 2026-06-12T14:59:31Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81961 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''TIKUS TIKUS PITHI KUWI''' ''Dening : Cindhe laras'' Tikus tikus pithi kuwi ora duwe wedi saiki tansaya ndadi sawangen ora mung jagung lan pari jlurung lan watu dikririti Semen las aspal diuntal Tikus tikus pithi kuwi saiki tansaya sekti wetenge kang mung sak tekem ora kuwawa ngadhahi watesing marem ajine jurang grawah watu,...kali , gunung lan sawah mlebu wadhah nora ana kang kutah tikus-tikus pithi kuwi disanak ngeplak disandhing nempiling nanging sing waspada klambine werna-werna pinter memba kanca salin rupa adol panjangka sing sapa lena tan mangga puliha ''(Tulungagung , 2014)'' </poem><noinclude>{{rh||23}}</noinclude> fc10tvuofgjvrw87azlfp5ygna5pj4g Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/5 250 25926 81953 81671 2026-06-12T14:54:26Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81953 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>Pangajab saha gegayuhan kalawau saged kasembadan kanthi pambudidaya sesarengan ing antawisipun Taman Budaya Jawa Tengah kaliyan para sutresna budaya saha sawenehing pihak ingkang tasih lan tetep nggadhahi raos peduli dhateng kabudayan jawi, mliginipun Seni Geguritan. Atur panuwun ingkang tanpa pepindhan katur dumateng sakathahing pihak ingkang sampun paring panyengkuyung sarta pambiyantu ingkang arupi menapa kemawon satemah Tatacara Geguritan Anggara Kasih #4 ing kalodhangan menika saged kaleksanan kanthi prayogi. Pepunthoning atur, mugi tansah rahayu kang tinemu, sembada ingkang sinedya … tetep lestari lan ngrembaka GEGURITAN : GE – gambaran, pasemon, pranyatan, pangalembana apadene panyaruwe, Rineka rinumpaka ing ukara sinerat ing tulis, runtut tumata asa kang bisa rinasa, GU - molonging sedya antebing tekad budidaya mrih lumastari seni Geguritan panging budaya jawi, RI -nakit, rinonce, pinantes pinatut runtut rerangkening basa lan ukara dadya sarana nglairake krenteg lan uneg-uneg, mbabar pitungkas lan piweling. TAN - kendhat tan kemba, mad-sinamadan, sangkul sinangkul, bantu binantu amung sawiji kang kaesthi … GEGURITAN LUMASTARI ….. RAHAYU.<noinclude>{{rh||iv}}</noinclude> b49i62iks620nlviiggisjhs5hi74d8 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/36 250 25927 81963 81597 2026-06-12T15:01:21Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81963 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''''INTHUK INTHUK''''' ''Dening : DekTO'' Inthuk inthuk malem weton dak jaluk sega sakepel gawenen tumpeng cilik cublesana brambang lombok abang, Kuwi balung sungsum suksma raga daya jawa pikir rasa Golong gilig manther asung syukur mring rahmatullah ngesti tunggal, Aja was was sumelang ana tigan wijining jagatmu Samodra sekar wangi setaman banyu anggamu Datan bisa kawujud yen ora saka sih welasing Allah Gawanen mrene bakal dak bagekake mring tunggal garba Dak kebuk bumi kaping telu aja lali banyu lemah lan kayu Sandang pangan papan njaba njero kecukup datan cewet.... Teka resik mulih resik Malem weton njamas jiwa saben selapan limang gatra saben wektu ''(Kediri, Kamispahingapril2013)'' </poem><noinclude>{{rh||27}}</noinclude> b5ojq5wi0qdavzfxm1nkhj4dwhc2bel Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/25 250 25928 81959 81716 2026-06-12T14:58:01Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81959 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''PIYÉ TA IKI ?'''
''Dening : Biyung Amie W'' <poem> Angluh nutuh mung njalari kesuh Midera uga nora bakal kapangguh Sesambat, nora bakal ana kang sapa aruh Pangangen pating sranthil wus nora wutuh Panjangka lan rasa tidha-tidha worsuh Cahyané wulan kasaput mega surem Kelipé lintang katon sangsaya merem Mrabawani tatu iki krasa njarem Ana lancip landheping dom kang tumanjem Njalari tatu sangsaya katon biru èrem Dènlali-lali bali ngranuhi Dibuwang adoh, bali nututi Dipekak jebul budi ngamplok nèng mburi Whoalaaah...jan-jané piyé ta iki? Ah embuh kono, aku wis ora kuwawa ngadhepi. </poem> ''(Tepiswiring persil kopi, wayah ésuk 070513)''<noinclude>{{c|16}}</noinclude> jji680aw8llsts1biwgc13bwhq4ppwv Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/26 250 25931 81960 81720 2026-06-12T14:58:25Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81960 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''NGUPADI TENTREM SEJATI'''
''Dening : Biyung Amie W'' <poem> Ing endi dununge teken dimen tekanku Dakgagapi ulegan jantrane urip Manekarupa mijile ngongas angkara Nyembur dahana siyaga amangsa Kadi patrape nagaraja myarsi pradule kang garwa Ing endi dununge tentrem sejati Meneb eninge batin wus kaesthi Bumbu lila lamun hanampi pesthi Suka kataman kagol perihing ati Sabar darana wilangan warsi Saben-saben nyawang pethiting ari Kedhungsangan anggonku nututi Lumaris pindha lonjong mimis Tan karasa ndungkap wahya pungkasing dhiri Muga bisa panggya kang denupadi Heneng hening eling tentrem sejati </poem> ''#lukitapanglipurdriya'' ''Tepiswiring persil kopi, esuk 200719''<noinclude>{{c|17}}</noinclude> 4us1p8hdotojemzy4608p9d9o5927q6 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/15 250 25934 81957 81618 2026-06-12T14:56:59Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81957 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''PADHANG CECOLOK OBOR'''
''Dening : B Hermanto'' <poem> Ana tandha wingit mendhung sinaput ampak-ampak ana ula koros, baunge asu ajag, unine bajang kerek, cat ilan cat keprungu crita kawuri ana tikus clurut ngglandhang carang kena ngapa wong cilik kudu dadi tumbal? padha kanca dadi aniaya kojahe nayaka angel pinercaya kabeh dadi sumebar, kaya ambyare lintang kemukus sasat datan beda anane prabancana, lindu prahara, ngrajame ghora gurnita, ing bumi pasawatan iki dudu tembang jaragan, apa maneh gurit lancang Gusti kang maha nasa, mugi PADUKA paring pepadhang. ''(Sukoharjo)'' </poem><noinclude>{{rh||6}}</noinclude> h3y50mgvxh1u7cz8k6r3180bzgo68mt Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/51 250 25945 81906 81723 2026-06-12T13:51:57Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81906 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''NGAWIYAT BIRU'''
''Dening : Dyah S'' <poem> lam-lamen sarimbit nyawang purnama ing kana biyen cetha mboksungging mekroke kembang nglegani gantha njlarit kluwung angganda ngliling tempuk liring ketawang manis keket dak regem drijimu geter angemu madu tapising riris ati anratap kumesar ajer makaping sasi mangsa lumiwat crita jumangkah mung mandheg mangu nebet kangen esem ngujiwat kobar impen ngawiyat biru </poem> ''(Kotabumi, 16 april 2015)'' '''SRENGENGE WUS SUMENDHE TAWANG'''
''Dening : Dyah S'' <poem> (nalika angin wit sumilir, ya gene kowe ndadak nglilir) apa isih ndadak mamerake perih nalika wektu prasapa marang curesing warih pijer ngrerepa ngarih-arih apa isih ngaru-aru pengin bali nepusi kontale tali asih sing wus getas dipangan angin lan panas </poem><noinclude>{{c|42}}</noinclude> i1gjdbvv1pp82shq33oqkv9lb0d7yrp Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/101 250 25947 81951 81751 2026-06-12T14:51:08Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81951 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Apa bener yen ati iki tansah sumarah mring Purbaning Gusti Apa malah polah angresah Kelimput pikiran susah Jeng Jiwa ina iki nglenggana Lamun isih lelumban segara dosa Senajan ngetog sakehing daya Uwal saka laku duraka Nyatane abot rasane rasa Pungkasan mung kudu jawa : Gusti, mung mring paduka sumelehing rasa Aku, sliramu kudu rumangsa. ''Jatimulyo, Omah Joglo, 9 Agustus 2018'' '''PUSTAKA WIJAYA''' ''Dening : Supricantrikdesa'' Mbukak kaca anyar, Ing tumpukane pustaka wijaya, Dak bunderi irah—irahane, Kanggo pepeling tembe mburine, Saben laku dadi lakon, Saben catur dadi pitutur, Saben crita dadi wedha, Laku, lakon, lelabuhan, Lila, </poem><noinclude>{{rh||92}}</noinclude> g7hofhetnwi8xp5iecx894n4t48lgne Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/52 250 25950 81907 81740 2026-06-12T13:52:23Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81907 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> lan aku wus nglenggana lelandhesan rasa eklas sing ora cinupet dening kanyatan mungguh jembaring kalangan aku wis marem nyawang lintang </poem> (Kotabumi, 21 maret 2015) '''KEMBANG TURI'''
''Dening : Dyah S'' <poem> (Lingsir sore, ngronce impen semana kang ngawe-awe) Nglayung mecaki lurung kang lungit Krenteg anyawang grumbul semaya Dalan rumpil angrerujit Saiba katrem pang-pang semana Aclum ngadhep angen tumelung Adreng ngaras kembange turi Biyen godhong ijo ngrembuyung Lena ing mangsa gogrog mbrindhili Surup anilap kaca pasuryan Trenyuh kekanthen njejuwing ati Candhik wus sumyur ing angenan Perih andulu petenging wengi </poem> ''(Kotabumi, 5 april 2015)''<noinclude>{{c|43}}</noinclude> n61l7jaq0ck5iy1479yc02x76xtx672 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/53 250 25951 81908 81741 2026-06-12T13:53:06Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81908 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''KLUWUNG RAHINA'''
''Dening: Dyah S'' <poem> pecak jangkah kekes rinasa bun tintrim ing plataran getun anyawang cathetan muspra ing esemu nimas dak abur angenan luweng nadhi nitir pangrasa rumpeg ing dhadha nenutuh kapang ngegeter eling liring semana baya sarimbit bali ngegancang ajeg lumaku nglangut ing rasa kelu nalika wanci bang wetan semburat sempoyangan nggendhong kluwung rahina natas tumlawung wurung kinemat </poem> ''(kotabumi, 06 agustus 2015)''<noinclude>{{rh||44}</noinclude> 5usua7ipfjbat4ebeqvbkrljxj6ubob 81909 81908 2026-06-12T13:53:42Z Suga Widi 1719 81909 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''KLUWUNG RAHINA'''
''Dening: Dyah S'' <poem> pecak jangkah kekes rinasa bun tintrim ing plataran getun anyawang cathetan muspra ing esemu nimas dak abur angenan luweng nadhi nitir pangrasa rumpeg ing dhadha nenutuh kapang ngegeter eling liring semana baya sarimbit bali ngegancang ajeg lumaku nglangut ing rasa kelu nalika wanci bang wetan semburat sempoyangan nggendhong kluwung rahina natas tumlawung wurung kinemat ''(kotabumi, 06 agustus 2015)'' </poem><noinclude>{{rh||44}</noinclude> e9gb9a8r0uxcrafrmnel3yjde7p4fs8 81910 81909 2026-06-12T13:54:34Z Suga Widi 1719 81910 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''KLUWUNG RAHINA'''
''Dening: Dyah S'' <poem> pecak jangkah kekes rinasa bun tintrim ing plataran getun anyawang cathetan muspra ing esemu nimas dak abur angenan luweng nadhi nitir pangrasa rumpeg ing dhadha nenutuh kapang ngegeter eling liring semana baya sarimbit bali ngegancang ajeg lumaku nglangut ing rasa kelu nalika wanci bang wetan semburat sempoyangan nggendhong kluwung rahina natas tumlawung wurung kinemat ''(kotabumi, 06 agustus 2015)'' </poem><noinclude>{{rh||44}}</noinclude> llre9l1ayh2ihactzcgd6ezw8xsmja7 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/24 250 25952 81958 81835 2026-06-12T14:57:31Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81958 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Nadyanta driya rinasa kairis-iris Dakampet wetuning luh aywa kongsi nangis Nglenggana kabèh kanyatan pancèn wus ginaris Mula sagung lelakon daktampa klawan aris Swiwi bakal dakkébaraké dhuwur ngunggahi méga Sapa ngreti ing kana dumunung papan pamuja Sun arsa megeng hardha minangka amaratapa Ngening cipta, pancadriya mrih kinasih ing Hyang Suksma </poem> (Tpk, wayah ésuk 060413) '''PEMUT'''
''Dening : Biyung Amie W'' <poem> Jeng, Sumenekna penggalihmu ing jembare rasa darana Aywa kongsi kentir ing ilining bena bang ludira Nepi ing gisik dolanan othak-athik mathuke sanepa Denwolak-walik kanthi waskitha werdi kang sanyata Waspadakna, piji endi kang becik lan endi kang ala Nulya gage gumregah sigra nuruta ilining tirta amerta </poem> ''(TPK, wanci enjing 130413)''<noinclude>{{rh||15}}</noinclude> d475jinhdtus7fzn9q858v5juv4kr4f Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/100 250 25953 81950 81699 2026-06-12T14:50:48Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81950 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Iya iku kang nyata Lahir lan batine Njaba lan njerone Meneng lan mosike Eningna Supaya bisa tanggap ing sasmita Enengna Supaya bisa tumanggep ing pralampita Dunung dumunung Melik Melek banjur melok Warana sirep Kang Nyata mlaha Blaka tanpa weweka. ''Ngayogyakarta, De Laxston Hotel, 30 Okt 2018'' '''SUMELEH ING RASA''' ''Dening : Supricantrikdesa'' Jeng... Gurit iki sansaya lungit Sangsaya angel anggonku nganggit Ora mung nata ukara blaka Nanging ginelar ing urip kang nyata Saben jangkah dadi ukara Saben lakon dadi gatra Ngemban jejibahan ing madya pada Luru kamulyan ing alam baka Jeng </poem><noinclude>{{rh||91}}</noinclude> ak7j9ri424s2imitv16tuy1qs2p3v5z Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/54 250 25955 81911 81712 2026-06-12T13:55:31Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81911 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''KEDUWUNG'''
''Dening: Dyah S'' <poem> dak prangguli kekes punjere wengi ngrangin panjerite suling dumeling ing nglangut sepine lintang ndhedhet langit kang ora tau nyawang reroncene rembulan jembar kalangan dak tintingi kidung tresna ngrembuyung aku kang ora tau bisa ajar kenal marang konang aku kang ora tau ngadhang angin kasmaran pawewehmu wingi o, nimas aku kang ora wani nyabrang kreteg impen kawuri : kerahinan kedhisikan sumorote surya kanyatan </poem> ''(tapel wates sinengker wingit, ngungun anyawang klawune anggit)'' ''(Kotabumi, 11 agustus 2015)''<noinclude>{{c|45}}</noinclude> 8xv9i5x24te825dse7vxvxay8tlmeya 81912 81911 2026-06-12T13:56:29Z Suga Widi 1719 81912 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''KEDUWUNG'''
''Dening: Dyah S'' <poem> dak prangguli kekes punjere wengi ngrangin panjerite suling dumeling ing nglangut sepine lintang ndhedhet langit kang ora tau nyawang reroncene rembulan jembar kalangan dak tintingi kidung tresna ngrembuyung aku kang ora tau bisa ajar kenal marang konang aku kang ora tau ngadhang angin kasmaran pawewehmu wingi o, nimas aku kang ora wani nyabrang kreteg impen kawuri : kerahinan kedhisikan sumorote surya kanyatan ''(tapel wates sinengker wingit, ngungun anyawang klawune anggit)'' ''(Kotabumi, 11 agustus 2015)'' </Poem><noinclude>{{c|45}}</noinclude> jcdqx42l533hsdfjmadiu47tu5cdoli Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/99 250 25956 81949 81707 2026-06-12T14:50:22Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81949 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''TAN HANA DARMA MANGROWA''' ''Dening : supricahdesa'' Kabeh dhasare pitaya Upacara tata cara Saringate beda—beda Kaya dene dalanku lan dalanmu Seje lakon lan panemu Bener iku ing pambudi Wondene pener iku sajroning ati Aja mung mandhek ing bener Sebab ora ana bebener kang nora pener Sapa rumangsa bener bakal keseser Sapa rumangsa salah andhedher hikmah Beda—beda iku njaba Ing njero tartamtu padha Manungsa angrasa marganing jalma Trusing rasa ambuka tunggal Manunggaling beda: ing rasa Manunggaling cipta: Ing rasa Manunggaling karsa: Ing rasa Rasa prasaja tanpa pangentha Rasa walaka tanpa culika Rasa rumangsa mung saderma Pindha wayang ing jagad purwa. Bandha amung titipan Pangkat amung sampiran Nyawa amung gadhuhan Kabeh iki dudu kejaba iya </poem><noinclude>{{rh||90}}</noinclude> jrljfxoiaslir7k6cccydokpi8r99si Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/72 250 25957 81923 81709 2026-06-12T14:39:56Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81923 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>[[Barkas:Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 72 crop).jpg|nirbing|pus]] {{center| '''''SAHID TEGUH WIDODO''''' Ngasta wonten UNS Surakarta.
lair ing Grobogan, 1970. Donyaning sastra kaudi wiwit
bangku sekolah SD, SMP, dan SMA Purwodadi.Tahun 1988
Nglajengaken kuliah ing Jurusan Sastra Daerah FS-UNS. Tahun
1989 Ngastani adheging Kethoprak Wiswakarman lan ngesuhi
ngantos samenika.
Gelar Master dipun rampungaken ing UNS lan kasil pikantuk
gelar Doktor Falsafah (Ph.D) dari Universiti Utara Malaysia
(2010). Tahun 2014 gelar Professor Ethnolinguistik bidang
Onomastik Ing UNS.
Mboten kathah seratan geguritan ingkang kaanggit nanging
tansah niti priksa bab kemajengan kasusasastran mliginipun
sastra jawi. Buku ingkang sampun kaserat antawisipun :
Tembang Dolanan Anak (2013), Puisi Jawa Kontemporer
(2014),
Metode Penelitian Sastra (2016).
Buku-buku sanesipun ingkang ugi kaserat, magepokan kalian
medallion candi, batik-kimono, kajian Serat Centhini, lsp.
Ngasta kuliah bab : Pengkajian Puisi Jawa di Fakultas Ilmu
Budaya UNS. }}<noinclude>{{rh||63}}</noinclude> qe8mbof1n2jsusrnzr1rbel1zlu5lu8 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/98 250 25958 81948 81710 2026-06-12T14:49:54Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81948 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''SAMODRA MINANG KALBU''' ''Dening : Supricantrikdesa'' Ngligå råså, Mangun jiwå, Angaras wanginé kêmbang, Ing taman ratri sêpi rowang, Dak gurit kidung wêngi, Binarung jumlêguré sêgårå ati, Dak wåcå sakéhing tåndhå, Kang gumêlar ing jagad råyå, Tidhêm pêrmanêm, Sêngsêm ambujung ayêm, Sêsotyå måwå retnå, Linali tan biså onyå, Ing ngêndi Susuhé angin, Lan isiné bumbung wungwang, Amék banyu apikulan warih, Ing ngêndi bakal daksuprih, Tirtå pawitrå, Pangruwating durhangkårå, Tirtå husådå, Panglêburé sakéh målå. ''jaten, September 2016'' </poem><noinclude>{{rh||89}}</noinclude> kh1pm31jatv8s533bm2cnn5716hpyu6 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/97 250 25960 81947 81724 2026-06-12T14:49:34Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81947 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''JATIMULYA''' ''Dening: supricantrikndesa'' Jangkah iki tansah lumaku Ing peteng nggembulenge dalu Nggolek pepajar ing jagad kang sarwa samar Cahya nur cahya Kang bisa madhangi petenge jiwa ngumbara Laku iki kebak panodhi Ing dalan—dalan kang kebak krikil lan eri Tansah tak cadhong sapangatmu Njeng Nabi Kanggo masuh sewu letheging pakarti Napsu—napsu tansah mgreridhu Kanthi pepinginan kang kebak semu Setan angen—angen kang gawe kangen Nyebratake tresna ngumbara ing swarga jamal lan kamale Hyang Wisesa Dhuh Gusti ingkang kagungan wijining tresna Ing pundi gisiking wilasa Saha jumleguring asih paduka kang nebah dhadha Mbukak korining jatimulya. ''Omah Joglo Pojok Desa, 25 Sept 2018'' </poem><noinclude>{{rh||88}}</noinclude> 9yolxji5bspcyrgqa6jwpawgw6wjkp0 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/76 250 25962 81927 81727 2026-06-12T14:41:43Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81927 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>[[Barkas:Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 76 crop).jpg|nirbing|pus|150px]] {{center| '''''SUMINA''''' Nami jangkep Sumina, S.IP, MH.
kelairan Klaten, 12 Desember 1963.
Samenika manggen wonten ing Jl. Jayawijaya VI/06,
Rt.03 Rw.24, Perumnas Mojosongo, Surakarta.
Taun 2020 kapitados pinangka Kepala Taman Budaya Jawa
Tengah wonten ing Surakarta.
}}<noinclude>{{rh||67}}</noinclude> sbyx3uimabb1n827xis7lybjbj6ptuc Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/73 250 25963 81924 81730 2026-06-12T14:40:27Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81924 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''''AKU, JAWA''''' ''Dening: Sahid Hadinagara'' Iki dudu kojah sepira jeroning wengi tintrim Tresna karujit kadya pang-pang tanpa galih Jeriting rasa kapang ngumbara kaplantrang Ngemba wayang najan amung saklebatan Kekejer sajroning tapihmu, Mbok! Iki kojah jaman sing kelangan jejer Kahanan tanpa kodrat uwal saka lakuning batin Pribadi tanpa lelayangan lumpuh dheku-dheku Brayat tanpa rangkah ndhedher pitakon Kepriye anggonira ngukir urip ing tembe? Kasunyatane isih adoh saka pengangen Aku, Jawa jatining pancer mancapat Hyun kang bisa ngudhari kawruh kasampurnan Ndunungke jasad, akal, lan nafsu ing kayun, nuntun Baraya ageng-alit nyawiji siji ing sir suksma : nut lakulair imbaning uler Jedhung kang titis ing pati nut lakubatin nyurasa sasmita lan tengara nut lakubrata manembah ing Sang Khalik Ing kedhung panguripan aku, Jawa meneges Pasrah sumarah nlesih tapaking karahayon Ketimbang milih ngedan lamun bisa keduman </poem><noinclude>{{rh||64}}</noinclude> f1qekcpsthvz7ly7o0oqhq9mt2v3yje 81925 81924 2026-06-12T14:40:56Z Suga Widi 1719 81925 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''AKU, JAWA''' ''Dening: Sahid Hadinagara'' Iki dudu kojah sepira jeroning wengi tintrim Tresna karujit kadya pang-pang tanpa galih Jeriting rasa kapang ngumbara kaplantrang Ngemba wayang najan amung saklebatan Kekejer sajroning tapihmu, Mbok! Iki kojah jaman sing kelangan jejer Kahanan tanpa kodrat uwal saka lakuning batin Pribadi tanpa lelayangan lumpuh dheku-dheku Brayat tanpa rangkah ndhedher pitakon Kepriye anggonira ngukir urip ing tembe? Kasunyatane isih adoh saka pengangen Aku, Jawa jatining pancer mancapat Hyun kang bisa ngudhari kawruh kasampurnan Ndunungke jasad, akal, lan nafsu ing kayun, nuntun Baraya ageng-alit nyawiji siji ing sir suksma : nut lakulair imbaning uler Jedhung kang titis ing pati nut lakubatin nyurasa sasmita lan tengara nut lakubrata manembah ing Sang Khalik Ing kedhung panguripan aku, Jawa meneges Pasrah sumarah nlesih tapaking karahayon Ketimbang milih ngedan lamun bisa keduman </poem><noinclude>{{rh||64}}</noinclude> 8benwxvz39zu6nnlj8q5cneqk45m1oc Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/74 250 25965 81926 81735 2026-06-12T14:41:21Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81926 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Daya dinayan, mad sinamadan, holobis winaris : laku dadi dayaning badan laku dadi jantraning kawaskithan laku dadi wirasaning hurip nyawiji Gusti Aku, Jawa nanting karsa mangku budi Nglempengake udheng mendhung lelimeng Kang taksah sinubya minangka aji sakti Njarwani tembung anyar kang uwal binledik Ndhudhah ngelmu wedharaning budya luhung Kang sinandhi Jawa ilang Jawane ''Kebalen, Januari 2020'' </poem><noinclude>{{rh||65}}</noinclude> im6i3fvb90nu2mtnk2cvrxlp6kchd98 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/96 250 25966 81946 81749 2026-06-12T14:49:08Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81946 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude> [[Barkas:Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 96 crop).jpg|nirbing|pus]] {{center|'''''Supri Cantrik Ndesa'''''}} {{center|(nami sesinglon saking Supriyadi)}} {{center| Alamat Griya: Jl. Kenari no. 48 Perum Bumi Graha Indah,
Jaten, Karanganyar
Alamat Tinggal: Kebosungu 2,RT 03 Desa Dlingo, Kec. Dlingo,
Kab. Bantul DIY.
Gladhi gurit nembe warsa 2015, gurit lajeng kaklempakaken
dados Antologi Geguritan. Karya tunggal: 1.Suluk Saloka Jiwa.
2. Kumbang Ngidham Sari
Ndherek giri patembaya nyerat gurit ing Kundha Kabudayan
(Disbud DIY)
Ugi ndherek gladhi nyerat ing Kalawarti Djoko Lodang,
Majalah Sempulur, ugi Jawacana.}}
<noinclude>{{rh||87}}</noinclude> o3hplzn6vky0xug3s00vvbxhf0v2inc Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/85 250 25967 81936 81739 2026-06-12T14:45:31Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81936 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Kang durung pana Ngungak garising pepesthen kang tumiba Nganggo panemune dhewe-dhewe Bocah-bocah iki lagi gladhen Gedhe merga kahanan urip kekemul mega Digulawentah dening rembulan lan bagas kara Lelayaran ing pait getiring urip tanpa baita Sisping laku bakal nyawisake neraka uga kaswargan sapa kang gelem nempilke kamulyan Tangan-tangan putih kumlawe Kebak pengarep-arep Bocah-bocah iku butuh dununge urip Kanggo ngiseni sejarah. ''Permg Sumbing September 2001'' '''LAYANG SWARA''' ''Dening : Sonjaya Hartono'' Pasar papan kanggo dol tinuku Pasar ndesa uga ngraketake paseduluran Apem, cucur, tempe kemul nganti mabako susur Sumadya kanthi prasaja Sinambi nyang-nyangan ngrumpi Bab reregan kang ora karuan dalan kang akeh jugangan Nganti bab politik , korupsi . Saiki pasar-pasar mau wis kagusur karo swalayan </poem><noinclude>{{rh||76}}</noinclude> cw66xmreyholjqt73vwi9wxh32bpp4u Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/77 250 25968 81928 81744 2026-06-12T14:42:10Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81928 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''GURIT KASUNYATAN''' ''Dening: Sumina'' Kasunyatan ….nyata lan kasat mata, Nyata iku, tan ngaya – wara Lelandhesan nalar sinawung rasa, Kasat mata … cetha ing pandulu,tan samar patraping laku, Kasunyatan, tansah ngenut ubenging jagad lan jantraning kodrat, Datan owah gingsir marang pangothak-athiking pikir, Kasunyatan aweh sasmita, dununging sangkan-paran, Asung tengara, kekuwataning ukum alam “ Sang Causa Prima “ WEh piyandel marang manungsa kang bakal kuwasa ngrengkuh … Jagad gedhe - jagad cilik, Manjing panunggalan, Bali mring alaming suwung, Bali mring mula- mulanira. RAHAYU SAGUNG DUMADI …. RAHAYU BAWANA LANGGENG ''Siti Brit, 29 September 2019.'' </poem><noinclude>{{rh||68}}</noinclude> ogfr05b7z5i7q33m45l544ls5n310ff Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/78 250 25970 81929 81750 2026-06-12T14:42:34Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81929 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''GURIT SAPU GERANG''' ''Dening: Sumina'' ''(Edisi kelingan Biyung, nalika arep numpak montor mabur)'' Biyung ..... Swara jago kluruk wis sesautan, Padatan uga keprungu swara srag ..... sreg ..... srag ..... sreg ..... Biyungku wis wiwit ngobahake Sapu Gerang mubeng tapis plataran lan kebon, Nyingkirake uwuh lan rereged, Resik kahanane ... byar padhang ... Mbarengi mletheking srengenge Sang Bagaskara sumambirat .. Biyung nate ngendika : Sapu Gerang iki suka sasmita ... Ngumpuling sada kang kinuwatake suh kang sentosa ... Kuwagang mbengkas rereged lan memala, Nanging ..... menawa sada mau ambyar, uwal lan ucul saka suhe ... Mesthi bakal ringkih – nglengkara , nglumpruk tanpa daya ... BIYUNG ..... Apa bener Sapu Gerang iku pasemone GUYUB-RUKUN ??? Biyungku manthuk-manthuk karo mbenakke susure ... Anteb ngendikane ... GOTONG-ROYONG ..... ''Siti Brit, Jakarta 9 Oktober 2019.'' </poem><noinclude>{{rh||69}}</noinclude> 312tgs55ks5c9j2s9dqp2dovyhgtzeu Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/86 250 25971 81937 81752 2026-06-12T14:45:52Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81937 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Nyangga pincuk thethenguk ing cakruk Babagan ngene iki wis angel tinemu Merga kabeh wis sarwa instan Mula yen da antri malah rebutan Ora maelu suba sita lan kaslametan Kang baku kekarepane keturutan Jaman semana Layang tanpa swara Swara tanpa layang Majune jaman ana layang swara Kang payu didol mayuta-yuta Rebutan suara ra eling tangga Gedhe cilik butarepan Golek sandahang pangan jempalikan Tuku swara kanggo ngumbar kamurkan Lali marang tatanan Nadyan bui kanggo totohan. Lik paimo leyeh-leyeh nglinting mbako semprul Yu ginah nyangga gembreng isi bunthil karo thiwul Grenengane sakloron suk yen suarane ra payu njur piye mbokne ning yen swarane payu pora golek sembulih to pakne. yu ginah misuh-misuh lik paimo wis ngorok suarane klokor klokor Kaya umyege wong golek layang swara. ''Lik Paimo Dobleh'' ''Pereng sumbing 2012'' </poem><noinclude>{{rh||77}}</noinclude> g38tmwx2bt3kjbjij0ctrid6bzrwyy0 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/79 250 25972 81930 81753 2026-06-12T14:42:56Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81930 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''GURIT KABUDAYAN''' ''Dening: Sumina'' ''(Sinambi kalaning sepi .... Edisi nginep hotel)'' Greget, gumregah, golong-gilig kang ginayuh, Pancasila kababar, kaweca cetha jroning pranatan agung, Ngemu surasa lan lekas kang luhur, ndhudhah mutiara bangsa kang misuwur, Budaya, woh pangolahing budi, kang mbabar kaendahan lan kutaman, Endah dening olah kridhaning seni, Utama linairake lelantaran budi pekerti, PITAKONKU ??? Baya kuwawa, budaya iki mbedhah kandeling panguwasa kang sinandhangan doktrin samawi? Baya kuwagang budaya iki,mbendung mbaludaking teknologi??? Apa iya tunas mudha milineal samengko bias bali kaya duk ing uni??? Baya kapan budaya iki bisa nyawiji mring dhiri – pribadi??? Pepuntone ... durung ana wangsulane , Anane mung pambudidaya ... MBUH KAPAN KELAKONE .... He .. he ..he .. ''Siti Brit, Jakarta 9 Oktober 2019.'' </poem><noinclude>{{rh||70}}</noinclude> auj2cgzqvxoda0ewr7bgqkdqea425cq Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/94 250 25973 81945 81756 2026-06-12T14:48:34Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81945 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''CANCUT TALI WANDA''' ''Dening : Srining'' Gumolonging tekad nyawijekake kapti Gumregah gra jumangkah Ngukir pikir ngolah rasa Ngeningke cipta hamengku puja Ora kudu nggurit nelangsa Jamane saiki wis padha mulya Tatag titis tatas dadya sesantinya Ngadeg jejeg pindha cagaking palwa Mandeng mentheleng ngadhepi kang nyata Ora perlu atetangis kaya wong papa Ora perlu sedhih kaya wong cintraka Melek seka pasumpena Gegancangan nebahi klasa Mberat sakehing memala Miyak korining rasa Ambuncang sawernaning dhuhkita ''(20/1/2015)'' </poem><noinclude>{{rh||85}}</noinclude> a1vtkpevin4oum1rmms1jt2wuxdmghd Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/93 250 25975 81944 81758 2026-06-12T14:48:11Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81944 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''PESTHI''' ''Dening : Srining'' Pesthi kang kaesti Banget agawe bungahing ati Kaya dene nenandur awoh mbriyut Jumbuh kalawan pangangen-angen Umpama pangestiku tumrap sliramu Tinemune pancen dadi pesthiku Tegese kasunyatan trep kalawan gegayuhan Kosok baline, Sanadyan dak esti rina lan wengi Yen ta dudu pesthiku Mesthine aku kudu legawa Nanging kepriye mesthekake Yen ta sliramu iku pesthiku? Iku kabeh kudu dipesthekake Sarana rembug kang mesthi Yogene sliramu mesthi nesu Yen nyatane dudu awake dhewe Sing gawe pepesthen Luwih becik sabar lan mangesti ''Solo, senen 16 maret 2015'' </poem><noinclude>{{rh||84}}</noinclude> hxjpjdsvi6ha6ifaqvnjbmqrejt4808 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/57 250 25976 81913 81770 2026-06-12T13:57:34Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81913 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''“PAMIT LAN JANJIMU”'''
''Dening : Gandrung Sukawati'' <poem> Tan kendat nggenku nyawang Kaya sliramu sing kumledang Solah-bawa lan piadhegmu ora ilang Iki apa bener...ora kleru nggonku nyawang Kaya tatit nyeblak dhadha agawe kaget Wewayangan kawuri reroncene laku Sing sawetara wektu wus ilang Jumedul nyeseg ngebaki ati Rikala semana... Aku lan sliramu isih isa lenggah jajar sesandhingan Ngenam rasa mersudi jumbuhe ati Tindhak sajangkah tansah gegandhengan Ora kena adoh apadene pepisahan Tan rinasa netra kekembeng luh Tumetes hanelesi pipi Semedhot uga kelara-lara rasaku Rasa kelangan sing ora bisa ilang Nyata pangename rasa ora jumbuh karo kahanan Pamit lan janji mboklalekake Sliramu lunga ora bali </poem> ''#BhumiSukawati090220''<noinclude>{{c|48}}</noinclude> 2irugc7u84nn8o378z8lcz3qfrhbj2w Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/81 250 25978 81932 81777 2026-06-12T14:43:38Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81932 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''MIYAKI DALAN WINGIT''' ''Dening : Sonjaya Hartono'' Japa mantra karapal kanti ati wening Banyu tuk pitu nglarung sesuker kang tumempel badhan wadhag Sesuci raga lan rasa Kanggo ngusir jim setan preri prayangan ilu-lu banaspati Kang mblayang ing sawernaning papan Iblis jajalaknat kang ora tau tobat Cumondhok tanpa sangga runggi Nginceng kalodangan kang mirunggan Sak wayah-wayah cumondhok ing kantor, pabrik, proyek Nlusup ing sela-selaning imane kawula Lanang wadon, prawan jaka, sugih mlarat, pejabat penjahat, kyai gali Tanpa tedheng aling-aling Tanpa sih kawelasan wengis lan kejem Jimat kemat kang karapal Kanthi nggegem wiji tasbih Kanggo nengeri sumarahing Ati lan lathi Kanggo tumuju dalan wingit kang siji. ''Pereng sumbing 29072013, Paimo Dobleh'' </poem><noinclude>{{rh||72}}</noinclude> jx1eguhoccch1hdsiuei2c39un6s5e1 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/82 250 25979 81933 81781 2026-06-12T14:43:55Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81933 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''PELOG APA SLENDRO = BLERO''' Dening : Sonjaya Hartono Apa kowe wis ngrasake merdheka le Geneya kowe jejogedan ing prapatan Kowe ngukupi panase bagaskara Nggelar jagad mekemul mega Luhmu kang kok simpen wutahna Dimen kowe lega Kaya legawane kang yasa bumi Nuswantara iki Cukup donga kang tulus Merga akeh paesan kang wis lungse Kegiles gedhong magrong-magrong papane para cukong Bonang tanpa laras kemlontang Pelog apa slendro Keprungu blero Aja kok ogreh-ogreh paesane kang sumare Merga lumakuning jaman tumiba ing awakmu Kowe wis melu necep isining kamardhikan Ing prapatan kowe isa njola sak polahmu Tanpa sangga runggi Yen bonang isa gawe urip Reksanen bonangmu Supaya kowe luwih mardhika Tanpa gumanthung marang liya. ''Pereng Sumbing 06082013 Paimo Dobleh'' </poem><noinclude>{{rh||73}}</noinclude> lms1dutumae9p8oin6fwegso10vr83z Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/80 250 25980 81931 81783 2026-06-12T14:43:16Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81931 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>[[Barkas:Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 80 crop).jpg|nirbing|pus|150px]] {{center| '''''SONJAYA HARTONO''''' Sakmenika lenggah ing Wonosobo Jawa Tengah.
Seratan geguritanipun asring mawi asma sesinglon
Paimo Dobleh.
Aktif ing ORARI / RAPI Wonosobo.
Pandemen Sastra mliginipun sastra Jawi.
Asring nyerat geguritan lan puisi.
}}<noinclude>{{rh||71}}</noinclude> pb3ut2jfbigi3aqq6yd2dpc3g4q92g4 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/37 250 25981 81894 81837 2026-06-12T13:44:56Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81894 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''CAKRUKAN'''
''Dening : DekTO'' <poem> Jepang mati ketepang Inggris mati kelinggis Landa mati kebanda Unen unen jaman mbiyen Nalika jaman rekasa Dijajah negara manca Sega gaplek Kathok goni Ana nipon kate mrewasa prawan desa Ana noni bule mrewasa jaka desa Adus lenga jarak Kuli kontrak Romusa Rodi Gawe dalan mbedhah alas roban Urip kaya ing pucuking eri Nyawang bulan ngadhang tibane jaman menang Kuwi mbiyen Saiki beda kahanane Arep apa wae kelakon Numpak montor jepang cukup utang Ana noni manca teka, para jaka padha rayahan asok kebecikan pada ngeterake mrana mrene Prawan desa wis diwadhahi pabrik Pamrihe melu mukti Dulangmas Joglosemar Sobowonosraten </poem><noinclude>{{rh||28}}</noinclude> mhkcikqpx8gou98wvgtpjb8yc21ig2o Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/84 250 25983 81935 81785 2026-06-12T14:45:07Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81935 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Sapa ngerti wingka malih kencana Aku ra ngarep-arep pewehing liyan mbok Nadyan gaweanmu nggendhong tenggok Banyu susumu isih putih merga direwangi ngelih Yo bener awaku kuru aking nanging nalarku isih wening Panyawangku isih ceta endi sapi endi babi Aku lega lila Nggayuh lintang lan mega Ancik-ancik andha kuwi kurang prayoga Aku mung wong cilik isane nggayuh sawo kecik Dongamu wae yo mbok suk taun ngarep isa gawe becik Makarya kanggo ngabekti tanpa pituas bulu bekti Eling na ya mbok aku ish utang Utangku marang bumi pertiwi durung dak lunasi. ''Pereng Sumbing, 1-1-2014'' '''''GURIT BOCAH''''' ''Dening : Sonjaya Hartono'' Bocah-bocah iki lagi ngukir sejarah Ngudhari nasipe dhewe-dhewe Ing emper toko Ing lampu bang jo Ing terminal pondhok lan pawiyatan Bocah-bocah iki lagi sinau Ngrakit crita ngeja kahanan </poem><noinclude>{{rh||75}}</noinclude> roqcoyvn90swmzepak5g98vshz5wa1e Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/83 250 25984 81934 81786 2026-06-12T14:44:22Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81934 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''IMPENE LIK PAIMO LAN YU GINAH 2014''' ''Dening : Sonjaya Hartono'' Wis ta le mbok rasah lelumeran Jaragan kowe ki ra dianggep Sapa ta kowe ki Rak ya mung paimo dobleh Kowe ki pidak pedarakan Bapakmu yen esuk golek beling Yen sore adol sega kucing Kok ndadak ngimpi nggayuh lintang ngukup mega Coba ngiloa ing crowokan kulon barongan pring kae Rupamu rak yo mung saemper topeng getil ta Gek ambumu lemi lan lendut Geneya neka-neka Wis punthesen impenmu Becik golek padasan Nyangking pacul manggul luku Rasah ika iku. Olah mbok mbok kok le tega men ta Sangang sasi kok kandhut Mbun-mbunanku kok pupuki ben encer nalarku Ngurut galengan ngindit klenting nyangking gonje golek banyu Kanggo ngresiki awaku Mbareng gede kok disempolehi gegayuhanku Nadyan pawitanku adol uwuh rakya becik ngangsu kawruh </poem><noinclude>{{rh||74}}</noinclude> f8lz8j0didl44na681sm51u7ta57qov Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/38 250 25985 81893 81839 2026-06-12T13:44:07Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81893 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Mampir yuk mampir Gondhal gandhul saotone Bercok bar miber terus mencok Kuwi mbiyen Nalika ngapalake pupuh kalatidha jaman edan Saben jaman jebul edan Saben jaman jebul kudu eling waspada Kuwi mbiyen Mbuh saiki ? </poem> ''(Doho,13416)'' '''DESA KUTHA'''
''Dening : Dedek Witranto'' <poem> Saben wayah esuk umun umun Mbakar tela pohung Pedhut kandhel adhem seger nyruput teh ginasthel Adoh ratu cedhak watu Kutha sala payung muntha Alun alun ringin kembar Tindak negari mundhut sinjang Tokone bawah sawo bathike kresna Ngiras es kopyor restoran singosaren Ngematake kethoprak srikaton Impen samben panen Kaya priyayi nitih andhong Montore persun nganggur </poem><noinclude>{{rh||29}}</noinclude> 3evdi3wufg8v0s376gn3gbajlc65k0v Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/87 250 25986 81938 81788 2026-06-12T14:46:07Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81938 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''DEMANG TOGOG''' ''Dening : Sonjaya Hartono'' Demang Togog demang Togog Mbegegeg logog-logog Gawe gendra ngumbar angkara Ngusung umbul-umbul menthang gendewa Numpak kreta ngirit wadyabala Tan nyaruwe Jeriting kawula Nyawang ombyaking kahanan ati kaya rontog Iki wayah apa Genea nora petung wayah Nguja boga ting kecapah Kudhung sarung macak ratu nora genah Soroh raga soroh bandho ngumbar nafsu aluamah Demang Togog kadhang dewa Ngulandara ngoyak teja salah mangsa Nguntal gunung nyangking bagaskara Nyamudhana langlang jagad mubeng ndesa Togok Tejamurti Laku nyamudhana tapa ngrame memper ati Gilig karep ngenut ilining kali Nyadhong pepethen kagungane gusti Tejamurti nguntal wohing pakarti Srakah aluamah njaring mega nawu jaladri Lamis manis tanpa ati Numpak kreta nebak jaja iki Togog Tejamurti ''Pereng Sumbing, 041225'' </poem><noinclude>{{rh||78}}</noinclude> 7el0krokf8smcpagkl0o2nxmvvbimva Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/89 250 25987 81940 81789 2026-06-12T14:46:47Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81940 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Maksih wae akeh wong serik Ati kok wujude burik? Ora ngono apa ta pikolehe Dudu tegal lan sawahmu Bandhane mbahmu ya dudu Kabeh mau mung saderma nyilih Raupana atimu... Ben ketok padhang ing pandulu Mripat mentheleng kok ra weruh?! Kuping njepiping kok budheg?! Aku kowe lan sapa wae Mbuh sesuk apa mengko sore Bakale mati ora urip maneh Bandhane dipek sing urip Aja nemen-nemen yen ngugemi Samubarang sing wujud kadonyan Mati ora bakal digawakne Sebab yo eman ta?! ''1/9/2015'' </poem><noinclude>{{rh||80}}</noinclude> a14c4ptb4od5scdb2keen0htm2p4goz Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/90 250 25988 81941 81790 2026-06-12T14:47:09Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81941 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''SEPI''' ''Dening: Srining'' Dak sawang saka papanku Temlawung polatanmu Ngemu panandhang kang abot Kijenan lan kesepen Polatanmu kosong mlompong Atimu suwung.. Atimu iku ya omahmu Sing adoh saka papan ngendi wae Omahmu peteng ndhedhet lelimengan Tanpa cahya Kamangka sliramu ora bisa Gawe padhang sarana dimare tanggamu Uga ora bisa ngiseni kosonge omahmu Sarana prabotane tanggamu Ananging pancen kudu mangkono Sepi lan kosong iku pralampita Bisane sliramu tekan ana papan kene Papan kanggo ngudhal rasa Kanggo ngiseni omahmu ''Minoh, 1482015'' </poem><noinclude>{{rh||81}}</noinclude> lqt46c4ec8arjkimhw6nehzhgyqxswr Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/91 250 25989 81942 81791 2026-06-12T14:47:31Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81942 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''LAYUNG''' ''Dening : Srining'' Kawiwitan mendhung angendhanu Katungka tekane udan deres Kaworan angin gedhe Binarung swarane thathit Pating jaledher Polahe gegodhongan kaya dene Punakawan nedhenge jejogedan Ati iki saya suwe saya cilik Kalindhih rasa was sumelang Rasa wedi kang tan tinemu nalar Wedi marang wewayangan... Genah ora cetha wujude Mahanani samsaya atis Sanadyan ing mangsa ketiga Tumlawung lelakon kawuri Ora niat ora njarak Nyatane padha dene karepe Saguhmu marang aku Sasat ora ana cacate Madhep manteb datan gawe kuciwa Tibane ndata kang kacathet Ana layang kintaka Ora liya amung suwala </poem><noinclude>{{rh||82}}</noinclude> qc83yrm71807tj7fkr1gvt7mrij3wh3 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/62 250 25990 81917 81795 2026-06-12T14:00:19Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81917 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''SARWA SEMU'''
''Dening : Gandrung Sukowati'' <poem> Apa bener… Iki dalan sing ndak dina tak liwati Apa bener… Lurung iki sing ndak wengi tak pecaki Yagene… kaya ngene kahanane Adoh saka rasa rumangsaku Sing katon padhang jebul isih peteng Sing katon alus jebul sih dha gronjalan Apa bener… Kahanan iki pasumpenan Apa bener… Kahanan iki kasunyatan Yagene… Ulat manis mboksebar Weh pengarep-arep jumbuhing sedya Lamun ta ing tembe Sejatine mung samudana </poem> ''(keranganal22052014)''<noinclude>{{c|53}}</noinclude> cc6rp51nmio6bvv1quxbn21wg8ecssb Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/92 250 25992 81943 81794 2026-06-12T14:47:49Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81943 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Alesane wis kuna Amarga kahanan ... Kahanan sing kepiye? Kahanan iku manut kepiye lakune Niatmu pancen wis slenca Kabeh mung tiba ana ukara Udane samsaya gedhe Banjir bandhang jroning ati Ngentirake kabeh panjangka Eloking kahanan marga Ana sing Kuwasa Madhege udan Gumanti sumilaking mega mendhung Cumlorot endahing layung Sumarahku marang Gusti Kasembadan panyuwunku Ora dak getuni barang kang ilang Embane memala kang kebak wisa ''Tgr, 25/5/2015'' </poem><noinclude>{{rh||83}}</noinclude> atjxa5ikcgcceaye3zozh8nci4dmyeb Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/88 250 25994 81939 81801 2026-06-12T14:46:26Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81939 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>[[Barkas:Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 88 crop).jpg|nirbing|pus|150px]] {{center| '''''SRINING'''''
Ingkang dipun dalemi wonten ing Jakarta.
Lulusan Sastra Jawa UNS Surakarta.
Tasih asring hanganggit geguritan
}} <poem> '''DUDU BANDHAMU''' Dening: Srining Sedyaning ati mlipir-mlipir Golek dalan turut pinggir Merga ana tengah kaline banjir Kena bilahine melu kentir Ing pangajab golek barang becik Sanadyan olehe mung sethithik </poem><noinclude>{{rh||79}}</noinclude> j339zni8ixod2dg5a93nhbcx1opxyro Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/39 250 25996 81895 81841 2026-06-12T13:45:30Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81895 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Tirtonadi kabendung Kanggo pariwisata toya Rame anggone ngirit anak putu Desa mawa cara Kutha mawa rega Desane kalung pedhut Kuthane kalung lampu Jopa japu tai ngasu Tekan karepmu ora karepmu Duwene mung lemah titipane Gusti Allah Rumangsa bisa nukoni sawah Nandur pipa pabrik Banyu munthuk mambu bathang </poem> <poem> Desa kutha segara gunung alas Lakuning wektu nyengkut Owah owahan ora rinasa Kutha dadi alas Alas dadi segara Gunung dadi desa Ana ratu ana watu Pada melu ngulu Ndherek mukti wedi mati Mati pangane Mati rasane Mati pikirane Mati budi pekertine Desa mayit Kutha kuburan Mati sajroning urip </poem><noinclude>{{rh||30}}</noinclude> 9fcp664idisjllw3jxmel8v2ov9ks8k Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/64 250 25998 81918 81815 2026-06-12T14:00:48Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81918 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>{{center|[[File:Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 64 crop).jpg|200px|Antologi Geguritan Anggara Kasih (page 64 crop)]]}} {{center| '''''PINE WIYATNO''''' Para kadang seniman sastra lan teater akrab kanti asma
Mbah Pine.
Lair ing Sragen 3 Nopember 1961
Tansah ngudi lan ngesuhi ing olah kridhaning budaya
mliginipun teater lan sastra ing Sragen.
Ing griyanipun laris sadean sekul tumpang lan trancam tahu
tempe ayam kampung Mbah Pine...monggo pinarak
}}<noinclude>{{rh||55}}</noinclude> o7n3kunw9ugxy5haod2v00uruxfnqr7 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/65 250 25999 81919 81814 2026-06-12T14:37:28Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81919 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''AYO MULIH''' ''Dening : Mbah Pine Wiyatno'' Bapa...ibu... Wis tak pecaki lurung-lurung suwung Dak luru wingiting wengi Nadyan kagubel tintrim rasaning ati Kapati sepi kinaweden lawange ngaurip Peteng ndhedhet lelimengan tan ana colok obor madhangi Tan ana lungite aksara Dak pecaki gisiking samodra Kontrang kantring kagubel peteng mangungkung Bapa...ibu... Iki laku saweneh mung kanggo terusing pangimpen Nalika dek wingi bengi panjenengan mapan sare kebak pengarep-arep Bebantalan urubing tekad Linambaran donga suci kang ginentha ing ati Kinanten antebing kaĺbu minangka kembange lakuku Bapa...ibu... Aku bakal lumaku ngluru uribing bebrayan Kang wengi iki sungkem nyecep asihing pangestu Aku bakal jumangkah ngangkah raharjaning jiwa Raharjaning raga Lakon-lakon wis kelakon Kabeh lakoning urip </poem><noinclude>{{rh||56}}</noinclude> fjsl856e655v4bkyb20ragiyr4k2a45 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/67 250 26001 81920 81809 2026-06-12T14:38:20Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81920 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''WARISAN''' ''Dening : Mbah Pine Wiyatno'' Warisan iki gegemen Amarga aku ora betah Nyawang badhut-bsdhut kakehan tingkah Menangi prawan akeh mutah-mutah Kowe kabeh putuku kang gemrayah Kencengana iket lan kembenmu Iki jamane wis jaman bubrah Ora perlu kowe melu ngrayah Piweling pusakaning simbah Kowe kabeh aja kendhat ing panembah. Tidhem lan jinem tanpa obah Kabeh putu kawetu ngresah Amarga ora kaconggah Nampa piwelinge simbah Pinangka wasiat ngadhepi jaman owah Marga ing epek-epek kiwa tumemplek aji sakethi Ing tangan tengen ginegem umbul kaprasetyan Ngaglak ngungkung bendhe pamatang Kanggo pangruwat Saka srakahing jajil laknat Kang kekudhung panguwasaning rakyat Aku lan sliramu dudu turuning wong ningrat Aku lan sliramu waris rakyat </poem><noinclude>{{rh||58}}</noinclude> m7yg9x8cqp1n40dly0vh8kkiz5868j2 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/40 250 26002 81896 81843 2026-06-12T13:46:12Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81896 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Urip ora arep ora urup Buntet Gadhuk Buntu Desa lunga lara Kutha tamba teka Jopa japu Utange mbahmu Kamuktenmu wis diemping leluhurmu Uripmu pripihen dhewe </poem> <poem> Desa Sala Kuntha winangun Kelangan alun alun Mangga tindak negari Ameng ameng tindak ndusun Mugi tansah rahayu ing sesami Sageta lestantun sak turunipun. </poem> ''(wonoasri,14416)''<noinclude>{{rh||31}}</noinclude> qvrdlcpbumkvfmw362gu5ogmsyzeif1 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/68 250 26003 81921 81812 2026-06-12T14:38:41Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81921 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Padha-padha duwe hak lan martabat Ngemban sesanggeman Aku lan sliramu dudu turuning wong kumawasa Aku lan sliramu waris kawula Padha-padha duwe hak lan swara. ''(Sukowati,12 pebruari 2020)'' '''PENDHAPA SERAMBI SUKOWATI''' ''Dening : Mbah Pine Wiyatno'' Angin sore tumangsang ing wuwungan Ngetungi lakune pandom wektu Ngono isih ana kang golek paseksen Sapa sing bakal kagiles mangsa Esuk pedhut anguk-anguk nglamuk Awan pedhute sengkleh sumeleh Sore pedhute wis kucem koncatan pamor Lan wengi pedhute kijenan Kadhung kawiyak kedhok kamanungsane Tampanen iki pangerten Marga simpati sing kudu lumaku ing jaman saiki Ahh.... Kabeh ginendam aji panglimunan Lintange wengi tumangsang ing langit Rembulan oncat nginggati nalika krungu pangrantame nafsu </poem><noinclude>{{rh||59}}</noinclude> 6duedit9mc2jn9ugdxa27a5zh4ce51c Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/69 250 26004 81922 81813 2026-06-12T14:39:02Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81922 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Wiwit angin ngelus rambut Lingsir wengi mati Isih dawa roncene cerita Ing pendhapa serambi sukowati wis nate mekar Joko lan Kenya among tresna Wiwit esuk angin ngelus nganti puput Swarane kidung lawas sepi Kabeh wis mungkur Ana kidung rumeksa ing wengi Teguh ayu luputa ing lara Luputà bilahi kabeh Jin setan datan purun Paneluhan tan ana wani Miwah panggawe ala Gunane wong luput Geni atemah tirta Maling adoh tan wani perak ing mami Guna duduk pan sirna. ''(Sukowati, 14 pebruari 2020)'' </poem><noinclude>{{rh||60}}</noinclude> etnxv36fqqaizntxpctkwmcqnlbr6lb Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/58 250 26005 81914 81816 2026-06-12T13:58:40Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81914 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''“Panyuwunku”''' ''Dening : Gandrung Sukawati'' Aku pamit... Lungaku mesthi bali Iki janji dudu tutur lamis kembang lathi Takaturke kekancing iki dimen ora lali Ali-ali... Aja mung sadherma ngubengi driji Nanging uga bisa-a nggubet ati Aku pamit... Panyuwunku sing padha ati-ati nJaga dhiri njaga ati Aja mingro anilar janji Urip sabaya mukti sabaya pati ''#bhumisukawati090220'' '''“ WIS WANCINE LINGSIR “''' ''Dening: Gandrung Sukowati'' Iki wis wanci lingsir surya Wis cukup anggonimu akekiprah sedina iki Aja mung nuruti butuh ngumbar seneng Ayo padha bali Kae sentir lan teplok sing asat lengane padha diisi Semana uga sumbu aja lali dithiliki </poem><noinclude>{{rh||49}}</noinclude> g3f3kijkcjig4iheinxuae4n4gu8d7a Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/59 250 26006 81915 81818 2026-06-12T13:59:02Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81915 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Sedhela maneh wanci maghrib Swara adzan pangajak tindhak sholat bakal keprungu Reresika tindhake wudlu Pasrahke bot ribete urip mring Gusti Syukur bage sesuk isih ana wektu Dene ora wis dadi bejamu Urip mung mampir ngombe bebasane Ngendi papanmu aja nganti kleru Udinen tindhak becik Singkirana sing gawe tuna iku dadi sangu dina mangke Dina langgeng iku samestine ''keranganal@bhumisukawatiasri-kidungjanuari2016'' '''“LAKON KAPUPUS”''' ''Dening: Gandrung Sukowati'' Ing tengahe wengi iki... Nalikane kabeh wis padha sirep kasikep daya rasa arip Isun mbik rika isa lungguh sapajagongan Linggih lelesehan sesendhen saka Sawuse suwe ora nate ketemu Kapisah adohe papan lan cupete wektu Ing tengahe wengi iki... Diselakana dilalekna mangsa ilanga Ana crita antarane rika mbik aku wektu semana </poem><noinclude>{{rh||50}}</noinclude> atwkb6fr9as2nhv0dcy1dg54ch2i6ct Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/60 250 26007 81916 81819 2026-06-12T13:59:26Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81916 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Sing meksa kapupus jrone kahanan Lakon sauntara sing gawe rika lunga Nggawa tatu-lara tanpa tamba Ing tengahe wengi iki... Sawise kapisah pirang-pirang rendheng Pirang-pirang mangsa ketiga Rika isih legan ora kersa krama Apa rika isih duka Nggawa tatu wektu semana Ing tengahe wengi iki... Isun takon baya pola isun dimen rena ati rika Aja rika kendhel muwun ngumbar waspa Rika sawang isun iki Sejatine ana gela sing kasimpen jrone dada Langgeng nganti pecate nyawa keranganal@bhumisukawatiasri-kidungjanuari2016 '''HAYWA SESUMBAR''' ''Dening : Gandrung Sukowati'' Dakgembol rasa angkuh Snajan kawruh tan ngebaki kampuh Kaderenge panjurunge rasa Sapa rika... Sapa isun... </poem><noinclude>{{rh||51}}</noinclude> rfpzzvak9m604c2q1423k3sedfz9rir Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/45 250 26008 81901 81822 2026-06-12T13:49:22Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81901 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Muliha.... Mulihake rasa pikir laku Kang seprana seprene dolan datan keluri Muliha... Mulihake apa rinasa ora tinata Muliha... </poem> ''(Solowisma,100220)'' '''GOLEK AKIK'''
''Dening : Dedek Witranto'' <poem> Ngliling saben brongkalan kang tinemu Nithik saben watu kang sinawang melok Watu apa dudu bisa dinulu Ngasah ati hangreka rasa Merah delima kecubung sepah panca warna Golekane para rineksa dadi sesotya Emban kinarya bumining sela Barang maya lan kasat mata Ora angel diluru sedyaning laku Akikmu dak embani atiku Kangenmu dak embani katresnanku Jamrut giok biru safir ati ayam Tapak jalak puser bumi tunjung derajat Aja kalepyan ramening jagat </poem><noinclude>{{c|36}}</noinclude> 761pczo5kvm351ap6a0pqy5z69pj7ml Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/47 250 26009 81903 81823 2026-06-12T13:50:25Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81903 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Banyu Kamulyan mungkasi adus kareben resik njaba njero manggiha kamulyan Enggal mentasa aku ngenteni ing pendhapa Luluran rempah cendhana arum sinambi kungkum Janji tiba janji pucuking cemara dadi tengara Udan riwis isih adus seger adem ayem Aja kesuwen Wancine selak bedhug ''(saptatirta,312015)'' </poem><noinclude>{{rh||38}}</noinclude> ch0w97pbs3xupvvgvcllk7dcss5bw60 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/41 250 26010 81897 81846 2026-06-12T13:46:51Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81897 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''S E P U H'''
''Dening : Dedek Witranto'' <poem> Ramene kaya pasar kobong Nggrayang pega kumendheng Nempukake lakuning angin Tlutuh nangka entuk entukane Ketuwan ing wit bosok pungkasane Sepuhmu nyepuh sasmita </poem> <poem> Nyabrang kali gondhelan tali Taline saka oyot waringin Nungsang jempalik ragamu Rambatan nyaur wektu kang kaliwat Sepuhmu ngaya sulaya </poem> <poem> Nyampar krikil ngarep lawang Latarmu njembrung nyepeti mata Udane wis terang mangsane ketiga Panase wis eyup meksa ora sranta Sepuhmu sepah tinuladha </poem> <poem> Jejering sepuh ampuh ing pituduh Lerem seleh menep ing pikir rasa laku Sepuh ing panemu budi ing ngilmu Sepuh dudu pamer kawruh ndhangak ing pakewuh Sepuhmu asung pangastuti rahayu ing sasami </poem> ''(kuthawengi,5juni2012)''<noinclude>{{rh||32}}</noinclude> cdaydfq6uzdx6wxxw0iyu7b7824yd9s Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/49 250 26011 81904 81825 2026-06-12T13:51:09Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81904 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''CANDHIK PUNGKASAN''' ''Dening : Dyah S'' pantog jangkah kandheg ing kene candhik mbranang ing pandulu aja tumenga nimas, surupe wus sumendhe perih ning ati ngecul tanganmu trenyuh pepisah abot nggoceki mamring rasa kasendhal mayang gapuk ngregem tan kuwawa nampi lungamu ing tlatah sabrang aja keguh jumangkah laku bacuta mlumpat ing protelon den lajer liring sarta gumuyu wis pungkas wektu kanggo sakloron rangu andulu dalan sisihan kareb nggregel tansah mangro kebak pitakon ing angenan apa isih ana esem kae sakmengko...? ''(Kotabumi, 22 april 2015)'' </poem><noinclude>{{rh||40}}</noinclude> 15febypd8lyw4c1la2qw9lrdr1xcrov Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/50 250 26012 81905 81828 2026-06-12T13:51:37Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81905 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''SINDHUNG PRAHARA''' ''Dening : Dyah S'' apa mung arep sesenthiran lenga patra mukti wibawa lenggah babut kencana rembug gayeng bawarasa klawan kaki guru lan narada isuk lan sore medhar sabda ya gustiku, ya sesembahanku dudu perkara landhepe kuntawijaya apa ampuhe pedhang sokayana kawulamu kae wus wareg tembung nggladrah apa wayang-wayang rucah isih arep wae kok prentah apa ora isin noleh mburi janji-janji wus kaukir dadi prasasti kawulamu kang urip pinggir kali impene pijer ilang kenyut keli ngelinga yen ana songsong tunggul naga megar wayah candhikala lan jamus kalimasada kelangan aksara iku pratandha kursi sejati wus malik dadi siyunge banaspati (sadalan-dalan aku weruh dhewe impene kawula den udal-udal kececeran turut lurung turut tegalan, swarane tumangsang ngebaki ayang-ayang). ''(Kotabumi, 28 maret 2015)'' </poem><noinclude>{{rh||41}}</noinclude> 8wor4q8sxu4r6juujw0rnr2z2jxoomu Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/46 250 26013 81902 81832 2026-06-12T13:50:03Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81902 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> Watu dadi banyu Godhong dadi geni Embanana Akikmu Kanti tulusing eling lan prayitna Golekana akike Nabi Soleman Kencananing ati Mutiaraning wisma Tentreming nagara ''(solo,100220)'' '''ADUS''' ''Dening : Dedek Witranto'' Ngenteni cemengklung kembang bayem mentelung Pitung gebyuran pitung siwur Saka umbul sapta tirta Banyu Urus urus kareben gampang urusane Banyu Londo rasa degan kareben larut wisaning jiwa Banyu Anget mawa lirang kareben resik reregeting raga Banyu Mati kareben mati sukertaning diri lan niat pikir rasa kang ora becik Banyu Urip kareben urip angga jiwa kang nglokro dadi greget gumregah nerusake sedyaning gegayuhan Banyu Kasekten dadya tolak bala kareben slamet jiwa raga </poem><noinclude>{{rh||37}}</noinclude> d273epal4kyuvtb08tgnejaom9918pt Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/43 250 26014 81899 81834 2026-06-12T13:48:41Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81899 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>'''RIKALANE KUDU SABAR'''
''Dening : Dedek Witranto'' <poem> Kaya godhong randhu tumiyup angin Datan kuwawa nggondheli kapuk rontok Ujare bakal angon wayah tumekaning wanci Lunga menyang ngendi bakal bali nggoleki Ngenteni angsluping srengenge ora betah panase Ati siniram kanepson ora sranta tibaning kuciwa Sore nemu getun adheming swasana Ucap kebacut nguntapake cubriya Ilang kelangan lacak Rikalane kudu sabar Mbabar lelakon dununging laku Nyrantekake tengahing lakuning lakon Kayon miring jumedhuling gara gara Ing kono dadi mbat-mbataning rasa Rikalane kudu sabar ''(kediri,2122015)'' </poem><noinclude>{{c|34}}</noinclude> 9l4bc7i7grv8sfodykhu2ot2p0vwf7c Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/42 250 26015 81898 81838 2026-06-12T13:47:13Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81898 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''SANJA''' ''Dening : Dedek Witranto'' Sanja sanjang sedulur Tabuh bedhug wancine luhur Padha aweh lelipur Punjul separo umur Ngucap syukur isih sempulur Ngraketake rasa welinge leluhur Ngombe banyu pengging Isih tedhak turun sinandhing Tiba dina pasaran pahing Ugemana ukir kang sinungging Andhong si kusir ora pangling Desa sinaga cabeyan banyudana Sawangen sing katon lan ana Owah owahan wengi lan rina Sinau maca jroning atinira Kudu bisa nata jiwa hanglenggana Iki dina becik kanggo reresik Wis arang nyumurupi pitik lurik Jatahe klepon jadah wajik Kanggo pepeling tansaha nandur winih kang becik Sapa nandur bakal ngundhuh Iku nyata laku pikir rasa kang jumbuh Pusakaning jiwa kang ampuh Aja lali ujare para sepuh Sanja bisa kanggo tukar kaweruh Bakal ndayani marang apa kang ginayuh ''(Pahing,23316)'' </poem><noinclude>{{rh||33}}</noinclude> 7tfeen0i42o9a8eb1rmu9r69eh2njo6 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/44 250 26016 81900 81840 2026-06-12T13:49:01Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81900 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude><poem> '''UDAN GEDHE''' ''Dening : Dedek Witranto'' Barat lesus campur udan bledhek clerat cleret pating jledher Ora kuwawa ngeyupake rasa kangen omah lan desa Ing ara ara tumiba cloroting candhikala mecah deresing udan Manungsa isih pada lara malah saiki saya lara awit pancen kudu lara Lararaga laramaya larapikir lararasa larailmu laralaku Udane isih gedhe ora ngerti kapan sudane Pada ngetung enteking tanggal ing wulan iki Pada pingin dadi seksi pandhange rembulan kapisanan Ngenteni babaring lelakon banjaran mangsa rendheng Akeh owah owahan kang ora rinasa Angin dadi mega Banyu dadi geni Watu dadi sega Kutha dadi alas Segara nyawiji marang gunung Udane isih gedhe aja kesusu mulih Sapa ngenteni sapa ora ana sing weruh Sing cetha ngenteni jeboling tanggul Sing cetha ngenteni jugruging gunung Sing cetha ngenteni pecahing bumi Mbabar lelakon anyar </poem><noinclude>{{rh||35}}</noinclude> q53ftglxj4r9saqf2df216ijdria9w0 Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/7 250 26017 81954 81855 2026-06-12T14:55:07Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81954 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>{{Dotted TOC page listing||{{gap}}Inthuk Inthuk| 35}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Cakrukan|36}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Desa Kutha|37}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Sepuh|40}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Sanja|41}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Rikalane Kudu Sabar|42}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Udan Gedhe|43}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Golek Akik|44}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Adus|45}} {{Dotted TOC page listing|7.|'''Dyah S'''|47}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Candhik Pungkasan|48}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Sindhung Prahara|48}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Ngawiyat Biru|50}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Srengege Wus Sumendhe Tawang|50}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Kembang Turi|51}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Kluwung|52}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Keduwung|53}} {{Dotted TOC page listing|8.|'''Gandrung Sukowati'''|55}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Pamit Lan Janjimu|56}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Panyuwunku|57}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Lakon Kapupus|58}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Haywa Sesumbar|59}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Sarwa Semu|61}} {{Dotted TOC page listing|9.|'''Pine Wiyatno'''|63}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Ayo Mulih|64}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Warisan|66}}{{Dotted TOC page listing||{{gap}}Pendhapa Serambi Sukowati|67}} {{Dotted TOC page listing|10.|'''Rudyaso Febriadhi'''|69}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Menyang Endi Meneh?|69}} {{Dotted TOC page listing|11.|'''Sahid Teguh Widodo'''|69}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Aku, Jawa|72}}<noinclude></noinclude> mpuqoisdcmfjgle0bodhpqhe9fzx6lz Kaca:Antologi Geguritan Anggara Kasih.pdf/8 250 26018 81955 81869 2026-06-12T14:55:26Z Suga Widi 1719 /* Absah */ 81955 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="4" user="Suga Widi" /></noinclude>{{Dotted TOC page listing|12.|'''Sumina'''|75}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Gurit Kasunyatan|76}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Gurit Sapu Gerang|77}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Gurit Kabudayan|78}} {{Dotted TOC page listing|13.|'''Sonjaya Hartono'''|79}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Miyaki Dalan Langit|80}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Pelog Apa Slendro {{=}} Blero|81}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Impene Lik Paimo Lan Yu Ginah 2014|82}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Gurit Bocah|83}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Layang Swara|84}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Demang Togog|86}} {{Dotted TOC page listing|14.|'''Sriningi'''|87}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Dudu Bandhamu|87}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Sepi|89}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Layung|90}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Pesthi|92}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Cancut Tali Wanda|93}} {{Dotted TOC page listing|15.|'''Supri Cantrik Ndesa'''|95}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Jatimulya|96}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Samodra Minang Kalbu|97}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Tan Hana Darma Mangrowa|98}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Sumeleh Ing Rasa|99}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Pustaka Wijaya|100}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Luru Upa|101}} {{Dotted TOC page listing|16.|'''Udiarti'''|103}} {{Dotted TOC page listing||{{gap}}Sakndhuwure Wuwungan Omahmu|103}}<noinclude>vii</noinclude> lousgzo0ql5cpmmwuyczb4h9fiy0rb5 Kaca:ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦂꦢꦶꦏꦮꦶꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀꧇꧒꧇.pdf/11 250 26023 81891 81890 2026-06-12T12:17:19Z ~2026-34644-26 1967 81891 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Nadianepr" /></noinclude>— ꧑꧔ — 40 ꧋ ꦤ꧀ꦢꦴ ꦠꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸ ꦢ꧀ꦢꦺꦤ꧀ ꦫꦩ꧀ꦨꦤ ꦤꦶꦏꦴ ꦫꦶꦏꦮꦶꦗꦶꦭ ꦤꦶꦔꦩꦽꦠ꧈ 41 ꦏꦥ꧀ꦮ ꦨꦺꦫꦮꦴꦫꦸꦲꦫꦸꦲꦤ꧀​ ꦮꦶꦗꦃꦮꦶꦗꦃ ꦱꦲꦤꦤꦾ꧉ 42 ꧋ ꦠꦼꦏ꧀ꦮ ꦤ꧀ꦯꦔ꧀ꦢ ꦤꦶꦏꦁ ꦠꦱꦶ ꦏ꧀ꦏꦢꦶ ꦒꦼꦉꦃꦤꦶꦁꦥꦸꦰ꧀ꦏꦫꦴ ꦮꦠꦂꦏ꧈ 43 ꦱꦏ꧀ꦱꦴꦠꦸ꧀ꦥ꧀ꦮꦫꦤꦶꦁ ꦩꦺꦓ ꦫꦶ ꦏꦴꦭꦤꦶꦁ ꦥꦿꦭꦪ꧈ 44 ꦤ꧀ꦢꦴ ꦠꦤ꧀ꦥꦥꦉꦊꦤ꧀ꦠꦼꦏꦥ꧀ꦚ꧈ 45 ꧋ꦱꦏ ꦫꦶ ꦱꦺꦴꦮꦺ ꦤꦶꦏ ꦩꦤ꧀ꦢꦫꦴꦕꦭ ꦥꦶꦤꦸꦠꦼꦫ꧀ 46 ꦏꦺꦴꦭꦴꦲꦭ ꦏꦲꦧꦭꦁ ꦮꦠꦸꦤꦾ ꦫꦸꦏ꧀ꦏꦪꦸꦏꦪꦸꦤꦾ꧈ 47 ꦏꦴꦱꦃ ꦲꦮꦤꦃ ꦭꦮꦴ ꦤ꧀ꦫꦺꦴꦥꦁꦤꦾ ​ꦥꦯꦤꦶꦓꦰꦂꦟ꧈ ꦪꦠꦴ ꦩꦶꦗꦶꦭꦏꦼꦤꦥꦸꦪ꧀ 48 ꦢꦸꦩꦶꦭꦃ ꦠꦤ꧀ꦥ ꦥꦿꦩꦟ꧈ 49 ꦒꦸꦩꦼꦁꦱꦼꦁꦔꦶ ꦔꦭꦱꦭꦱ꧀ꦚ ​ꦠꦼꦏꦺ ꦱꦠ꧀ꦮꦤꦾ ꦏꦧꦺꦃ꧈ 50 ꦩꦏꦴꦢꦶ ꦩꦽꦒ ꦱꦶꦔ꧀ꦲ ꦮꦫꦴꦲ ꦮꦫꦏ꧀​ꦭꦸꦩꦪꦸ ꦠꦤꦿꦶꦁ ꦥꦫꦤꦾ꧉ 51 ꦩꦔ꧀ꦭꦤ ꦩꦶꦤ ꦲꦤꦺꦁ ꦠꦱꦶ ꦏ꧀ꦏꦧ꧀ꦮꦁ ꦏꦲꦧꦭꦁ ꦏꦮ ꦮꦺꦁ ꦭꦮꦟꦱꦴꦒꦫ꧉<noinclude></noinclude> oiseunygn3f6km9wrsbifeglaqu3mzv Kaca:Setitik Air di Lokalisasi.pdf/114 250 26024 81964 2026-06-12T15:05:26Z Suga Widi 1719 /* Titiwaca */ 81964 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Suga Widi" /></noinclude>{{right|'''Titin S.'''}} CITA DAN CINTA <poem> Dengan bermodal beban lahir dan batin Aku melangkah dan terjerumus ke karir lain Yang mungkin akan kulakukan... Yang mungkin akan kuteruskan... Demi engkau keluarga... Demi engkau yang kucinta... Walau itu semua berkecimpung dengan dosa Aku bersabar melangkah... Aku bersabar menadah... Tanpa tabu keluarga...keluargaku tercinta Derita-derita kujalani Demi semua keluargaku Semoga cita dan cintaku Berhasil demi keluargaku Tuhan...berilah ridaMu... Walau jalanku...bukan jalan...yang Engkau ridai Demi tercapainya cita dan cintaku...<noinclude>{{rh||105}}</noinclude> g11nck2mgmhvqydi923wdembdyamomd 81965 81964 2026-06-12T15:06:27Z Suga Widi 1719 81965 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Suga Widi" /></noinclude>{{right|'''Titin S.'''}} '''CITA DAN CINTA''' <poem> Dengan bermodal beban lahir dan batin Aku melangkah dan terjerumus ke karir lain Yang mungkin akan kulakukan... Yang mungkin akan kuteruskan... Demi engkau keluarga... Demi engkau yang kucinta... Walau itu semua berkecimpung dengan dosa Aku bersabar melangkah... Aku bersabar menadah... Tanpa tabu keluarga...keluargaku tercinta Derita-derita kujalani Demi semua keluargaku Semoga cita dan cintaku Berhasil demi keluargaku Tuhan...berilah ridaMu... Walau jalanku...bukan jalan...yang Engkau ridai Demi tercapainya cita dan cintaku... </Poem><noinclude>{{rh||105}}</noinclude> kycsd0ehm8e0ixrsviy2xcatxqmbbh4 Kaca:Setitik Air di Lokalisasi.pdf/115 250 26025 81966 2026-06-12T15:08:35Z Suga Widi 1719 /* Titiwaca */ 81966 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Suga Widi" /></noinclude>'''RINDUKU''' <Poem> Dalam kesepian hidupku... Dalam kehampaan cintaku... Kucoba bertahan bersabar... Dan tetap pendirian... Aku mulai dirindukan... Aku mulai diinginkan... Aku mulai didambakan... Walau semua akan berakibatkan ... Memang kuakui aku rindu kasih... Memang kuakui aku rindu sayangmu... Memang kuakui aku rindu cintamu :Tapi kubertahan untuk tak mengingatmu Oh...rinduku... Apakah engkau masih teringatku Apakah engkau masih menungguku Karena beban keluarga Aku jadi tak mengingatmu Jika rindumu dan jika cintamu untukku Dengan izin yang kuasa aku pasti milikmu </Poem><noinclude>{{rh||106}}</noinclude> g72d988xjxigwzt1je6ner83wa97ryx 81967 81966 2026-06-12T15:08:56Z Suga Widi 1719 81967 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Suga Widi" /></noinclude>'''RINDUKU''' <Poem> Dalam kesepian hidupku... Dalam kehampaan cintaku... Kucoba bertahan bersabar... Dan tetap pendirian... Aku mulai dirindukan... Aku mulai diinginkan... Aku mulai didambakan... Walau semua akan berakibatkan ... Memang kuakui aku rindu kasih... Memang kuakui aku rindu sayangmu... Memang kuakui aku rindu cintamu :Tapi kubertahan untuk tak mengingatmu Oh...rinduku... Apakah engkau masih teringatku Apakah engkau masih menungguku Karena beban keluarga Aku jadi tak mengingatmu Jika rindumu dan jika cintamu untukku Dengan izin yang kuasa aku pasti milikmu </Poem><noinclude>{{rh|106}}</noinclude> 1mbvvckd1tvirdyq32j8h7jevw64d3e Kaca:Setitik Air di Lokalisasi.pdf/116 250 26026 81968 2026-06-13T05:56:26Z Suga Widi 1719 /* Titiwaca */ 81968 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Suga Widi" /></noinclude>'''SENYUMKU BAUMU''' <Poem> Hari libur aku bertamasya Kusengaja ajak semua keluarga Pagi-pagi kusiapkan semua Untuk bekal selama bertamasya.... Nyanyian anakku menghiburku Senyum anakku gembiraku Sampainya di tempat tujuanku Mulailah aku bersantai dengan keluargaku.... Anakku mulai merayuku dan memintaku Oh...ibu berilah uang pak delmanku... Aku mau jalan-jalan dengan pak delmanku. Dengan pak delman sepulang anakku Dengan tersenyum kubalas senyum anakku Walau tanpa kesadaran anakku... Bau kuda pak delmanku... </Poem><noinclude>{{rh||107}}</noinclude> 71w691wzwyc1ep7q3pnh0722p810ysy Kaca:Setitik Air di Lokalisasi.pdf/117 250 26027 81969 2026-06-13T05:58:47Z Suga Widi 1719 /* Titiwaca */ 81969 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Suga Widi" /></noinclude>'''TRIPLEK DAN SEPRINGBET''' </Poem> Aku mulai usahaku dengan keadaanku Suasana malam mulai ramai.... Musik di wismaku mulai terputar.... Minuman beralkohol mulai diteguk kembali Aku tetap duduk santai di depan wismaku Menunggu tamu pelangganku... Dia menelpon dan mau datang ke tempatku... Aku tetap pendirianku aku menunggu tamuku Aku ada janji dengan kehalanku... Tamu di dalam mulai naik darah melihatku Dia mulai ngejekku aku diam termangu... Terpaksa aku mulai mau menemaninya Mbak...kamu itu gak boleh gitu Mbak...kamu itu harus hormati tamu Aku jawab awalnya pertemuanku dengan tamuku Aku marah karena kamu ngejek aku Aku gemuk seperti "sepringbet" aku balas kamu "triplek" Soalnya mas yang mengejekku"kurus" Makanya kubalas "mirip triplek" aku mengejeknya<noinclude>{{rh|108}}</noinclude> qh6uazitf4ihelqfwbx1sjggudx8fwk 81970 81969 2026-06-13T05:59:10Z Suga Widi 1719 81970 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Suga Widi" /></noinclude>'''TRIPLEK DAN SEPRINGBET''' </Poem> Aku mulai usahaku dengan keadaanku Suasana malam mulai ramai.... Musik di wismaku mulai terputar.... Minuman beralkohol mulai diteguk kembali Aku tetap duduk santai di depan wismaku Menunggu tamu pelangganku... Dia menelpon dan mau datang ke tempatku... Aku tetap pendirianku aku menunggu tamuku Aku ada janji dengan kehalanku... Tamu di dalam mulai naik darah melihatku Dia mulai ngejekku aku diam termangu... Terpaksa aku mulai mau menemaninya Mbak...kamu itu gak boleh gitu Mbak...kamu itu harus hormati tamu Aku jawab awalnya pertemuanku dengan tamuku Aku marah karena kamu ngejek aku Aku gemuk seperti "sepringbet" aku balas kamu "triplek" Soalnya mas yang mengejekku"kurus" Makanya kubalas "mirip triplek" aku mengejeknya </Poem><noinclude>{{rh|108}}</noinclude> 48ze2dvejpusbgazistkmw9ciq4zgvh 81971 81970 2026-06-13T05:59:30Z Suga Widi 1719 81971 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Suga Widi" /></noinclude>'''TRIPLEK DAN SEPRINGBET''' <poem> Aku mulai usahaku dengan keadaanku Suasana malam mulai ramai.... Musik di wismaku mulai terputar.... Minuman beralkohol mulai diteguk kembali Aku tetap duduk santai di depan wismaku Menunggu tamu pelangganku... Dia menelpon dan mau datang ke tempatku... Aku tetap pendirianku aku menunggu tamuku Aku ada janji dengan kehalanku... Tamu di dalam mulai naik darah melihatku Dia mulai ngejekku aku diam termangu... Terpaksa aku mulai mau menemaninya Mbak...kamu itu gak boleh gitu Mbak...kamu itu harus hormati tamu Aku jawab awalnya pertemuanku dengan tamuku Aku marah karena kamu ngejek aku Aku gemuk seperti "sepringbet" aku balas kamu "triplek" Soalnya mas yang mengejekku"kurus" Makanya kubalas "mirip triplek" aku mengejeknya </Poem><noinclude>{{rh|108}}</noinclude> mbizq83d47lgn37dsgmap4v7en3obtz Kaca:Setitik Air di Lokalisasi.pdf/60 250 26028 81972 2026-06-13T06:02:39Z Suga Widi 1719 /* Titiwaca */ 81972 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Suga Widi" /></noinclude>'''NASIBKU I''' <Poem> Ya Allah....apa iki cobaan kanggo aku Temekan aku rabi nganti aku jegur ning lokalisasi iki Wong tuaku gak tau ngerteni Urip rasane terus kesiksa Nanging saiki aku duwe anak Anakku bayi taktitipne mbahku Mulai anakku bayi nganti saiki umur nem tahun Panggah mbahku sing ngopeni Bojoku wis gak gelem ngerteni aku Aku ditinggal mulai anakku bayi Temekan saiki aku nguripi anakku dhewe Tanpa ana wong liya sing ngerti keadaanku Takrewangi aku teka ider kripik Dadi pembantu rumah tangga Dadi tukang cuci, kerja ning warungan Terus akhire aku njegur ning lokalisasi iki Sakjane ngono aku ora pingin kerja ngene Hanging piye aku kepeksa Mengko takgawe nguripi anakku karo sekolahe Pancen ora ana sing ngurusi anakku Dadi sembarang aku golek dhewe Tanpa aku emoh ngrepotne wong liya Sak liyane mbahku </Poem><noinclude>{{rh|||49}}</noinclude> i1aoe9wmbgdfu3ce2yfknl1oiu6fg3b Indhèks:Kakawin Ramayana Kawi.pdf 252 26029 81973 2026-06-13T07:59:49Z Gesha Mahendra 1968 Nggawé kaca mawa "" 81973 proofread-index text/x-wiki {{:MediaWiki:Proofreadpage_index_template |Type=book |wikidata_item= |Title=Kakawin Ramayana |Subtitle= |Language=kaw |Volume= |Edition= |Author= |Co-author1= |Co-author2= |Co-author3= |Translator= |Co-translator1= |Co-translator2= |Editor= |Co-editor1= |Co-editor2= |Illustrator= |Publisher= |Address= |Printer= |Year= |Key= |ISBN= |Source=PDF |Image=1 |Progress=X |Pages=<pagelist /> |Volumes= |Remarks= |Notes= |Header= |Footer= }} d2jziolzm6nhojo0lhw4qcjnxobnao6