Wikipedia map_bmswiki https://map-bms.wikipedia.org/wiki/Kaca_Utama MediaWiki 1.46.0-wmf.23 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikipedia Parembugan Wikipedia Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Acara Pembicaraan Acara Tank 0 36413 222278 2026-04-12T18:33:42Z Surya Piston 19880 Created by translating the opening section from the page "[[:en:Special:Redirect/revision/1348290340|Tank]]" 222278 wikitext text/x-wiki '''Tank''' kue kendaraan lapis baja sing dadi senjata utama nggo nyerang neng pertempuran garis ngarep Desain tank kue nyeimbangna kekuatan tembak sing gede,zirah sing perkasa, lan mobilitas pertempuran soale nganggo roda rante lan mesin sing kuat, persenjataan tank kue seringe dipasang neng turet Dheweke dadi andalan angkatan darat lan dadi kunci neng abad 20 lan abad 21 [[File:German_tank_Pz.Kpfw._VI_Ausf._B_"Tiger_II"_(223)_of_the_503rd_heavy_tank_battalion_on_the_streets_of_Budapest_October_1944._(50023567543).jpg|al=German tank Pz.Kpfw. VI Ausf. B "Tiger II" (223) of the 503rd heavy tank battalion on the streets of Budapest October 1944.|jmpl|Tank Jerman [[Tiger II|Pz.]]]] Tank moderen kue kendaraan serbaguna sing senjata utamane kue meriam sing gede,dipasang neng turet sing muter,didukung karo senapan mesin atau senjata jarak adoh liane kaya misil berpemandu anti-tank atau peluncur roket. Dheweke ndue zirah sing abot sing ndadikna dheweke bisa mein keamanan maring kru,amunisi,bahan bakar tank lan sistem propulsi. Dheweke nganggo roda rante daripada roda biasa soale ndue kelebihan neng mobilitas operasional,sing nggawe tank kue bisa tahan neng medan sing angel lan ngerugikna kaya medan berlumpur lan es/salju,luih apik daripada nganggo roda biasa. Ngerahna tank neng perang moderen kue munculna era anyar sing diarani armoured warfare (pertempuran berzirah) Sedurung ana sing arane tank tempur utama,ndisit tank biasane dikategorikna berdasarkan abot e (abot,madya,ringan,tank super abot) atau berdasarkan doktrin e (tank infantri, penjelajah). Ana beberapa tank sing gede lan ndue zirah kandel karo bedil gede,tapi ana juga sing cilik,armor cuil lan dipersenjatakna daning bedil sing cilik. Tank sing kaya kie bisa gerak cepet lan lincah lan bisa digunakna nggo misi pengintaian. Tank sing cilik ora bisa berhadapan karo tank sing gede,kecuali ning nyerang sekang samping atau mburi. 8fdfytrpdcqusm6prunag9red8j5ohz